Senin, 31 Januari 2022

NDHISIKAKE

 

Senen Pahing 31 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 17 : 8-16

Jabur 56

1 Korinta 2 : 6-16

Pangandikané Élia, “Aja kuwatir, aku gawèkna roti saemplokan dhisik nganggo glepung lan lenga kuwi, banjur gawanen mréné. Sawisé kuwi gawéa kanggo kowé lan anakmu. Merga Pangéran, Allah sing dibektèni déning wong Israèl, ngandika yèn glepung ing wadhah kuwi bakal ora entèk-entèk lan lenga ing botol kuwi bakal ora kalong nganti Allah paring udan ing bumi.”

1 Para Raja 17 : 13-14

 

Tembung NDHISIKAKE kuwi linggane “dhisik”, kang nduweni arti samubarang kang ana ing ngarep. Mulane tembung NDISIKAKE kuwi tegese ngupadi kanthi sadar kanggo mapanake samubarang ana ing ngarep. Cikben luwih gampang mangerteni tembung NDHISIKAKE, apik yen tak gawe ukara kang mawa tembung kuwi. “Kang Markun NDHISIKAKE ngeterke mulih Yu Wasti, merga wedi dijarak dening Lik Ndoleng”, ing ukara kuwi ngemu teges yen Kang Markun mapanake wektu ngeterake mulih Yu Wasti luwih Ndhisik, tinimbang ayahan liyane. Bab NDHISIKAKE kuwi penting banget kanggo lakuning urip percaya, merga ing kana isa disawang, endi kang didhidikake lan endi kang dikerekake (dipapanake ing mburi )

 

Nan crita neng kitab suci bab ayahan NDHISIKAKE, yakuwi ayahane mbok randha ing Sarfat (rasah dotakon sapa jenenge, jik enom apa wis sepuh, merga aku ya durung kober kenalan…hehe). Nalika kuwi ana pageblug kang nggegirisi lan ndadekne okeh wong kapiran ora ana panganan. Nalika cawisane panganan kari kanggo sedina dipangan karo anake, ndelalah kok malah ana sing teka,butuh tur ya njaluk. Sing tambah mbingungake, dayoh sing teka lan njaluk didihisikae digawekne panganan. Lha kuwi ndadekne mbok randa mikir, “Iki anawong aneh, ngerti kahanan kaya mengkene, lha kok malah njaluk panganan tur yak on NDHISIKAKE menehi, njur turahane kanggo dewekne lan anake. Sing marakne nrenyuhake, kuwi cawisan panganan kang pungkasan.

 

Sakwise wawanpangandikan karo dayohe, sing jebule nabi Elia si abdine Gusti Allah, mbok randa njur manut. Sanadyan pikirne campur-bawur, ananging merga kang kudu dilakoni kuwi kersane Gusti (dudu karepe dewe), mula ya dilakoni kanthi serius. mbok randa wis sumadya NDHISIKAKE apa kang dadi kersane Gusti lumantar abdine kang kinaranan Elia kuwi. Babagan butuhe dewe, dikiwakake ndhisik. Sing kudu dimangerteni, sakjroning nampa ayahan kuwi mbok randa wis diwenehi ngerti, menawa sakwise menehi butuhe nabi Elia kang awujud roti sakemplokan utawa sakwaregan kuwi, kabeh butuhe urip karo anake arep dicukupi nganti pagebluge rampung.

 

Kapercayane mbok randa sansaya kuwat, nur nglakoni apa kang didhawuhake Gusti, yakuwi NDHISIKAKE butuhe nabi Elia. Lan bener, sakwise kuwi  kabeh butuhe urip tekan rampunge pageblug cukup. Kabeh mujijat kuwi dialami dening mbok randa amarga wani NDHISIKAKE butuhe Gusti tinimbang butuh lan mareme dewe.

 

Meh kabeh menungsa nate ngalami kahanan kaya nabi Elia lan  Mbok Randa, yakwui kahanan kang rumit,abot lan medeni. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi mesti anane mung sambat lan ngungsi marang Gusti. Ndilalah, dalane Gusti kuwi mesti ora tinemu nalar babarblas (yen tinemu nalar malah dudu Gusti maning son..). Lha lire kepiye? Lha neng ngisrael pora okeh sing sugih panganan, lan uga kena apa ndadak kudu mbok Randa kang sarwa winates kanggo nulungi nabi Elia? Okeh banget, ananging Gusti kersa mranata kahanan cikben menungsa isa ngrasa lan nyawang pangwasane. Ing jaman saiki kahanan kaya nabi Elia lan mbok Randa kuwi ya okeh, malah tansah ana ing sakkiwa tengene urip iki. Mung wae, isa maca sasmita apa ora kuwi kang dadi masalahe, yen isa mesti wani nuladha lakuning iman mbok Randa, NDHISIKAKE kersane Gusti.

 

“Bo, yen nyimak BENINGE EMBUN ESUK sing dianggit mbahe kuwi, aku kerep nggumun setahun, njembleng serendheng. Lha mesti mujijate Gusti kuwi lumakune ora tinemu nalar” Unine Lik Ndoleng nalika jagongan neng Lincak Cakruk Sor Talok.

“Ya pancen kudu ngono Leng. Kaya critane mbok Randa saka Sarfat, lah Gusti kok ya tegel-tegele ngutus sing ringkih kango tetulung, pora okeh wong sugih neng ngisrael? Ananging sing dienggo malah sing winates, merga sing winates kuwi pasrahe marang Gusti satuspersen, yen sing mubra-mubru durung mesti, luwih percaya karo bandane tinimbang karo Gusti” Kang Solebo menehi sesorah marang Lik Ndoleng.

“Leng, kira-kira randane saka Sarfat kuwi jik kinyis-kinyis pora ya?” Takone Senthot sinambi mangan kacang godog.

“Ajeggg Thot, cen cah thukmis..pikiranmu mung kuwiii wae…!” Sentake Lik Ndoleng.

“Kang Ndoleng, sakumpama saiki aku butuh sapimu, aku njaluk oleh ra?” Takone Kyai Kento.

“Weh, lha kok penak temen To, lehku ngopeni rekasane ngeram kok meh mbok jaluk..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Lha, sanadyan njenengan jare beriman, ananging jik raket karo bandamu, mula mujijate Gusti ya mung winates karo sing mbok pikirake..” Semaure Kyai Kento.

“Yen sing njaluk Wasti, mbok wenehke ya Kang?” Takone Kyai Gigut.

“Lambemu Gut!”...Lik Ndoleng sajak piye ngono.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH