Rabu, 29 Agustus 2018

TETEG


BENINGE EMBUN ESUK
REBO LEGI 29 AGUSTUS 2018

Yesaya           33 :10-16
Jabur              119 : 97-104
Lukas                         7 :31-35

Wong sing betah yakuwi wong sing nglakoni kabeneran lan sing jujur. Pangwasamu aja kokenggo nganiaya wong miskin lan kowé aja nampani besel. Aja rerukunan karo wong sing ngrerancang gawé pati, utawa piala liyané. Yèn mengkono kowé bakal slamet. Kowé bakal krasa tentrem kaya wong sing ana ing bètèng sentosa. Kowé bakal ora kekurangan pangan lan ombèn-ombèn.” Yesaya 33:15-16


Teteg kuwi isa dipadakne karo wani, ning ya ora sembarang wani, opo meneh yen wanine mung gaco maju, kuwi sing diarani nekad. Teteg kuwi rasa wani sing njedul ana neng pribadining manungsa (sapa wae sing maca tulisan iki) sing didasari pertimbangan sing jian mantep temenan. Kabeh “Aspek” kehidupan dingo tetimbangan sakdurunge nglakoni sakwenehing tumindak. Sing isa nglakoni urip kanthi teteg kuwi biasane isa TATAG njur TUTUG nganti saklawase, ananging yen mung agutan nekad lan tanpa tetimbangan, biasane njur gampang MUTUNG utawa bali ndalan, ora bablas nglakoni panguripan sing wus dipilih. Sipat jujur lan lumaku neng dalaning bebener isa uga njalari tuwuhing sipat teteg , mulane ngapusi yen ana wong jujur ananging jirih, ngaku mlaku neng pranatan ning ora wani tumandang gawe,kuwi kabeh ngapusi.

Wacan Kitab Suci ing dina iki, rebo legi sangaikur agustus rongewu wolulas, mirunggane neng Kitab Yesaya bab 33, memulang bab TETEG kuwi mau. Ngedikane Nabi Yesaya, “Wong sing betah yakuwi wong sing nglakoni kabeneran lan sing jujur. Pangwasamu aja kokenggo nganiaya wong miskin lan kowé aja nampani besel. Aja rerukunan karo wong sing ngrerancang gawé pati, utawa piala liyané. Yèn mengkono kowé bakal slamet. Kowé bakal krasa tentrem kaya wong sing ana ing bètèng sentosa. Kowé bakal ora kekurangan pangan lan ombèn-ombèn.”. Sing kuwat utawa betah ngadepi urip sing sansaya ganas iki sing uripe ana ing kabeneran lan tansah jujur ana ing samubarang kahanan. Jujur kuwi ngakoni ana apane ora “ana apane”,ora sempulitan kokean alesan. Dene sing diarani nglakoni kabeneran kuwi ya uripe manut ing pranatan sing ana, umpamo nerak pranatan kuwi dudu kanggo senenge dewe ning kanggo mitulungi liyan sing jian butuh banget.

“Jo, ngko yen mulih rasah liwat Ndawung yo”, Ujug-ujug Lik Ndoleng semantha karo Dalijo naliko meh balik seka njagong.
“Weh, lha pripun ta lik, lha dalan niku sing paling caket, kula selak ajeng ngumbahi ten lepen”, Nduk I’in langsung nyamber cluluk, merga wedi kesuwen tekane ngomah.
“Liwat kono kuwi cen cedak nduk, ning dalan prapatan kae rada rusak, isa suwiineng kono mengkone”, Lik Ndoleng tetep ngeyel.
“Halahhh, padune  rawani liwat prapatan  Ndawung nggih ta Lik? Amargi mrika kedah ngliwati warunge Yu Tukini, sing wingi ngutang rokok sakpak, kamangka sing rongler yo durung disarutan”, Dalijo ngecipris, kojah melehke Lik Ndoleng.
“Asem, kok ya ngerti wae ta Jooo..jo”, Sambate lik Ndoleng karo raine guprut sajak kisinan.

Yen lumaku bener lan jujur, ara nutupi samubarang, arep liwato ngendi wae tetep teteg, arep ngopo wae mesti siap. Ayo lur, miwiti dina iki kanthi niatan apik, jujur lan lumaku neng bebener.


Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH