Sabtu, 18 Agustus 2018

SANADYAN CILIK KUWI YA APIK


SETU KLIWON 18 AGUSTUS 2018

BENINGE EMBUN
AYUB 13 :1-19
MAZMUR 34 :9-14
MATIUS 25 : 14-30

Wangsulané bendarané: ‘Becik banget, kowé abdi sing becik lan temen. Sarèhné kowé wis ketitik tumemen marang barang sing sethithik, kowé bakal dakpasrahi ngurusi barang sing akèh. Mlebua lan mèlua ngrasakaké kabungahanku” Mat 25:21

Racak’e manungsa kuwi seneng nglakoni samubarang sing gede lan isa ndadekake kawentar. Arang banget manungsa sing gelem nglakoni perkara sing cilik tur ora klebu tumindak sing ndadekne terkenal. Kuwi kabeh merga sejatinya ana neng sajroning ati lan angen-angene manungsa,nduweni pepinginan entuk pangalembana saka piha liyane. Mula saka kuwi. Bab nindakne perkara sing biasa-biasa wae kuwi ora dadi prioritase manungsa, klebu sing maca tulisan iki. Jajal, sapa sing kulina mangkat neng nggreja esuk dewe, njur ngelapi kursi sing bakalane kanggo lungguh sedulur pasamuan, mesti arang ta?Wong mangkat ratelat wae wis kamdullialah… Semono uga, umpamane mbeneri mlaku, njur neng tengah ndalan ana pang garing tiba, ngalangi dalan, arang uga sing gelem nyingkirke, sing ana malah misuh-misuh, mbuh sapa sing dipisuhi.

Nalika Kanjeng Gusti Yesus memulang bab Kratoning Swarga, Gusti nggambarake yen Kratoning Swarga kuwi kaya nglakoni apa wae karsane Gusti. Kanjeng Gusti Yesus ora mirsani gede lan cilik’e, ora mirsani bab terkenal apa orane, sing dipersani yakui bab kaya ngapa tanggepane manungsa karo dawuhe Kanjeng Gusti. Nyepelekne apa ngrumati dawuh kang bisa ugi karan berkah utawa talenta. Sanadyan cilik uatasithik, kaya sing diwulangke neng Matheus 25 ayat 14-30, anggere ditindakne kanthi serius lan tulus iklas, kuwi dadi keparenge Kanjeng Gusti, mula njur dialem, “Becik banget, kowé abdi sing becik lan temen. Sarèhné kowé wis ketitik tumemen marang barang sing sethithik, kowé bakal dakpasrahi ngurusi barang sing akèh. Mlebua lan mèlua ngrasakaké kabungahanku” Gusti ora mbiji akeh sithik’e, nanging mbiji tanggungjawab para kagungane.

Mulane para sedulur, saiki ayo pada niti priksa, awake dewe iki (sing maca tulisan iki lho ya), jan-jane pinaringan dhawuh utawa talenta sepira lan apa wujud’e? Sing ngerti ya mung awake dewe-dewe, liyan babar blas ora ngerti, ning ya kuwi, Gusti luwih pirsa lho ya. Sing baku lur, esuk iki ayo nyepadakne dawuhe Kanjeng Gusti, bab talenta uripe dewe-dewe, njur nglakoni kanthi tanggungjawab, cikben ing tembe, nalika Kanjeng Gusti njaluk pertanggunganjawab seka awake dewe, tinemu becik. Aja pada ndelik nalika tinimbalan, reka-reka rakrungu,raisa,randuwe wektu lansakpanunggalane.

“Jo, sesuk kan dina minggu, aku arep mangkat esuk dewe. Arep ngegekne kopi para majelis” Lik Ndoleng esuk iki karo mlaku mangkat ngarti ngomong karo Dalijo.
“Kan wis ana kostere lik?”, Dalijo mangsuli.
“Orapopo, jare mbahndito, nggawekne kopi kuwi ya klebu pelayanan, mula sanadyan sepele aku meh nglakoni Jo. Kowe barang kuwi, yen maca WA aja mung njempoli, diwaca sing  temen, ben ngerti karepe. Yen maca pulitik karo gusip wae mentheleng, bareng maca pangandikane Gusti rakober, mung njempoli thok thil”, Lik Ndoleng sajak serius njawab wangsulane Dalijo.
Ayo pada nggunakne talenta peparinge Gusti kanti temen lan iklas.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH