Jumat, 14 Januari 2022

GETUN

 

Jemuah Kliwon 14 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Yeremia 3 : 19-25

Jabur 36 : 5-10

1 Korinta 7 : 1-7

“Sampun saukur kawula sami nandhang wirang lan kanisthan. Kawula lan para leluhur kawula namung tansah damel dosa kémawon ing ngarsanipun Pangéran, Allah kawula. Kawula mboten naté sami mbangun-turut dhateng dhawuh-dhawuhipun.” Yeremia 3 : 25

GETUN, mbokmenawa kabeh sing kober maca tulisan iki wis paham, wis ngerti utawa dong apa kuwi GENTUN, lan meh kabeh kayane yawis nate ngrasakne kaya ngapa rasane “pangananing urip” kang kinaranan GETUN. Salah siji unen-unen bab GETUN sing popular yakuwi GETUN kuwi tiba mburi, njur sejatine apa tegese GETUN kuwi? GETUN kuwi kurang luwih tegese kahanan sadhar ing uripe titah kang kinaranan menungsa (yen kewan lan wit-witan aku ora dong, sing rumangsa ngerti utawa dong oleh nulis neng komentar) nalika samubarang kang dikarepake ora klakon.

Neng kitab suci okeh crita bab GETUN, salah sijine neng kitab Yeremia. Neng kana dicritakne bab kaya ngapa rasa GETUN kang dialami bangsa ngisrael saksiwe ngalami urip kang rekasa. Dene urip rekasa kuwi dialami bangsa ngisrael nalika mbalela marang Sang Yehuwah, ora manembah marang Panjengane lan mala nggawe sesembahan liya kang mung nguja kasenengan kamanungsane. Jan-jane wis bola-bali dielikake dening nabi, ananging ndluyane ngeram, nembe eling nalika ngalami urip kang rekasa. Bareng uripe rinasa sansaya rekasa lan ngadepi okeh kapitunan nembe eling lan njur GETUN. Ing sakjroning rasa GETUN kuwi njur dadi ngerti apa salahe, jebul wis ngalami wiring lan kanisthan, eling yen wis (kulina) nggawe dosa, kuwi kabeh nate dialami dening bangsa ngisrael nalika jamane nabi Yeremia, lan sakwise dmertobat ya dipulihake dening Gusti.

Ora mung neng jamane Yeremia wae menungsa kuwi nduweni “hobby” ndluya lan mbalela, tekan jaman saiki kayane jik nggladeg,jik okeh banget. Malah sakpangrasaku, pola lan model mbalela utawa ndluyane menungsa jaman saiki ya sansaya modern, sansaya kreatif (mbalela wae ya butuh kreatipitas jebule..hehe), angel ditebak lan uga angel dielikake. Ananging kaya ngapa kreatipe mbalelane menungsa, gek ndang eling, tinimbang mengko GETUN, eling lho ya GETUN kuwi konsisten tiba neng mburi, wegah ndisiki laku, mula sakdurunge kelangan apa kang apik, ndang eling lan lumebua ing kahanan GETUN, bar kuwi njur mertobat. Aja mung GETUN thok, ananging bablas nglakoni sing luput, ndang mbalik menyang dalan kang kikersakne dening Gusti.

“Ngandi Leng, kok wingi ora mangkat syukuran neng mae Sarpin?” Takone Kang Solebo nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Udane gembrojoh gek Bo, arep mangkat ndelalah payunge rusak, ya akhire aku ora mangkat” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Haiyah, kokean alesan Lik, wong pas diajak Kang Dalijo, njur tak tawani payungku,jare agek males…padune rawani nyawang mesrane Kang Markun karo Yu wasti wae..” Unine Iin sinambi nyuguhke kopi lan pacitane.

“Weh, pojik nyimpen rasa karo Wasti kowe Leng?” Takone Senthot sing nembe teka.

“Kamangka Wasti dewekan Leng, Markun nembe dines luar kota. Lan sajake thingak-thinguk nggoleki sliramu Lho Kang..”Unine Kyai Gigut.

“Dus, ngertio mangkat cah..GETUN tenan aku…Jindulll” Sambate Lik Ndoleng.

“Mula orasah isin Lik, wingi gelema takjak mesti bahagia..isa nyawang Yu Wasti sakatoge..”Dalijo melu urun rembug.

“Mula gatekna kuwi, welinge mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, yen bab GETUN kuwi mesti tiba mburi. Critane bangsa ngisrael sing mbalela ora mbangun turut marang Sang Yehuwah nekakne kacilakan lan kapitunan, sanadyan wiwitane sinawang nyenengake. Ndang padha mertobat, aja lali marang Gusti” Sesorahe Kyai Kento sinambi nyumet gudanguyahe.

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH