Senin, 24 Januari 2022

MERSUDI

 

Senen Kliwon 24 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK

MERSUDI kanggo Ngundhuh Woh Pelem


Yeremia 36 : 1-10

Jabur 119 : 89-96

1 Korinta 14 : 1-12

“Sarèhné kowé padha kepéngin banget nampa ganjaran peparingé Sang Roh Suci, sabisa-bisa padha mersudia olèh ganjaran-ganjaran sing bisa dipigunakaké kanggo mbangun pasamuwan.

1 Korinta 14 : 12

 

Tembung MERSUDI utawa ana uga kang nyebut Marsudi kuwi linggane “udi” kang uga ana kang ngarani “ngudi”, ananging arti utawa tegese padha yakuwi pambudidaya utawa pangupadi. Dadi kanthi cekak lan sederhana mbokmenawa tegese tembung MERSUDI kuwi migunakne sakehing kahananing urip kanggo nggayuh samubarang. Jenenge wae nggayuh kuwi ya kudu ngetokake sarana lan pangorbanan, mbuh kuwi apa wujude. Ananging sing cetha MERSUDI kuwi pakaryan kang dilakoni kanthi sengaja lan kang kudu dieling tembung MERSUDI kuwi netral, babagan positif utawa negatif kuwi gumantung karo sing ngayahi. Lumantar tenbung MERSUDI iki BENINGE EMBUN ESUK arep ngajak para pamaos lumebu ing telenging batin, apa saksuwene iki wis nate ngayahi apa kang dadi kersane Gusti utawa ngayahi kekarepaning pepinginan njur digathuk-gathukake karo kersane Gusti.

 

Layang katresnane rasul Paulus marang pasamuan ing kutha Korinta bab patbelas menehi piwulang babagan MERSUDI berkahing Allah. Dadi manut piwulange rasul Paulus, bab berkahe Gusti kuwi ya kudu diupadi,kudu MERSUDI cikben antuk berkahe Gusti. Ananging sing kudu digatekake, apa kang “dipersudi” ing babagan berkahe Gusti Allah kuwi ora mung mligi kanggo diri-pribadine dewe, ananging kanggo mbangun pasamuan. Iki sing kudu sengrius digatekake, bab njaluk berkah marang Gusti kuwi oleh utawa sah, ananging kang kudu digatekake yen berkah  kuwi ora kanggo diri pribadi ananging kanggo mbangun pasamuan. Wah, yen ngene abot tenan, aluwung ora usah MERSUDI berkahe Gusti wae, aluwung ora usah nduweni berkah saka Gusti wae yen ngono. Lha menawa ana sing nduweni penemu kaya mengkono ya sumangga, sanggarunggi dipikul dewe. Hehe..

 

Mulane para sedulur, para kanca, para kadhang sutresna, para eyang, para bapak,ibu,paklik,bulik, lan sakabehe, payo saiki tetep MERSUDI berkah saka Gusti. Lan sakwise nampa berkah saka Gusti kang wujude pirang-pirang kuwi, sing nomer siji payo kanggo mgangun pasamuan, mbangun urip bebarengan cikben tentrem rahayu kuwi ora mung dipek dewe. Payo gumregah, payo mingset saka papan lawas kang ora (kurang) maedahi lan mbudidaya berkah kanggo binabare katresnane Gusti Allah. Ora usah mikir diri-pribadi merga kuwi wis katut nalika mikir kabutuhane liyan utawa mikir butuhe pasamuan (wong akeh).

 

“Suk setu kerjabakti Lik,ndandani got pekarangan greja” Dalijo ngomongi Lik Ndoleng babagan pawarta kerjabakti.

“Ya, yen kober tak mangkat” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet udud linthingane dewe, mbuh apa merga tanggal tuwek kok ora pitunem kaya padatan.

“Kerjabakti sesasi sisan wae kokean alesan Leng..”Unine Kang Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Lha apa yen anak-bojoke kaliren arep mbok tanggung, apa wong-wong ya nggagas butuhe wong kaya aku iki Bo?” Semaure Lik Ndoleng sajak esmosi.

“Kokean alesan Leng, padune males mbok blaka-suta wae..”Senthot melu urun rembug sinambi ngukuri tilak jerawat neng raine.

“Ssst..kuwi lho, piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK digatekne, ayo MERSUDI berkah, apa wae wujude. Ananging kang utawa kanggo mbangun pasamuan utawa urip bebrayan, ora mung kanggoawake dewe. Kerjabakti kuwi klebu butuhe bebarengan, lan nalika awake dewe nduwe bau lan wektu, aja selak..” Ngendikane Kyai Kento.

“Haiyah, rasah kokean rembug Kang Ndoleng, suk setu tak ampiri..”Kyai Gigut melu nimbrung.

“Anu Lik, Yu Wasti mestine ya mangkat. Lha makili kang Markun sing dines luar kota” Iin melu njarag.

“Kesempatan emas Leng…” Unine Senthot.

“Dussss….!” Semaure Lik Ndoleng dijarag wong pirang-pirang, ananging sajak mesem, mbuh kena apa, apa merga arep kepethuk yu Wasti ya? Mangga para maos sing mbiji.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH