Minggu, 09 Januari 2022

KAPITULUNGAN

 

Minggu Pahing 9 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 43 : 1-7

Jabur 29

1 Korinta 8 : 14-17

Lukas 3 : 15-22

Allah kang nitahaké Israèl ngandika mengkéné, “Aja wedi, kowé bakal Dakpitulungi. Kowé wis Daktimbali kanthi nyebut jenengmu. Kowé kuwi kagungan-Ku. Yèn kowé nyabrang banyu sing jero, Aku bakal nunggal karo kowé; kowé bakal ora kleleb lan nemu kasangsaran. Yèn kowé mlaku ngambah geni, bakal ora geseng. Sakèhé kasusahan lan kasangsaran bakal ora gawé laramu. “ Yesaya 43 : 1-2

Okeh sing ngomong yen urip ana ing ngalam ndonya iki okeh panggodha dalah pacoban, mula yen ora eling lan waspada isa kejegur mlebu neng juranging urip. Ana uga kang ngarani yen urip iki kadya sawijining lelaku, kang ing sakdawane dalaning urip kebak kahanan kang nggegirisi lan mbebayani. Merga saka kahanan kang kaya mengkono kui, mula menungsa tansah ngupayakne cikben tansah ngrasa aman ing sadengah kahanan. Salah siji cara ben nduweni rasa aman , yakuwi njaluk tulung marang daya kakuwatan kang tan winates. Lumantar “alur pikir” kang kaya mengkene iki njur njedul kang kinaranan “agama”, sing sejatine mung saderma pepakon tumuju marang urip kang sejati. Nah, neng piwulang agama kang tinulis ing kitab suci akeh petunjuk  sing isa ndadekne menungsa ngrasa lega,aman lan bungah, salah  sijine tinulis neng kita Yesaya bab 43 ayat 1-2. Neng kana Gusti Allah janji arep tansah menehi pitulungan marang menungsa (bangsa ngisrael).

 

Menungsa kang nampa pitulungan saka Gusti kuwi isa diarani ana ing kahanan KAPITULUNGAN, yakuwi kahanan kang sejatine ora isa ngayahi,ora wani ngadepi, ara kwagang mikul utawa ngangkat, ananging merga antuk pitulungan saka Gusti njur isa nglakoni kabeh kang wiwit mulane rumangsa ora isa. Gusti pirsa menawa donya pancen okeh bebaya lan pepalang kanggo menungsa, lan menungsa ora sithik sing ngrumangsani yen lakuning urip pancen mbebayani merga panggodha. Mula saka kuwi nalika menungsa sambat lan Gusti mirengake, kuwi kaya tumbu kang oleh tutup, klop utawa gathuk. Yen ngono pancen menungsa kuwi anane mung kepenak thok-thil ya uripe? Ya durung mesti, merga ora kabeh wong ngrumangsani kahanane kang winates, ora sithik kang rumangsa isa ngadepi kahanane urip dewe lan mengko yen wis njegur juranging masalahnembe eling marang Gusti.

Mulane, payo saiki nyawang menjero ing telenging batine dewe-dewe, Sing sepisan, payo ngrumangsani yen pancen kahanane jaman iki kebak bebaya, mula payo nyuwun tulung marang Gusti cikpen tansah dadi titah kang  winengku KAPITULUNGAN saka  Gusti. Sing kapindho, yen wis  eling lan ngerti yen uripe merga KAPITULUNGAN saka Gusti, ora usah kumlungkung, ora usah kumenthus, ora usah kemaki lan kemayu, ora usah kokean gaya, ora usah sok semuci-suci. Kahanan kang saiki  dilakoni kuwi mung merga Pitulungan saka Gusti, uga bab maca tulisan iki kanthi serius. Hehe.. Sakbanjure, kanggo sing jik ngrasa isin, jirih lan males ngayahi samubarang gawe kang dadi ayahane Gusti, ndang padha dimangerteni yen kabeh  menungsa kuwi wis KAPITULUNGAN dening Gusti. Kuwi jumbuh karo pangandikane Gusti neng kita Yesaya kae, menawa Gusti arep nulungi kabeh lakune menungsa, nalika nyabrang banyu ora klelep, nalika ngidak geni ora kobong lan nalika ngayahi ayahan karohanen mesti isa nglakoni, sing penting gelem.

“Leng aku wingi ngabari mbahe, sing tansah setya-tuhu memulang liwat tulisane neng BENINGE EMBUN ESUK. Cen kaya embun temenan gek, basane sederhana lan basa padinan, mayar dingerteni” Unine Kang Solebo, sing ndek setu legi wingi “njapri” mbahe lumantar WA, maturnuwun merga BEE (BENINGE EMBUN ESUK).

“Haiyah, mung bab kaya ngono war ndadak maturnuwun Bo, kuwi lakya cen dadi gaweane mbahe. Kurang gawean kowe kuwi Bo..” Semaure Lik Ndoleng sinambi ndudud jisamsune Kang Solebo, mbuh nembe kentekan apa pancen hobbyne njalukan.

“Lha kuwi ya pilihanmu Kang Ndoleng, arep maturnuwun apa ora, kang Solebo mung crita. Aku ya kaya mengkono, ngrasa yen nampa berkah merga tulisane. Tansah KAPITULUNGAN ben eling marang Gusti” Unine Kyai Gigut.

“Lha awakmu mbok njajal nulis ta Leng, jale tak melu maca…” Unine Senthot sinambi njajal nyumet malborone.

“Paklik isane nulis surat, neng Yu Wasti” Dalijo cluluk sinambi ngetokne kopi, merga Iin nembe rewang sing nduwe gawe.

“Duss..malah kuwi meneh..” Swarane Lik Ndoleng sajak serak merga pas ngekep jisamsune.

“KAPITULUNGAN kuwi kahanan kang rinasa lur, dudu matematika. Yen menungsa ora ngrumangsani nampa pitulungane Gusti ya ora isa ngrasai KAPITULUNGAN dening Gusti, sanadyan uripe tansah becik. Beda yen wis nduweni rasa percaya, mesti kabeh lakuning uripe merga pitulungan saka Gusti” Ngendikane Kyai Kento sinambi nyumet klobote.

“Ssttt..aja umyek, njo mangkat neng nggreja cah..” Kyai Kelik Supetuh ngelikake.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH