Sabtu, 29 Januari 2022

NYEPELEKNE

 

Setu Kliwon 29 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 36 : 11-21

Jabur 76 : 1-6

Yokanan 1 : 43-51

Nanging Natanaèl mangsuli: “Saka Nasarèt apa ana barang sing becik?” Wangsulané Filipus: “Wis ta, delengen dhéwé.”

Yokanan 1 : 46

 

Jejer ing ndhuwur wis nate dienggo, nalika dina Senen Pon pitulikur april rongewu rongpuluh. Merga BENINGE EMBUN ESUK ngupadi konsisten karo jejer sing mung sak tembung, mula bakalan ana jejer kanthi tembung kang padha, sanadyan tetep beda kang dadi wosing ukara. Mbokmenawa yen para maos jik eling karo tembung NYEPELEKNE, mula ora arep takbaleni maneh, sing cetha aku minangka sing nulis tulisan iki yakin mbolokin satus persen pul, yen kabeh wis pirsa karo artine tembung kuwi. Lan mbokmenawa ana sing durung pirsa, isa sambat karo “eyang gugel”, mesti diwenehi ngerti.

 

Meh kabeh sing maca tulisan iki nate ngayahi ayahan NYEPELEKNE, mbuh kuwi disengaja utawa ora disengaja, mbuh kuwi merga emosi utawa merga pancen watake seneng NYEPELEKNE.Oiya, tembung NYEPELEKNE kuwi nduwe kembaran utawa sedulur tunggal wadah, yakuwi Ngremehake. Merga watak lan tumindak NYEPELEKNE kuwi sinunge marang wong dosa, mula saka jaman kawitan tekan saiki lan mbesuk, mesti tansah bakalan kelakon. Iki cetha nalika neng kitab suci ya nate ana sing tinulis nglakoni ayahan iki, yakuwi NYEPELEKNE. Lha sapa sing nglakoni kuwi? Mesti wong sing ora cedak karo Gusti ya? Wealah, dudu, malah sing ahli kitab suci, yakuwi Natanael. Saka jeneng wae wis cetha yen wong tuane klebu piyayi soleh, amarga jeneng kuwi tegese “Hadiah Saka Gusti Allah”. Lan uga, merga seneng sinau kitab suci, mulane Natanel ngerti pamecane, lan ing kitab suci ana sing nate tumindak NYEPELEKNE. Lha sapa utawa apa kang disepelekne? Kuwi tlatah Nasaret, wewengkon asalmulane Gusti Yesus.

 

Anane Natanael NYEPELEKNE Nasaret kuwi ora kabeh lupute dewe, kuwi merga dewekne entuk inpormasi , dene inpormasine malah saka kitab suci. Dadi wong jamane Natanael kuwi meh kabeh NYEPELEKNE kutha (desa) Nasaret ora merga nduweni pengalaman dewe, mung jarening kandha lan malah lwi  ngedab-edabi, yakuwi saka kitab suci. Pancen saka jaman kuna-makuna, Nasaret kuwi kaasorake, mung daerah ciut lan pancen ora ana kang isa diagul-agulake, mula ya memper yen njur disepelene, diremehake. Mula nalika kancane mincing kang kinaranan Pilipus menehi ngerti yen Sang Mesih (Mesias) wus rawuh lan kuwi saka tlatah Nasaret, Natanael blas ora ngreken, malah sansaya mumbul anggone NYEPELEKNE. “Saka Nasaret apa ana sing becik?” Pitakonan sinis kuwi diungelake dening Natanael.Oiya, takbaleni meneh, Natanael kuwi jebule klebu penggedene agama Yahudi, mula katam kitab suci, mirunggane toret.

Sakwise dipeksa Pilipus kanggo kepethuk Gusti dewe, njur Natanel malik grembyang, sing maune NYEPELEKNE dadi memuji marang Gusti.

 

Babagan NYEPELEKNE kuwi ing jaman saiki ya ijik okehe ngeram, jare sedulur wonogiren sisih kulon kidul kinaranan “mblader” utawa “nggladeg” kanggo nggambarake saking okehe. Lan mbokmenawa sing maca tulisan iki ya ana sing nate ngayahi ayahan NYEPELEKNE, mangga sami sinau saking Natanael. Oiya ding, sing njur arep nesu lan mbanting hape ya oleh lho nggih..hehe. Sing penting, payo saiki nuladha utawa niru lelakon uripe Natanael, wani methuki Gusti Yesus dewe, ora mung jare kana lan kene. Lan nalika wis jian bener-bener pethuk karo Gusti Yesus, aja isin ngakoni yen pancen Sang Mesih kuwi saka Nasaret. Wis semene ndisik, aku arep melu jagongan neng Cakruk Sor Talok, sajak ramene ngeram.

 

“Jo, saiki kari awakmu, kabeh wis nduweni penemu, apa sliramu percaya yen mengko tekan titi mangsane desane dewe iki arep makmur?” Takone Kyai Kento.

“Haiyah, Dalijo meneh nduwenana penemu, wong mung cah kancane mung pacul lan arit” Unine Lik Ndoleng.

“Menenga Leng, aja kokean crigis..” Sentake Senthot.

“Halah..bukkk..klepuk yen desane dewe isa maju..” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Jindul, menenga Leng…tak sampluk seketan ewu meneng kowe mengko” Senthot sajak sansaya erosi.

“Piye Jo, awakmu percaya pora yen desane dewe bakalan maju?” Takone Kang Solebo lan Kyai Gigut sajak bebarengan.

“Weh, yen aku kuwi tansah percaya yen kabeh kuwi tinitahake kanggo kabecikan. Yen saiki durung kuwi mung masalah wektu..mula ya percaya wae, sangtuspersenpul percaya..”Wangsulane Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Aku ya percaya yen kabeh dikersakne Gusti apik, mung siji sing ora..”Iin melu urun rembug.

“Apa kuwi nduk?” Takone Lik Yoto Petuh sing nembe nggabung.

“Rapercaya yen Paklik Ndoleng isa nyanding Yu Wasti. Iki ora ateges NYEPELEKNE, ananging kasunyatan lan kahanan..” Semaure Iin lan banjur bablas mlebu pawon.

“Trondoloooo..bocah siji kuwiii..Dusssss!!!” Sambate Lik Ndoleng.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH