Selasa, 18 Januari 2022

WICAKSANA

 

Selasa Wage 18 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Mustakaning Kidung 4 : 1-8

Jabur 148

1 Korinta 1 : 3-17

Sang Kristus ora ngutus aku supaya mbaptis wong. Panjenengané ngutus aku ngabaraké Injil, lan mulangaké Injil mau nganggo basa sing prasaja, ora manut kawicaksanané manungsa. Awit yèn nganggo basa sing manut kawicaksanané manungsa, sédané Sang Kristus ing kayu salib dadi nglaha lan sakèhé daya kasektèné dadi ora ana paédahé.  1 Korinta 1 : 17

 

WICAKSANA, tembung iki mayar diungelake lan uga meh kabeh wong wis tahu ngungelke, uga meh kabeh sing maca tulisan iki nate krungu lan ngomongkae. Ananging yen kudu jujur wis saguh nglakoni kanthi sing sakbenere,mbokmenawa arang sing wani ngakoni tansah isa nglakoni lakuning urip kang WICAKSANA. Lha sejatine apa ta tegese tembung WICAKSANA kuwi? Manut penemuku sing jian cetheke ngeram iki, WICAKSANA kuwi tegese wani milih sakwise milah-milah kahanan kang becik kanggo panguripan, mirunggan kanggo tentrem-rahayuning liyan. Lho, lha dudu kanggo awake dewe ta? Dudu, sing sapa wae jik nggayuh seneng lan tentrem-rahayune dewe kuwi durung isa kinaranan WICAKSANA.

Cikben luwih mayar mangerteni bab WICAKSANA payo sinau saka pengalamane para winasis ing kitab suci, lan ing bab iki payo sinau saka rasul Paulus. Ing kitab 1 Korinta 1 dicritakne bab kepiye anggone rasul Paulus momong pasamuan kang nembe dredah bab sing paling bener. Sanadyan rasul Paulus nduweni kalodangan ngunggulake awake dewe, ananging kuwi ora dijupuk, ora dipamerake, malah rasul Paulus tumindak kanthi WICAKSANA lumantar mapanake kabeh ana ing Sih Rahmate Gusti. Rasul Paulus ngelingake para “grup” pasamuan sing nembe eyel-eyelan sing paling bener, paling iyes lan paling oke kuwi muride (isa diartekne penemu) sapa. Ing kahanan kaya mengkono kuwi rasul Paulus ngelingake yen kabeh kuwi mung sran utawa piranti cikben Injil Kratoning Swarga binabar. Dadi undherane ora sapa sing bener lan sapa sing salah, sing paling utama yakuwi binabare Injil Kratone Swarga.

Ing jaman saiki bab dredah lan rumangsa bener, suci lan apik dwe kuwi ya jik lumaku, malah okehe ngeram. Okeh sing rumangsa penemune paling bener lan liyan salah, Lha lumantar BENINGE EMBUN ESUK iki, payo eling lan waspada cikben WICAKSANA, lan kuwi mayar nalika eling timbalane Gusti, yakuwi mbabar Injil Kratoning Allah, ora ngupaya penemu lan rasane dadi bener. Sanadyan beda-beda bab penemu, rasul Paulus ora mbela lan nyalahake golongane Silas lan uga Golongane Apolos, lan uga ora melu ngunggulake pakaryane. Kabeh kuwi isa dilakoni dening rasul Paulus amarga wis ngalami urip kang WICAKSANA, yauwi nalika makarya mung kanggo binabare Injil Kratoning Allah. Dadi, pakaryan apa wae isa kinaranan lumaku kanthi WICAKSANA nalika ancase mung nalika binabare Injil Kratoning Allah, nalika ing kono mung kepengin nggolek benere dewe lan nyalahake liyan, kudu ngati-ati amarga isa wae kuwi didadekne setan kanggo nggawe crah ing sakjroning urip bebarengan.

Mula saka kuwi, payo nggayuh urip kang WICAKSANA lumantar mapanake kabeh mung kagem kamulyane Gusti, mung kagem binabare Injil Kratoning Swarga. Aja nganti kekarepaning manungsa kang jik ginubetan duraka kang kelakon, merga kuwi mesti cengkah karo kersane Gusti lan sing cengkah karo kersane Gusti mesti ora Injil kang binabar. Payo mendhem kabeh kekarepan kamanungsan kang anane mung nuwuhake dredhah, yen ana sing tiba tulungana, yen ana sing dewe kancanana, yen ana sing ketlingsut golekana, yen ana sing luput tuntunen marang dalaning kabeneran.

“Wingi mapir lunga karo bocah sing nyolong pelem duwekmu ya Jo? Kurang gawean awakmu kuwi, ora mbok thuthuki malah mbok jajakne..” Unine Lik Ndoleng marang Dalijo nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Lha njur rampung yen tak thuthuki Lik? Kanggoku bocah kuwi ora nyolong, mung butuh lan njupuk tanpa nembung..ora luput. Bocah kuwi butuh pitulungan cikben ngerti apa kang dilakoni. Nalika tak takoni ya Jujur, mung mangan sakperlune, ora didol lan dingo poya-poya” Semaure Dalijo.

“Tetep wae kuwi kleru, luput, salah..kudu diukum..”Lik Ndoleng Jik ngeyel merga rumangsa ratahu nyolong, mula penemune tetep kaya mengkono.

“Leng, aku manut karo penemune adiku lanang Dalijo, yen kabeh wong uripe mung nggugu penemune dewe-dewe, jagad iki bubar…kudu nggugu kersane Gusti, kuwi kang kinaranan WICAKSANA” Ngendikane Kyai Kento.

“Yen kowe ngugemi penemumu njur bapakne bocah sing ngugemi penemune, bubar jagad iki Leng..”Kang Solebo melu ngendikan.

“Weh, akum mung sinau saka kitab suci, yen kabeh sing tak lakoni ora kanggo marem lan legaku lho..sing penting kersane Gusti lumaku…lan kuwi aku ngilangke kekarepanku lur..” Unine Dalijo sinambi nyumet Tutonne, jare ngirit saiki genti tuton.

 

@semesta

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH