Selasa, 11 Januari 2022

NYEMBADANI

 

Selasa Pahing 11 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Para Hakim 5 : 12-21

Jabur 106 : 1-12

1 Yokanan 5 : 13-21

“Sarèhné kita ngerti yèn Panjenengané nyembadani marang panyuwun kita bab apa waé, dadi kita uga ngerti yèn apa sing kita suwun mau wis diparingaké. “ 1 Yokanan 5 : 15

NYEMBADANI kuwi linggane sembada, kang nduweni arti saguh utawa isa ngyahahi apa kang dadi rembuge. Mula tembung NYEMBADANI kuwi tegese kurang luwih isa utawa saguh netepi apa kang dadi gunemane. Yen nggunem  mangkat ya kudu mangkat sanadyan babagan wektu ora isa ditemtokake. Racake sing wani NYEMBADANI kuwi merga ngerti kahanane awak lan mula saka kuwi isa ngukur kahanan uripe.

Ana pangandikane Gusti neng kitab suci kang memulang babagan NYEMBADANI, lan sing ngendika kuwi dudu menungsa, sing nyabda Gusti Allah dewe. Lumantar rasul Yokanan, Gusti paring piwulang yen sing sapa manut kersane Gusti apa wae kang dijaluk bakalan disembadani. Sepisan meneh, Gusti dewe sing ngendika yen bakalan NYEMBADANI sabarang kang disuwun menungsa. Ing babagan iki, kang kudu diilakoni dening menungsa mung pracaya sinartan mbudidaya jumbuh karo berkah an tanggung jawab urip peparinge Gusti.

Lan ing babagan iki, apa kang dadi tugase menungsa mung percaya. Percaya yen Gusti bakalan maringi apa wae kang kajaluk utawa kasuwun. Lho, yen ngono menungsa oleh njaluk apa wae marang Gusti? Iya, bener lan kuwi sinartan percaya satus persen. Menungsa ora oleh nggagas utawa mikir kepiye anggone Gusti NYEMBADANI, uga ora oleh ngatur anggone Gusti netepi panyuwune menungsa. Ora oleh ngatur kapan wektune, pokoke mung kari percaya.

Sing dadi pepalang kang marakne panyuwune ora disembadani Gusti kuwi kurang percayane menungsa marang pangwasane Gusti. Ora sithik menungsa sing mapanake Gusti Allah kang maha sakkabehe kuwi mung winates ing nalar pikire, kamangka Gusti Allah kuwi ngungkuli nalar-pikire menungsa. Sanadyan cangkeme menungsa muni percaya kanthi sora, ananging kerep sing njero batine malah nampik marang pangwasane Gusti Allah. Lha kepiye contone? Okeh conto sing kerep dilakoni menungsa. Siji wae contone, nalika ana sing lara, njur diajak percaya satus persen lumantar donga isa waras, ananging sanadyan Ndonga lan muni percaya ing batin tuwuh penemu, “ Lha mosok tanpa obat isa waras, ya mokal..ranalar..obat kuwi kang ya sranane Gusti..” Penemu ngene iki ora sithik, malah mbok menawa sing maca tulisan iki ya ngono kabeh penemune.

Mapanake pakaryane Gusti ing sakjroning nalar-pikire menungsa kuwi luput, kuwi kliru. Yen percaya bakalan sehat lumantar donga, ya dilakoni wae lan tetep ngayahi urip kaya biasane. Bab wektu, ben Gusti wae sing nemtokne, ora usah ngatur-ngatur Gusti, tugase mung percaya yen Gusti mesti NYEMBADANI sabarang panyuwune menungsa.

“Leng, apa kowe percaya marang Gusti Yesus? Yen percaya pirang persen?” Takone Kang Solebo.

“Weh, aku percaya satus persen Bo, malah sewu persen..karepmu piye malah takon kaya mengkono kuwi? Aku seka cilik rajin ngabekti lho…padakne…” Semaure Lik Ndoleng.

“Lha mbiyen pas karo Yu Wasti brarti sapeyan ora percaya marang Gusti ya Lik?” Dalijo melu urun rembug, nyinggung bab masa lalune karo Yu Wasti.

“Mbiyen rawani cah, gur ingah-ingih terut cedak patrolan…”Senthot melu cawe-cawe ngobong Lik Ndoleng.

“Iya Thot, mbiyen transite omahku…ndepis nek pojok tugu, njur njumbul pas mbah Mentorjo mbengok..:” Kyai Giyoto Sugigut melu urun rembug.

“Duss..iki ketemu pirang perkara cah, malah tekan bab kuwi meneh? Iki kan rembugan bab percaya?” Unine Lik Ndoleng.

“Jare kitab suci lan andharane mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, menungsa kuwi yen percaya marang Gusti, apa wae kang dijaluk mesti Gusti NYEMBADANI” Omongane Dalijo.

“Pancen iya Lur..Gusti mesti NYEMBADANI apa wae kang dijaluk menungsa, kabeh. Anggere padha percaya. Percaya 100 persen, ora mangu-mangu, ora kuwatir. Sing marakne jugar panyuwune menungsa kuwi ora percayane” Ngendikane Kyai Kento.

“Mosok ngono To?” Takone Lik Ndoleng.

“Iya Leng, jale kowe percaya ra yen minggu ngarep sapimu manak loro?” Takone Kyai Kento.

“Weh, ya mokal, lha lagi meteng patang-sasi mosok isa manak wulan iki lan biasane manak siji, mosok manak loro?” Lik Ndoleng mangsuli sajak bingung.

“Lha, yakuwi sing kinaranan ora percaya, percayane marang Gusti mung winates nalar kamanungsane, kamangka Gusti kuwi ngungkuli naare menungsa..mula ya ora bakalan kasembadan merga ora percaya” Ngendikan Kyai Kento sinambi nyumet gudanguyahe, lan kabeh njur melu nyumet nggone dewe-dewe, kajaba Senthot sing nginang.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH