Kamis, 06 Januari 2022

SUMUNAR

 

Kemis Pahing 6 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 60 : 1-6

Jabur 72 : 1-14

Efesus 3 : 1-12

Mateus 2 : 1-12

“Tangia hé Yérusalèm lan nyunarna pepadhang kaya srengéngé; awit kamulyané Pangéran wis madhangi kowé!

Yesaya 60 : 1

 

Biasane kang kinaranan SUMUNAR kuwi samubarang kang ana gegayutane karo cahya utawa urup, kayata srengenge, lampu, geni , lilin lan liya-liyane. Pokoke kabeh kang isa ana urupe utawa cahyane kuwi isa kinaranan SUMUNAR amarga nduweni “sinar”. Amarga SUMUNAR, mesti isa disawang liyan, mbuh kuwi saka kadohan utawa cedhak. Kabeh kang nduweni kodrat  SUMUNAR ananging ora isa ngetokake cahyane, kuwi mesti ana perangan sing luput. Dene apa kang luput kuwi isa macem-macem, gumantung kahanane.

 

Bab SUMUNAR kuwi nate dadi piwulange kitab suci,cethane neng kitab Yesaya bab 60, neng kana Gusti paring dhawuh marang Yerusalem minangka punjering urip bangsa ngisrael cikben “Tangi” lan sakbanjure nyunarraka cahya kang wis diparingi dening Gusti Allah. Cahya kang bisa SUMUNAR kuwi asale saka Gusti, Yerusalem mung kari mbukak uripe kanthi jujur lan iklas cikben cahya kang asale saka Gusti bisa SUMUNAR lan sinawang liyan.  Dene sakwise cahya kuwi isa SUMUNAR, mesti kabeh kang lumaku ing kahanan peteng dadi entuk padhanging kahanan lan sakbanjure isa mbacutake lakuning urip. Yen lakuning urip nembe neng kahanan kang peteng, mesti rekasane ngeram lan ing kahanan kang peteng kuwi mesti lakuning urip dadi abot lan rekasa, mula kudu ana cahya SUMUNAR kang madhangi.

 

Lho apa menungsa kudu murup kaya lampu merkuri? Ora kudu kaya mengkono, cahyaning urip kuwi isa minangka gegambaran, tegese apa wae bab apik kang isa dadi kabar bungah marang liyan, kuwi isa kinaranan cahya kang SUMUNAR. Sing sapa merduli liyan kuwi cahya kang SUMUNAR, sing sapa ngerti lan paham kahanan liyan kuwi iya kinaranan cahaning uripe SUMUNAR, sing sapa seneng tetulung marang liyan kanthi iklas kuwi kinaranan cahyaning SUMUNAR. Okeh ayahane urip iki kang klebu cahyane urip, mula payo padha dilakoni.

Njur apa ana cahya kang surem lan uripe ora SUMUNAR sanadyan wis binerkahan “cahyaning swarga?” Nggladeg,okehe ngeram. Sing sapa jik seneng mbiji salah  lan bener kuwi tandha durung SUMUNAR uripe. Lho, yen salah kan kudu diarani salah kan? Salah kuwi dibenerake, ora diukum. Uga ana, sanadyan ketok rajin ngibadhah, ananging menawa ora gelem tetulung liyan, kuwi ya kinaranan cahyane burem, ora SUMUNAR. Ora madhangi malah metengi.

Ing jaman kang sansaya maju iki, okehe ngeram patraping urip kang lamis, bab contone kaya ngapa, mestine para pamaos luwih paham. Ananging sing cetha, uripe menungsa (sing rumangsa dudu menungsa orasah ngamuk nggih.,,) kuwi wis dikebaki cahyaning Gusti Allah, Cahya Kaswargan, mung kari nata cikben SUMUNAR lan madhangi uripe liyan.

 

“Leng, BENINGE EMBUN ESUK  dina iki jeruu..aku rumangsa durung SUMUNAR. Aku jik pelit gek..” Sore kuwi Senthot mampir neng Cakruk Sor Talok lan njur jagongan karo Lik Ndoleng lan “genk’e”.

“Lha kowe kuwi kapan SUMUNAR ta Thot…watakmu mung thuk mis..” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Kuwi gawan bayi Leng, yen Senthot kuwi thukmis, mung wae wanine saka kadohan, tekan ngomah wedi karo bojone. Dikon mususilan marut klapa wae gelem gek..” Kang Solebo nambahi.

“Duss..suwe ramampir,mampir-mampir digarapi cahh..”Grundelane Senthot.

“Ssst…balik neng gunemanmu Thot. Cen kabeh angel ngetokne Cahyaning Gusti, angel SUMUNAR kanggo liyan…merga mung mikir awake dewe-dewe..” Ngendikane Kyani Kento.

“Jomeneh cucul bandha lur, wong jare mbahe, komentar nggon tulisane wae pelit kabeh. Kamangka jre mbahekuwi minangka andhum pengalaman. Kuwi poraya pelit lan ora SUMUNAR..” Unine Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Weh, brarti aku ora dewe ya lur?” Takone Senthot.

“Okeh bolone Thot..rasah kwatir..” Ngendikane Kyai Kento.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH