SELASA LEGI 14 AGUSTUS 2018
Rut
2:1-23
Mazmur
81
Matius
23 : 23-26
EMBUN
ESUK
“Boas banjur kandha karo Rut, “Kowé ora susah
ngasag jewawut ing sawahé wong liya. Ngasaga ing kéné waé…” Rut 2: 8a
Saben wong mesti nduweni “kisah cinta”, mbuh kepiye wae
modele. Ana sing romantis kaya Rama lan Shinta, ana sing digathukne kaya Ishak
lan Ribka, ana sing nggegirisi kaya Yusuf lan Maryam, kui sakperangan crita bab
katresnan neng Kitab Suci. Sakliyane kuwi, crita saknjabane Kitab Suci ya akeh,
ana crita Romeo lan Juliet sing romantic pull, ana crita saka novel Salah
Asuhan, sanadyan ora trena ning ya isa njedul anak’e, ana crita kaya Siti
Nurbaya, durung meneh crita bab tresna bocah-bocah jaman saiki sing lagi wae
kenal semenit wis ngundang Beib,
papa-mama, ayah-bunda, sayang lan
sakpanunggalane, sanadyan bareng bubar ora gelem sapa aruh babar blas. Kabeh kui
jan-jane mung arep ntritakne bab basaning katresnan. Basaning katresnan kui ora
ana sing paling “ideal”, kabeh manut sing ngrasakne lan sing ngakoni.
Crita bab Rut, randa kembang sing seka Moab, banjur melu
mbok mertua menyang negarane mbokne, njur miwiti “Kisah Asmara” neng negarane
mertuane dadi kaca benggalaning urip ing
esuk iki, dinane Selasa Legi, tanggale 14 Agustus, pas dina ulangtaune pramuka.
Apa sing isa dadi pasinaon bab “kisah asmarane” Rut karo Boas? Saka sisih Rut,
dewekne kuwi minangka lambing utawa simbul wong wedok sing lembah manah,
manut,pasrah,setyatuhu lan kabeh kuwi ana dasare, yokui kapercayan sing kliwat
gede karo Gusti Allah’e mertuane. Lho kok Gusti Allahe mertuane?Iya, lha
sakdurunge, Rut kuwi percaya karo sesembahane wong Moab. Dadi Rut nglakoni
samubarang kanthi landesan percaya. Dikon ngsag siap, didawuhi oran pindah
papan yo oye wae. Rut kuwi tulada bab sumarahing urip adedasar pracaya lan
sinartan mbudidaya.
Dene pasinaon saka Boas yokui bab “perhatian”, utawa cara
migatekake. Ngerti ana wong anyar, lan ayu meneh, Boas banjur nggolek sisik
melik, pengen ngerti sejatine wong anyar tur ayu mau. Iki kayane karaktering
wong lanang, nggere nyawang sing bening lan ayu, bingung nggolek info utawa
sisik melik. Sakwise ngerti jatidirining Rut, Boas langsung nyebar jalaning
katresnan. “Boas banjur kandha karo Rut, “Kowé ora susah ngasag jewawut
ing sawahé wong liya. Ngasaga ing kéné waé..” Kuwi basaning katresnan saka Boas. Ana katresnan
sing jujur, ananging kebaking pangati-ati, ora grusa-grusu, ana sopan-santun
sing dirumati dening Boas.
Boas ora meksane kekarepane marang Rut, ning nyuwun
kanti basa sing alus amarga adedasar katresnan. Semono uga Rut, ana pambangun
turut marang Boas , ora crewet lan bawel kaya cah-cah saiki, nuntut kudu
ngene-kudu ngono, kagambarake lumantar nyembah, awit iki tradisi ing jamane Rut
lan Boas, yen jaman saiki, mangga para pamaos sing kagungan cara. Sing baku,
kabeh nduweni cara ngungkapke tresna lumantar basa sing beda-beda. Siji sing
ora bisa dinyang, BASANING KATRESNAN KUWI TUJUAN UTAWA ANCASE KANGGO URIP SING
LUWIH APIK LAN BECIK, ora kanggo rusaking panguripan. Mulane kudu disadari
bebarengan, lanang lan wadok kudu isa
ngemong, dadi pada-pada ngemonge, yen iki wus klakon, mesti uripe kaya neng
swarga, kui jare Lik Ndoleng.
“Lik, sampeyan mbiyen dijodokne
opo nganggo yang-yangan karo mbok cilik?”, Pitakone Dalijo naliko esuk kuwi
arep adus nyang kali kidul ndesa.
“Weh, aku mbiyen
yang-yangan Jo, surat-suratan. Wong ngger aku kirim surat tak selipne gedeg
patrolan nggon prapatan kae gek. Ning karo sing kuwi ora kedadeyan, ambyar…”Wangsulane
Lik Ndoleng karo ngisep 76me.
“Lha brarti mbok cilik
niku sanes yange paklik nggih?”, Dalijo jik takon meneh.
“Crigis Jo, menengo wae,
mbiyen yo mbiyen,saiki yo saiki. Ning aku cintaku 10000 persen karo mbokmu
cilik kui” Lik Ndoleng nutup wangsulane.
Sing baku, ayo pada
mraktekne basaning katresnan kanthi jujur lan tulus.
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar