Jumat, 21 Januari 2022

NJALUK

 

Jemuah Pahing 21 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Nehemia 2 : 1-10

Jabur 19

Rum 12 : 1-8

Pendanguné Sang Prabu, “Dadi, karepmu kepriyé?” Ing sajroning ati aku ndedonga marang Allah ratuning swarga, banjur matur marang Sang Prabu mengkéné, “Menawi Sang Prabu dhangan ing penggalih lan marengaken, mugi kersaa ngutus kawula dhateng tanah Yéhuda mbangun kitha menika lan pesaréanipun para leluhur kawula.” Sang Prabu kang lenggah jèjèr karo Sang Ratu njurungi panyuwunku. Panjenengané ndangu pira lawasé enggonku arep ana ing kana lan kapan enggonku arep bali. Mulané aku iya nuli ngaturi pirsa.  Nehemia 2 : 4-6

 

Meh kabeh sing maca tulisan iki mesti wis dong karo tegese tembung NJALUK, yakuwi pambudidaya marang liyan cikben antuk pambiyantu. Dene wujude pambiyantu kiwi bisa maneka warna, isa tenaga, kahanan, banda lan liya-liyane. NJALUK kuwi padha  karo Ndonga, bedane mung ing rasa pangrasa. Yen tembung Ndonga kuwi racake katujokake marang Sing Maha Kwasa, dene yen NJALUK kuwi marang sakpepada. Sing cetha tembung NJALUK lan Ndonga kuwi hakekate padha. Oiya, sakliyne wis dong lan kerep krungu bab tembung NJALUK, mbokmenawa meh kabeh sing maca tulisan iki yawis nate (malah aja-aja kerep..hehe) nglakoni ayahan kang kinaranan NJALUK, mbuh apa wujude.

Ana crita kitab suci, cethane neng kitab nabi Nehemia kang uga menehi piwulang babagan NJALUK. Ing bab 2 dicritakne nalika Nehemia nembe makarya, ngladeni raja kang dadi bendarane. Nalika kuwi kahanane Nehemia kapirsa suntrut dening sang raja, njur didangu. Nehemia njur blaka-suta, blak kotang terus embuh..opps..hehe, babagan kahanane. Lha apa kang dadi kahanane pikirane Nehemia? Jebul nembe nggagas kahanan ing tanah kang dadi wutah-getihe. Ing wektu kuwi Nehemia katur diboyong neng bangsa ngamanca lan didadekne rewang, mula adoh saka tanah leluhure. Nehemia rumangsa luput menawa ora ngrumati sarean leluhure, mula njur nyuwun diijine mulih lan mbangun pasareanne leluhure ben ora bubrah. Penjaluke Nehemia dikabulake, mula njur tata-tata lan mulih arep mbangun pasaeanne leluhure.

Njur apa kang isa dadi pasinaon kanggo urip ing jaman saiki? Uga apa gandeng-cenenge karo tembung Ndonga? Siji sing isa kanggo kaca pangilon tumrap uriping kapercayan ing jaman saiki, yakuwi bab Ndonga utawa NJALUK. Nehemia menehi patuladan kang apik benget, yakuwi ora NJALUK apa kang awujud banda utawa kasugihan, ananging malah NJALUK GAWEAN. Iki sing apik kanggo pasianoan tumrap sing gelem sinau. Saiki njajal, sapa sing wis nate nalika Ndonga utawa NJALUK marang Gusti lan sing dijaluk Gawean? Hayo, kira-kira ana pora? Sing okeh yakuwi, NJALUK berkah ananging wegah makarya. Hayo, sing ora kuwat ora usah mbacutake anggone maca, ngko malah ngamuk lan mbanting hapene, hehe. Lha apa luput yen NJALUK berkah, njaluk banda, njaluk sugih? Hora, ananging jan-janne kabeh butuhe menungsa kuwi wis dicawisi dening Gusti, mung karo mujudake.

Mula saka kuwi para sedulur, payo saiki niti priksa ing uripe dewe-dewe, apa saksuwene iki nalika sowan Gusti (song jik eling sowan Gusti), anane mung NJALUK berkah? Utawa ana sing saben sowan kang dijaluk GAWEAN? Yen uwis, ya sokur kamdulillah, yen durung ya muga-muga tulisan iki isa dadi pancatan kango ngowahi kahananing tata percaya sakjroning ndendonga utawa NJALUK, ben ora mung NJALUK berkah, ananging ya wani NJALUK gawean marang Gusti.

“Lik, yen kon milih, nalika Ndendonga, sampeyan luwih seneng NJALUK apa?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.

“Ya cetha, NJALUK sehat, NJALUK rejeki sing cukup” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Tetane Leng mung NJALUK rejeki sakcukupe?Ora sakokehe ta?” Takone Kang Solebo.

“Haiyah, ratahu Ndonga wae mangsuli Leng…mbok kaya mbahe kuwi, blaka-suta, blak kotang terus terang wae..”Unine Senthot kang tansah njarag Lik Ndoleng.

“Denggelmu mlocot kuwi thot, kaya rajin-rajina wae sliramu kuwi…”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Tahu Ndonga lan NJALUK dadi majelis pora kang?” Takone Kyai Gigut kang nembe teka neng Sor Talok.

“Bang-bayik…Ndoleng dadi majelis pora jugrug watu-bonang mengko..”Semaure Senthot meneh.

“Yen Ndonga, NJALUK isa nglirik Yu Wasti, kuwi palinga ya Lik? “ Iin melu njarak, nalika nyuguhake kopi karo kacang godog.

“Ssttt..kuwi, njajal gatekna piwulange mbahe cah, aja mung NJALUK berkah, njajal nalika Ndonga NJALUK Gawean..Aku jian mathuk karo penemu iki..”Kyai Kento melu urun Rembug.

“Weh, nglirik niku nggih gawean lho Dhe, mila Paklik nyuwun saget makarya, nglirik Yu Wasti kanti aman lan terkendali” Unine Iin sinambi mlayu menyang pawong.

“Trondollo pethak…..cah iki njarak aku kabeh..Dusss..!” Lik Ndoleng muni-muni sinambi mbukak gudanguyahe Kyai Kento.

 

@semesta

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH