Rabu, 08 Agustus 2018

NYAMBUT GAWE


REBO KLIWON, 8 AGUSTUS RONGEWU WOLULAS


BENINGE EMBUN
Yesaya 55:1-9
Jabur 133:1-3,33-43
Matheus 20;1-6a


“Kratoné Allah kuwi kena diupamakaké wong duwé kebon anggur. Ing wayah ésuk wong mau metu golèk buruh kanggo nggarap keboné anggur” Matheus 20:1

Kabeh agama  kui mesti ngrembug babagan swarga. Ana-ana wae piwulang bab kratoning swarga iku. Ana sing  getung  kaya bakulan, yen kulake elek luih sithik tinimbang tumindake apik, kui isa dingga modal mlebu swarga, ana sing mulangke bab urip sing ora nduweni pepinginan, mula njur diarani NIRWANA, kui sing karan swarga.

Dene greja utawa wong Kristen ya nduweni piwulang bab swarga, dene piwulange Bab endi sing bener lan pener, kabeh gumantung karo Sing Ngecet Lombok, yo pora lik?  Wong kabeh ya mung menut saka piwulang, durung tau ana sing plesiran nyang swarga njur balik neng ndonya maneh.
Yen kabeh agama due piwulang bab Swarga, mulane Kristen ya nduweni. Tumrap agama Kristen, swarga kui nalika percaya karo Kanjeng Gusti Yesus, njur urip kanthi nglakoni kabeh piwulang  lan patuladane.

Njur apa ta piwulang lan patuladane Kanjeng Gusti Yesus kui? Neng nduwur kui ana cuplikan ayat, sing ngandarake kepriye murih manungsa isa lumebu menyang kratoning swarga, yokui nalika manungsa gelem disambat Kanjeng Gusti Yesus kanggo NYAMBUT GAWE. Yen gelem disambat (dijak nyambut gawe) kui sing bakale entuk ganjaran. Dene ganjaran kui sing nemtokne Kanjeng Gusti Yesus, sing kagungan gawean. Awake dewe ora isa ngukur opahe, sanadya pintere kaya malaekat, awake dewe ora nduweni hak mbiji lan ngetung ganjaran gaweane awake dewe. Pokok’e tugase awake dewe mingka manungsa iki mung nyambut gawe.

Kayane bab nyambut gawe iki jumbuh karo slogane Pakde Presiden, yokui kerja..kerja..kerja lan kerja. Mulane, ing wanci esuk iki, ayo pada sengkut miwiti panyambutgawe manut karo peparinge Gusti. Sing macul yon dang macul, sing bakulan yo gek ndang nggelar dasaran, sing mulang yo gek ndang nyawiske bahan wulangane, sing nyopir yo gek kono manasi kendarakane, sing gaweane ngeterke anak bojo mangkat sekolah lan blanja, yo gek kono dilakoni.

Sing baku, kabeh kudu dilakoni kanthi bungah, adedasar yen pakaryane awake dewe iki peparinge Kanjeng Gusti Yesus. Ora ana sing luih asor lan misuwur, jer awake dewe iki mung bau konkoknan.
“Lha sing rung kerja piye lik?”, Dalijo ndadak takon..
“Turu kui ya panggawean Jo, mula ya balio Turu meneh wae”..Dijawab Paklik Ndoleng..

Wis, ayo makarya minangka srana atur panuwun kita merga wis diparingi Kratoning Swarga, manut piwulange Kanjeng Gusti Yesus Kristus.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH