Sabtu, 11 Agustus 2018

TATAG, TETEG TEKAN TUTUG


SETU PON 11 AGUSTUS 2018
BENINGE EMBUM ESUK
1 Raja-raja 2:1-9
Mazmur 34 :1-8
Matius 23 :1-12

 “Aku iki bakal lunga ngliwati dalane samubarang kabeh kang ora langgeng, mulane atimu disantosa lan tumindaka kaya wong lanang” Para Raja 2 : 2

Kabeh wis tahu ngrasakne apa kuwi sing diarani weling utawa piweling. Jarwadasa seka tembung weling yokui disuwelne (disimpen) banjur dieling-eling. Mula saka kuwi, weling kuwi samubarang sing wus kawuri, utawa sing wus kelakon.  Dene ancas utawa tujuane weling yokui supayane sing diweling kui isa tumindak kanthi luwih ngati-ati lan waspada. Lumantar weling kui sejatine bisa uga dimangerteni minangka tanda tresna, amarga yen ora tresna mokal yen gelem nitip weling.

Weling uga nduweni ancas, cikben apa wae sing bakal digayuh bisa klakon nganti purna. Anane weling kuwi amarga ana rasa kuwatir babagan lakuning urip sing ara sithik panggoda sing bakal ngiringi lakuning manungsa. Sakwuse diweling, banjur ana pangati-ati sing kuwih gede, sakmengkone bisa dadi daya panguripan sing ndadegne sapa bae bisa tatag, njur isa teteg nganti tumekaning tutug, kaya judul tulisan iki neng nduwur kui.

Bab piweling kui nate katidakake dening Prabu Dawud, nalika nyedaki tinimbalan. Putra kinasihe yaokui Soleman diwelingi samubarang kabeh bab urip lan panguripan, ancase ya supaya sakmengkone Soleman isa ngadepi urip nganti tutug lan uga kanthi teteg. Minangka wongtuwa, Dawud ngrumangsani nduweni tanggungjawab sing ora cilik babagan anak’e, mula cikben sakpungkure dewekne anake isa urip kanthi prayoga, Dawud meling anak’e. isining piwelinge Dawud marang anak’e kui supaya Soleman isa tumindak diwasa kaya wong lanang, tegese tanggungjawab lan ora ingah-ingih utawa igras-igris.

Pasinaon sing bisa awake dewe jupuk saka andhanran iki paling ora ana rong perkara. Siji kanggone wong tua, aja kesel lan bosen anggone memulang marang anak, lan piwulang kui isa lumantar piweling, dene tumrap para bocah utawa anak, tampanen kanthi bungah sakwernaning piweling saka wongtuwamu, kuwi minangka tanda tresnane wong tuwa marang anak-anak’e.

“Lha yen aku diweling kon ngati-ati karo mbokmu cilik kuwi karepe piyeJo?”, Paklik Ndoleng jik takon karo ponak’ane sing aran Dalijo.

“Yen kui merga sampeyan kerep nglirik randa lor kali Lik, sing omahe cedak prapatan”, Wangsulane Dalijo karo mesem.

“Oooo..bocah..kui wis jaman kawuri, jaman mbiyen, saiki yo jik kadangkala eling ding Jo”, Wangsulane Paklik Ndoleng.

Mulane ayo ngadepi urip iki kanthi setya tuhu marang kabecikan, supaya isa tatag, teteg lan nganthi tutug.


Mbah’e


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH