Sabtu, 08 Januari 2022

PIRANTI

 

Setu Legi 8 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 2 : 24-49

Jabur 72

Efesus 5 : 15-20

Atur wangsulané Dhanièl, “Dhuh Sang Prabu, mboten wonten ahli ngèlmu, dhukun, tukang ngramal lan ahli nujum ingkang saged ngaturi uninga dhateng Panjenenganipun Sang Prabu bab prekawis menika. Nanging wonten Allah ing swarga ingkang mbikak prekawis-prekawis ingkang winados. Inggih Allah menika ingkang paring pirsa dhateng Panjenenganipun Sang Prabu bab menapa ingkang mbénjing badhé kelampahan. Samenika keparenga kula ngaturi pirsa supena ingkang Panjenengan pirsani ing salebetipun saré.

Dhaniel 2: 27-28

 

Kang kinaranan PIRANTI kuwi kayata pacul, arit, ember, sapu lan liya-lyane. Dene tegese tembung PIRANTI, yakuwi samubarang kang nembe ana makna utawa arine nalika digunakne. Ing kahanan lawaran PIRANTI kuwi babarblas ora ana gunani,  yen ta ana ya ora mungguh babarblas. Pokok’e PIRANTI kuwi isane mungguh utawa migunani nalika digunakne, dene sing nggunake ya menungsa. Mula nalika nganggo nalar kang kaya mengkene iki, PIRANTI kuwi ora nduweni kwasa blas kanggo nampa kamulyan apameneh pangalembana. Mosok nalika nyawang sawah ijo royo-royo lan subur dalah aose ngeram njur matur nuwune karo pacul utawa traktore? Hehe..

Neng kitab Dhaniel ana piwulang suci kang apike ngeram kanggo pasinaon sapa wae sing gelem sinau, sing ragelem sinau mesti ora nggagas blas. Piwulang suka kitab Dhaniel kuwi bab PIRANTI. Nalika kuwi raja ing Babel kinaranan Nebukadnezar bubar ngwasani bangsa ngisrael lan okeh sing diboyong neng Babel minangka budak. salah sijine Dhaniel. Nalika semana ndelalah raja Nebikadnezar ngimpi. Jan-jane ya lumrah wae wong kuwi ngimpi, ananging ngimpi iki ndadekne raja ing babel kuwi “galau abis”, njur bingung koming nggolek wong sing isa napsirake artine impen kuwi. Okeh ahli impen sing wis disambati,ananging ing rasane Nebukadnezar blas durung marem.

Ing kahanan bingung koming kaya mengkono kuwi, njur ana sing crita yen ana sawijining budak kang wasis meca bab impen, njur diladekne menyang ngarsane Nebukadnezar. Nalika takon marang Dhaniel, apa isa ngartekne impen, Dhaniel mangsuli yen dewekne ora isa, merga mung titah lumrah. Isane meca bab impen kuwi dening Dhaniel diyakini merga mung pitulungane Gusti Allah, dewekne mung sakderma PIRANTI. Mulane nalika Dhaniel isa ngartekne impene Nebukadnezar, kuwi ora ndadekne kumlungkung, sombong, kemaki,kumenthus lan kabeh patraping urip kang ora dadi kersane Gusti. Dhaniel ngrumangsani mung minangka PIRANTI.

Ing jaman saiki sejatine ora sithik menungsa winasis, mung padha wegah pamer wae. Ananging sing sejatine ora winasis malah sok-sokn winasis, macak kaya wong pinter-pintera wae, ananging ya ben wae, kuwi pilihan uripe. Sing ya ora sithik kuwi bab menungsa sing hora ngrumangsani mung minangka PIRANTI, mula okeh sing mendem alem, mabuk entuk umuk lang kumlungkung nampa dhemung. Yen ana sing maca tulisan iki njur ngayahi sing kaya tinulis ing ndhuwur, ndang eling, merga menungsa iki mung PIRANTI. Yen isa sugih, elinga yen mung PIRANTI lan njajal noleha kiwa-tengen, okeh sing kapiran,okeh sing butuh pitulungan. Aja mung numpuk bandha lan kokean gaya pamer kadonyan, kuwi kabeh mung sampiran amarga pinilih dadi PIRANTI dening Gusti. Wis semene ndisik andharane, meh nYUSUl neng Sor Talok, kayane okeh sing nggabung saiki.

“Yen manut penemuku, sugih kuwi oleh wae lho Lur, mosok wong ora oleh sugih” Lik Ndoleng miwiti rembugan bab piwulange Gusti.

“Pancen oleh lho Leng, sapa sing menggak wong kuwi isa sugih?” Takone Kang Gigut sing saiki gelem kliyeng-kliyeng dolan, ora mung ngempeng neng ngomah wae.

“Mung wae, yen sugih utawa isa nggolek bandha okeh, aja mung dipek dewe, elinga karo liyan sing mbutuhake” Kang Solebo melu urun rembug.

“Weh, yen mengkono kepenak temen Bo, sing ora pethakilan isa entuk dum-duman, kuwi ora adil, ramathuk aku..” Senthot sajak erosi,ratrima karo penemune Kang Solebo.

“Yen aku setuju penemune kang Solebo, wong urip kuwi lakmung mampir ngombe, mula kudu eling sedulure..”Dalijo melu urun rembug sinambi nyumet MLDne, bebarengan karo Lik Ndoleng nyumet pituneme, kang Solebo karo jisamsune. Dene liyane kayane nginang, merga ora ana sing nyumet.

“Ssstt, kuwi ewacanen BENINGE EMBUN ESUk saka mbahe, sejatine awake dewe iki mung PIRANTI lho lur. Amarga mung PIRATI, ya ayo manut karo sing nganggo. Yen isa dadi sugih mbrewu-mblegedhu, aja ditumpuk, ngko malah bubruk, ndumen karo liyan..lan sakwise ndedum, aja njaluk aleman, merga mung PIRANTI..”Ngendikane Kyai Kentho sinambi nyumet klobote.

“Kuwi Lik, elinga. Tresnamu karo yu Wasti kuwi mung PIRANTI, ora kudu nduweki..”Unine Iin sinambi nyuguhake kopi lan gedang kapok godog.

“Tlondoloo.. pethak..tekan iki meneh kowe kuwi In..! Dusss!”Lik Ndoleng muni karo ngekep udud, mula rapatio cetha.

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH