Rabu, 22 Agustus 2018

NUNDUNG LARA


REBO WAGE 22 AGUSTUS 2018

BENINGE EMBUN


PURWANING DUMADI 47 :13-26
JABUR 36
LUKAS  4 :38-44

“Panjenengané nuli nyelaki peturoné sing lara mau, banjur ngusir lelarané. Wong mau dadi waras, nuli tangi sanalika lan ngladèni para tamuné.”Lukas  4: 39


Sing jenenge ketundung kuwi kepiye’o wae, ora kepenak. Lho kok ora kepenak kuwi nalare piye? Ketundung kuwi tegese dipeksa ninggal seka papan sing nembe dipanggoni. Sing marakne dadi ora kepenak, babagan dipeksa kuwi, merga yen lunga utawa pindah dewe mesti rasane ya penak-penak wae.  Para pamaos tulisan renungan beninge embun esuk iki, mesti ana sing nate ngrasakne kepiye larane tinundung.

Waosan utawa wacan Kitab Suci dina iki, ngepasi dina kurban, kapethik saka Lukas 4 ayat 39, nyritakne bab Kanjeng Gusti Yesus nundung dhemit sing ndadekne lelara. Neng alam pikire Yahudi, lelara kuwi merga kedunungan dhemit, mula yen ana sing lara, sing kawitan kudu ditundung yakuwi dhemite ben larane ya melu lunga. Dene wewujudane dhemit kuwi maneka warna, opo meneh neng jaman saiki. Dhemit isa memba awujud pelit, iri,srei,drengi sing ndadekna hubungan siji lan sijine rusak. Dhemit isa uga memba neng rasa keminter, pengen menang dewe, kemaki, rumangsa pinter dewe, ngeyel merga rumangsane wong liya bodo kabeh, uga mawujud lumantar sikep nyepelekne liyan. Kuwi kabeh lelaraning manungsa sing tansah ana neng sauruting jaman.

Dhemit sing makuwonneng mertuane Petrus nadadekne ora isa tumindak apa-apa,mula mung ana paturon wae. Njur ditundung lunga karo Kanjeng Gusti. Bubar lunga, njur mertuane Petrus isa makarya,lan pakaryan kuwi leladi marang sapa wae sing cedak karo dewekne.

Seka critane Injil Lukas 4 ayat 39, akeh pasinaon sing isa didadekne paugeraning urip. Sepisan, sanadyan cedak karo wong sing dadi abdine Gusti (kaya mertuane Petrus), ning bab kapanjingan dhemit kuwi isa-isa wae. Mulane sing rumangsa sok aktipis greja, kerep muni babagan karohanen, durung temtu ora kepanjingan dhemit. Kaping pindo, dhemit kuwi kudu ditegasi, mula kudu katundung. Aja diopeni, tundungen lunga ben isa ucul seka pangwasane, dene tandane uculing dhemitkuwi nalika gelem leladi marang sapepada.

“Lik, saiki aku paham lik, ngapa sampeyan saiki rajin rapat  mejelis”, Dalijo ujug-ujug nyaruwe Lik Ndoleng nalika lagi nonton renang wedon neng esiengem.
“Apa sing mbok ngerteni Jo?”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Ben ora diarani kepanjingan dhemit, merga yen kepanjingan dhemit kuwi ora gelem leladi”, Dalijo nyauri karo menthelengi atlik Korea sing putih mlenuh cecawis lomba renang.
“Jo, cen wasis kowe kuwi, ning menenga wae, kuwi sawangen perenang Korea kuwi, aku wareg ramadang setahun yen ditunggoni sing kaya kuwi”, Lik Ndoleng semaur karo ngewaske tipi.
“Nah..nduk Inah, kopine ndukkkk….!”, Pambengok’e Lik Ndoleng ngundang Nduk Inah kon nggawekne kopi.

Para sedulur, ayo pada nyadari yen sejatine jik akeh dhemit sing dumunung neng awake dewe. Rapaercaya? Iki sing maos njur mbesengut, kuwi tegese jik dikendaleni dhemit kenesonan..hehe

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH