BENINGE
EMBUN ESUK
SELASA KLIWON (ANGGARA KASIH) 28 AGUSTUS
2018
Nehemya 9
:16-31
Jabur 119
:97-104
Lukas 7
: 11-17
“Nanging para leluhur kawula sami angkuh lan
wangkal. Dhawuh-dhawuh Paduka mboten dipun lampahi. Sami mboten mbangun-turut; kesaénan Paduka dipun supèkaken, mekaten ugi
sedaya mujijat Paduka. Kalayan angkuh sami milih pemimpin, sami kepéngin
wangsul dhateng Mesir, dados réncang tumbasan. Nanging Paduka Allah ingkang
lubèr ing pangapunten, sabar, mahamirah lan welasan. Katresnan Paduka mboten
limrah, ngantos mboten Paduka tégakaken.’ Nehemya 9:16-17
Isin,
kuwi sipat sing makuwon ana ing uriping manungsa waras lan wis diwasa. Isin kuwi
kahanan sing klakon ana ing manungsa nalika rumangsa ana sing ora patut klakon ana
ing kahanan uripe, isa merga perkara sing katon, lan uga sing ora katon. Sing katon
kayata, nalika pas neng saktengahing pasamuan, njur benik klambine ora pas, yen
istilahe wonogiren cangco. Isa uga merga bab utawa kahanan sing ora katon, kaya
ta, ora nepati janjine. Yen ijik nduweni rasa isin, kuwi tegese ijik dadi
lumrahe menungsa, ning yen wis ora duwe rasa isin, watak kamanungsane perlu
ditakokne.
Crita
Kitab Suci neng Nehemya 9, mirunggan neng ayat 16-17, nggambarke kahanan sing
kurang luwih ana gepok senggole karo rasa isin. Nabi Nehemya lagi ndonga, lan
isine pandonga kaya sing katulis neng
nduwur kuwi. Nabi Nehemya sambat utawa wadul karo Gusti, yen leluhure padha ora
nduweni rasa ISIN karo Gusti. Lha lire
kepiye? Lha wong wis ditulungi meh sakuruting laku uripe, dicukupi, diayomi,
dibelani, dituntun lan sakpanunggalane, ananging tetep wae ijik mbalela,muring-muring
utawa misuh-misuh nalika ngrasa rekasa
sithik wae, nggone manembah ora sengkut malah nggawe reca sapi emas njur
disembah. Ananging, kuwi kabeh ora ndadekne Gusti duka, Gusti tetep
mbelani,nyukupi,ngayomi lan nuntun. Gusti ora esmosi njur ngendeg ambegane para
menungsa. Jal yen Gusti njur esmosi, sing ora nurut disetop ambegane, klakon
kukut menungsa saka ing jagad iki!!
Para
sedulur, jan-jane isineng dongane Nabi Nehemya kuwi pas nggo awake dewe kabeh
lho. Kemaki, kuminter,semuci-suci,njaluk’an, ngeyelan, nyepelekne kahanan,ngemehke
liyan,kementhus lan kerep lali karo sih rahmate Gusti, ananging ya tetep wae
kerep randuwe isin. Kok isa? Lha jikwegah dijak makarya Gusti kanthi mirunggan,
nampik timbalane Gusti,kerep nglalekne pangibadah,malah mangun sesembahan liya
kaya ta medsos,hobby,lan liya-liyane. Ananging sanadyan ngono’o tetep wae ora nduwe rasa ISIN, jik seneng nggae proposal
saben eling ndedonga. Kok isa, nalare piye? Jal wae para sedulur ngelingi
isining dongane, mesti persis proposal, isine mung bab PENJALUKAN kabeh, lha
yen ngono kuwi pora yo kudune isin, kaya dene jik duwe utang rung nyaur kok
nembung utang maning.
“Nduk,
Iin….tulung nduk, jalukna 76 neng warunge Yu Tukini, kentek’an “mbako” iki”,
Lik Ndoleng sore kuwi ngakon Nduk Iin nalika lagi santai neng lincak ngarep
jendela.
“lho,
lik, lha sing dek setu nika napa pun dibayar?NIka lho, 76 kalih ler lan ugi
witkopi?”, Dalijo sluluk, nalika Iin meh mangkat.
“Haiyah,
crigis Jo koe gi, iki urusanku, sesuk Tukini tak lirik wae mesti lali utangku!”,
Lik Ndoleng mangsuli. Lan ralet suwe, Nduk Iin teka, nggawa 76 sebungkus karo
raine prembak-prembik.
“Lik,
kula lingsem, isin. Lha wau Yu Tukini meling,omongne neng paklimu Ndoleng,
utange rongler 76 rung dibayar, kok iki wis nembung neh, ngoten Lik”, Nduk Iin
ngomong.
“Lha
rak tenan taa lik…jian NGISIN-ISINI tenan, wis tak elikne lho yoo..kok ya ora
ISIN…”, Clulike Dalijo lan Lim ndoleng sajak kisinan.
Yen karo
menungsa wae isa nduwe rasa ISIN, mosok ora isin karo Gusti. Ayo makarya karo
sadar yen awake dewe iki sejatine ngisin-isini neng ngarsane Gusti. Ning yen wis
pada ra nduweni rasa isin, yo kono…
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar