Sabtu, 25 Agustus 2018

NYEPION


BENINGE EMBUN ESUK
SETU PAHING 25 AGUSTUS 2018

Yusak 22: 21-34
Jabur 34 : 15-22
Matius 1 :1-16,18-23

“Dadi saka Bapak Abraham tekan Prabu Dawud, kabèh ana patbelas turunan, saka Prabu Dawud tekan jaman pembuwangan menyang tanah Babil ana patbelas turunan. Semono uga saka jaman pembuwangan menyang tanah Babil tekan wiyosé Sang Kristus ana patbelas turunan. “ Matheus 1:17

Saben kendaraan bermotor, mbuh kuwi roda loro,telu, papat lan sakteruse, mesti ana perlengkapane kang karan  spion, menawa  ilat jawa mesti unine sepion. Alat iki fungsine kanggo nyawang arah mburi, kanggo mengerteni kahanane. Tujuanne, supaya luwih waspada lan ngati-ati nalika meh menggok utawa nyalip kendaraan sing ana ngarepe. Sing jenenge migunaake spion uatawa sepion iki ora terus-terusan,ananging mung kala-kala wae, merga yen nalika lagi nyopiri kendaraan mung nyawang sepion wae kuwi isa mbebayani, isa nubruk kendaraan sing ana ngarepe, ananging yen ora nyawang sepion nalika meh menggok utawa nyalib, ya isa ndrawasi. Lumantar nyawang sepion, tegese isa nyawang sing ana mburi, kaya ngapa kahanane, sing paling krasa nalika parker utawa nyetir arah mundur, tinimbang awak mengo mburi marak’e tengeng, aluwung nyawang sepion utawa nyepion. Dadi isa disimpulke, yen NYEPION kuwi ya banget dibutuhke.

Waosan Kitab suci ing dina iki, setu pahing selawe agustus rongewu wolulas, sing seka Injil Matheus, ngajak awake dewe NYEPION. Lho nalare kepriye? Crita ing Injil Matheus bab 1 ayat 1-16 lan 18-23 ngandarake silsilah utawa leluhure Kanjeng Gusti Yesus Kristus. Ing kana dicritakae kanthi gamblang lan ora ana sing ditutup-tutupi. Silsilah utawa leluhure Kanjeng Gusti Yesus Kristus kuwi saka maneka warna trah lan yen disawang kanthi permana, ora kabeh karan  “trah priyayi”. Tegese, Gusti ngersakke sapa wae dadi pilihane minganka leluhure lan iki uga ngemu suraos utawa piwulang, kabeh menungsa (sing dudu menungsa aman iki) kudu siap, sumadya yen kakersakake dadi pirantine Gusti. Sakliyane kuwi, lumantar ayat neng Matheus  iki, awake dewe ora usah cilik ati menawa NYEPION urip sing kawuri, njur ing kono katon sing ala utawa sing ora pantes. Gusti ora nguthik-uthik bab kuwi, Gusti ngersakake nyawang mengarep kanggo ancas pakaryane klakon kabeh. Mulane kuwi, bab nyepion utawa nyawang urip sing kawuri kuwi kudu nuwuhke paedah, ben isa mawas diri lan nuwuhke sikep pamaturnuwun karo Gusti, awit sanadyan ana lelakon sing mbiyen ala kuwi tetep diagem Gusti kanggo pakaryane.

“Kang Dal, kowe po iyo sok ijik kelingan karo “si dia”, sing saiki neng njakarta?”, Cluluk’e nduk Inah naliko kerja bekti neng nggrejasore kuwi.
“Yen kangmu Dalijo kuwi ora mung kelingan nduk, malah ngeling-eling. Kuwi malah  senengane nyepion wae gek”, Ujug-ujug lik Ndoleng mangsuli  sakdurunge Dalijo mangsuli.
“Halahhh, sampeyan yo ngono lho lik, ngger mangkat neng “sawah” mesti ngliwati ngarep mae Yu Wasti sing lemu ginuk-ginuk, njur rekak-rekak’e watuk lan singsot-singsot”, Dalijo mangsuli sajak kisinan merga diolok-olok Nduk Iin..
“Crigis Jo, sing miwiti nduk Iin kok malah ngoso aku ki payee?”, Lik Ndoleng  yo sewot.
“Wis…wis,,,mpun.mpun..niki kopine pun siap. Sing pait nggo kowe kang Dal”, Wangsulane Nduk Iin.

Malku nyang ngarep kuwi, kepiye’o wae butuh nyepion ananinging yen mung nyawang sepion wae, isa marahi bahaya. Ayo pada makarya, sinartan eling yen ing jaman mbiyen uripe dewe iki yo kebak dosa, ning ora dianggep dening Gusti.

Mbah’e



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH