Senin, 10 Januari 2022

PERANG

 

Senen Legi 10 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Para Hakim 4 : 1-16

Jabur 106 : 1-12

Efesus 6 : 10-17

“Padha migunakna sakèhing praboting perang sing diparingaké déning Gusti Allah marang kowé, supaya kowé bisa bakuh ngadhepi sakèhing kajuligané Iblis. Awit kita iki perang ora karo manungsa, nanging karo pangwasané roh-roh ala sing ora katon, sing ana ing langit, yakuwi pepréntahan, para penggedhé lan daya kekuwataning jagad raya, sing nindakaké pangwasané ing jaman sing peteng iki.

Efesus 6 : 11-12

 

Meh kabeh sing maca tulisan iki, mbuh sadhar utawa ora, mbuh lanang utawa wadon, mbuh neng kutha apa neng ndesa, mesti wis nate krungu tembung PERANG. Lan aku yay akin mbolokin yen ing antarane siji lan sijine mesti bedha gegambarane bab tembung PERANG kuwi. Ana sing langsung mbayangake gegambaran PERANG nalika jaman penjajaan lan ing kono njedul tentara ngindonesa sing sragame ora sragam, sing gamane mung bamboo runcing, ana uga sing mbayangake bab PERANG kaya pilem-pilem holiwut  kang nggunakne gaman canggih, lan sakpanunggalane. Intine PERANG kuwi kahanan kang swasanane mung nggolek menang lan kalah, mateni utawa dipateni, kanca lan mungsuh, wis kuwi wae ora ana liyane.

 

Kabeh gegambaran bab  PERANG ing ndhuwur lan gegambaran liyane sing njedul ana ing angen-angene para sedulur sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki bener, ora ana sing luput. Pancen PERANG kuwi ya kaya mengkono, mateni lan dipateni, wis thokthil kuwi wae. Neng kitab suci ana piwulang apik bab PERANG, kuwi piwulange rasul Paulus kang mbiyen ditujokake marang pasamuane Gusti ing kutha Efesus. Rasul Paulus nyadhari yen kahanan PERANG kuwi tetep ana saksuwene menungsa iki urip ing njagad. Ananging PERANG kang dikersakne rasul Paulus dudu mungsuh kang katon sinawang, ananging awujud roh utawa pepinginan. Menungsa kuwi sakjroning uripe mesti kudu dijak milih, milih ngulo utawa ngetan, milih ngalor utawa ngidul, milih mlaku utawa mandeg, milih mangan utawa ora mangan, milih meneng wae utawa ngrasani liyan (iki sing disenengi meh kabeh menungsa, ngrasani liyan..hehe). Lha kahanan sakdurunge milih kuwi isa kinaranan PERANG.

 

Menungsa kuwi nduweni pepinginan kang okeke ora ukur, kabeh rebutan njaluk dituruti. Lha nalika pepinginan kuwi rebutan pengen dituruti, njur diboncengi daya urip kang ora apik utawa dayaning setan ( jan-jane aku ora trima angger menungsa tumindak ala/elek kok sing disalahake setan, kamangka kuwi murni kekarepane menungsa dewe), menungsa kalah perang, lan milih pilihaning urip kang ora becik, ora apik.  Mbalik neng piwelinge rasul Paulus, pancen PERANG kang kudu dilakoni menungsa ing jamane pasamuan Efesuslan ing jaman saiki kuwi kudu ngadepi sadengan kakuwatan kang ora ketok mata, kang mawujud dadi sadengah pepinginan ala, mawujud ing  watak srei,drengki, srakah,pelit, sombong,kemaki,kemethak,kumlungkung,egois,minderan, lan liya-liyane. Kuwi PERANG kang sejati, kang kudu dilakoni menungsa tumeka wekasaning jaman. Muga-muga lumantar tulisan iki njur dadi padha eling yen saklawase urip neng ngalam-ndonya iki, kahanan PERANG mungsuh sadengah daya kakuwatan ala tetep lumaku, mula dieling lan waspada lan uga ayo sumendhe marang Gusti, ben direwangi nglawan mungsuhing urip ing PERANG iki.

 

“Nduk, In…mumpung jik rada padhang kana nenga warung, tuku kopi lan gula. Rada diokehi, merga saiki wargane Lincak Sor Talok  sansaya suwe sansaya okeh” Unine Dalijo merang sedulure wedok sing ayune ngungkuli Semar Wedakan.

“Iya kang, wis tak gagas, wistakcawiske kanggo kuwi..sik tak mangkat. Piye Lik, nitip salam neng Yu Wasti ra?” Unine Iin,sinambi nyapu jogan cedak lawing.

“Jo, lha yen nuruti kahanan lakya suwening-suwe bangkrut..kopi lan gula kuwi kan ya tuku, ora njupuk neng nggrobok ta?” Lik Ndoleng sajak kurang sreg, lan nalika ngomong kuwi sinambi nyumet pituneme lan ora sadhar yen bolo-bolo wis ngumpul kabeh.

“Yen ora iklas  rasah menehi kopiLeng..”Unine Senthot karo nggolek papan lungguh.

“Haiyah, wong ora paitan wae kokean rembug Kang Ndoleng..”Kyai Gigut melu urun rembug.

“Lha saksuwene iki apa tahu tuku kopi lan gula kowe Leng?” Takone Kang Solebo.

“Weh, jane ya ora, mesakne Dalijo kuwi lho cah..duss..malah kabeh ngoyok..” Unine Lik Ndoleng.

“Lha Dalijo wae iklas lan fain-fain wae, kok sliramu sik rewel ta Leng?” Ngendikane Kyai Kento sinambi nyumet gudanguyahe.

“Yen aku ora masalah kok Lik lan kabeh para sedulur. Aku wis ngliwati kahanan PERANG ing ati lan uripku. Lan aku mung pengen andum-inganduman apa kang aku duwe lan isa..klebu kopi lan gula..” Unine Dalijo.

“Mathuk aku Jo, cen urip iki PERANG, mungsuh pepinginan kang ora apik..kaya mbahe kuwi uga, meh saben ndina andum piwulang lumantar tulisan.. Salam nggih mbahe..” Ngendikane Kyai Kento sinambi nglepus kae, sajak nikmate ngeram.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH