Senin, 17 Januari 2022

MOMOT

 

Senen Pon 17 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 54 : 1-8

Jabur 145

Rum 12 : 9-21

“Apa saduwèkmu tanjakna kanggo mitulungi para sedulurmu sing padha kesrakat, lan padha dhangana awèh panginepan marang wong neneka. Wong sing padha nguya-uya marang kowé padha suwunna berkah marang Gusti Allah; ya suwunna berkah, aja koksuwunaké laknat.       Rum 12 : 13-14

MOMOT, kuwi tembung padinan kang sejtine meh kabeh wong ngerti tegese, yakuwi kahanan kang isa nyangga utawa nampa sepira wae abot lan okehe. MOMOT kuwi kahanan kang nggambarake kekuwatan lan kesanggeman. Kena dingo nggampangake cikben dingerteni, iki kaya kahanan papan panggonan nalika dirancang kanggo acara, mesti ana sing takon “Lha panggonane isa MOMOT pirang wong?”. Saka conto tembung iki mestine para pamaos sansaya dong bab tembung MOMOT. Dene kahanan MOMOT dewe isa dadi rong perkara, MOMOT aktif yakuwi MOMOT kabeh sanggan kanthi  mikir kahanane, lan uga MOMOT pasif kang nampa sakabehe sanggan tanpa mikir kahanane.

Piwulange kitab suci lumantar surate rasul Paulus marang pasamuan ing Rum bab 12 memulang bab kahanan para kagungane Gusti bab MOMOT. Manut rasul Paulus, pasamuan kudu wani tetulung marang liyan lumantar sabarang kang diduweni, ora mikir kahanane dewe meneh, tetulung marang kang kesrakat ing samubarang. Sakliyane kuwi rasul Paulus uga paring dhawuh cikben pasamuan ora ngrumati tatu lan laraning ati, sanadyan dikuya-kuya lan digething ananging kudu ndongakake lan nyuwunake berkah marang Gusti. Intine Gusti Allah lumantar rasul Paulus ndhawuhi sapa wae kang percaya marang Gusti Yesus cikben nduweni “spiritualitas” MOMOT, kang saguh nyangga sakabehing kahanane uriping liyan lan uga ndongakne lan nyuwunake berkah marang Gusti kanggo liyan, sanadyan liyan kuwi nguya-uya uripe.

Apa kang dikersakne Gusti kuwi kudu dadi lakuning urip, ora mung lamis ana ing tembung lan guneman. Yen mung winates neng tembung wae, meh kabeh sing maca tulisan iki takkira wis nglakoni, ananging nalika tumeka ing tataran lakuning urip, sithik sing wani ngliwati dalan urip kang MOMOT. Sakdawane jaman iki kahanan urip Lamis kuwi okehe ngeram, lan menungsa kuwi “sangat berbakat” yen kon ngayahi  urip kang kaya mengkono kuwi. Ora sithik sing maca tulisan iki sregepe ngeram neng kegiyatan-kegiyatan karohanen, dadi aktipis malah kepara dadi pejabat karohanen, ananging sithik sing gelem nglakoni lakuning urip MOMOT. Seneng muni bab tresna ananging wegah kon nindakne lakuning urip kang nresnani manut kersane Gusti.

Mula saka kuwi para sedulur, payo netepi kersane Gusti kanggo ngayahi lakuning urip kang MOMOT.Sanadyan digething ya aja males kanthi gething, aja seneng marang sengsarane liyan, ananging wenehana pitulungan marang sapa wae kang nembe kesrakat. Aja mung seneng ngungel tresna ananging babarblas ora gelem nindakne lakuning urip kang kebak ing welas-asih, payo nata urip iki cikben manut kersane Gusti yakuwi sumadya MOMOT, nampung kabeh pasambate liyan, aja malah seneng lan bungah nalika liyan kesrakat. Berkah sing Gusti paringake awujud apa wae kuwi gunakna kanggo tetulung, aja malah mbok enggo nindhes liyan. Lan menawa ana sing maca tulisan iki nembe sinengit dening liyan, nembe dikuya-kuya, nembe disingkirake, aja diwales kahanan kang padha ananging ndang dongakna lan suwunna berkah marang Gusti Allah.

“Jo, kok sliramu anteng-anteng wae nalika nangka nggon tegalmu dimaling, kamangka kabeh ngerti sapa sing njupuk?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Kanggoku ora ana maling Lik, ora ana wong ala, kuwi mung wong kang butuh ananging ora kober nembung wae” Wangsulane Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Wah yen aku kuwi tetep maling lan kudu diwenehi ukuman Jo..” Lik Ndoleng sajak tetep ora trima karo prinsipe Dalijo.

“Yen pola pikire awake dewe tetep salah-diukum, ora bakalan nentremake jagad Lik. Urip iki kudu MOMOT, kaya piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK kuwi. Malah aku ndongakne sing opek nangkaku tansah binerkahan dening Gusti. Paukuman kuwi dudu piwulange Gusti, sanadyan nganggo tembung apa wae, yen tetep ana ukuman kuwi dudu pendereke Gusti” Semaure Dalijo meneh.

“Yen aku mathuk karo penemune Dalijo Leng, sanadyan abot pancen urip kudu kaya mengkono kuwi” Senthot melu sarujuk karo pola pikire Dalijo.

“Aku ya cocot opss…cocok karo penemune Dalijo Kang Ndoleng..apik tenan sanadyan abot” Kyai Gigut melu urun penemu.

“Aku semono uga Leng, ora mathuk karo penemumu” Kang Solebo ya sarujuk karo penemune Dalijo.

“Yen kabeh setuju karo penemune Dalijo, ayo dilakoni,aja mung winates neng rembug..ayo nglakoni urip kang MOMOT cikben jagad iki kebak ing kahanan welas-asih lan tentrem raayu” Ngendikane Kyai Kento sinambi mbukak gudanguyahe sing sajak anyar.

“Yen paklik mesti angel ndongakne bahagiane Kang Markun mbek Yu Wasti, brarti durung MOMOT..jik sempit..hehe”Unine Iin sinambi nyuguhake kopi lan kacang godog.

“Jindul…malah ngroyok aku kabeh, sirku mbelani awakmu Jo, malah remukk..Jrettt!”Unine Lik Ndoleng.

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH