Rabu, 02 Februari 2022

MUWUN

 

Rebo Wage Febroari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 1 : 11-19

Jabur 56

Lukas 19 : 41-44

Bareng Gusti Yésus tindaké saya cedhak karo kutha Yérusalèm lan pirsa kutha mau, Panjenengané muwun. Pangandikané: “Adhuh, saiba beciké, yèn ing dina iki kowé nyumurupi apa sing sanyatané kokbutuhaké kanggo katentremanmu! Nanging tekan saiki kowé durung weruh.

Lukas 19 : 41-42

 

Mbokmenawa ora sithik sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki kurang patia paham karo tembung MUWUN, awit ya pancen arang digunakake. Tembung MUWUN kuwi krama alus, dene tembung ngokone Nangis utawa ngetokake luh liwat mripat amarga kahanane batin. Kok mung nalika ngetokake luh nalika kahanan batin, lha liyane apa ora isa kinaranan Nangis utawa MUWUN? Hora, yen keculik utawa kena kukus nalika ana sing obong-obong kae ora kena kinaranan nangis utawa MUWUN. Dadi MUWUN kuwi kurang luwih tegese metune banyu utawa luh liwat mripat nalika kahanane batin lagi mbludag. Mbludag’e batin kuwi isa merga seneng lan uga merga sedih.

 

Meh kabeh sing maca tulisan iki sarujuk, yen MUWUN utawa nangis kuwi okeh-okehe merga kahanan sedih. Semono uga nalika Gusti Yesus ing sawijining ndina tindak menyang Yerusalem. Gusti pirsa apa kang bakalan kedadeyan marang kutha suci kuwi. Amarga Gusti pirsa kahanan kang bakalan lumaku, sanadyan wong-wong liyane babarblas ora mangerteni, mula nalika Gusti tindak menyang Yerusalem, sakdurunge mlebu kutha kuwi, njur mirsani sadi kadohan, Gusti MUWUN, Gusti Nangis. Gusti trenyuh merga kahanan kang bakal dumadi ing kutha Yerusalem, yakuwi bakal ginempur dening bangsa manca nganti dadi mrata karo lemah. Kahanan kang bakalan lumaku kuwi sing marakne Gusti MUWUN, Gusti Nangis. Gusti ngendika.nalika nembe ing kahanan MUWUN, “ Adhuh, saiba becike, yen ing dina iki kowe nyumurupi apa sing sanyatane kanggo katentremanmu! Nanging tekan saiki kowe durung weruh”.

 

Gusti pira yen para warga Yerusalem, kutha suci kuwi, durung weruh kahanan kang bakalan lumaku, mula ya anteng-anteng wae. Lha apa ora dielikake? Jan-jane ya bola-bali dielingake, pirang-pirang nab iwis ngelikakake, ananging jik wangkot lan mung nggugu kekarepane dewe. Gusti Yesus MUWUN, Gusti Nangis, amarga rasa trenyuh bab kang bakalan kelakon ing kutha suci kuwi, yakuwi Yerusalem. Ora ana lupute Nangis utawa MUWUN, awit lumantar  kahanan kuwi, mripat isa reresik saka saokehe rereget sing mampir ana neng njerone. Lumantar MUWUN, menungsa dadi eling yen kahanan batin kuwi luwih  kuwat tinimbang raga, sanadyan durung klakon, ananging amarga Gusti wus “Pirsa” sakdurunge winarah, mula kuwi kang ndadekake WaspaNe mili, ndadekake Panjengane MUWUN utawa Nangis.

 

Saka crita iki, payo sinau babagan nyawang kang ora kena sinawang dening mata utawa mripat. Nuladha Gusti Yesus, sanadyan blegere Yerusalem jik wutuh lan apike ngeram, ananging awit kasasmitane Paningal Batine Gusti Yesus isa mirsani, babagan apa kang bakalan lumaku. Kanggo sing isane mung nyawang lumantar mripat wadag, apa kang dialami dening Gusti Yesus kuwi mung dadi geguyon, semono uga ing jaman saiki. Yen ana sing nduweni kasasmitan merga mripat batine wis titis, mesti mung diguyu lan babarblas ora direwes liyan. Ananging sakwise kelakon, anane mengko mung getun karo getun. Payo ngasah mripat kebatinan iki, cikben isa nyawang kahanan kang bakalane lumaku ing tembe, lan aja lali tetep sumarah marang pangwasane Gusti.

 

“Jo, kok tumben sepine ngeram, ngandi wargane Cakruk Sor Talok iki?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.

“Weh, ora ana sing menehi kabar kuwi Lik, ananging manut panyawanging batinku, para sedulur nembe mligekne wektu karo brayate” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Weladalah, kok saiki nggaya sliramu Jo, nganggo panyawanging batin mbarang…Hmmm…”Lik Ndoleng sajak nyepelekne omongane Dalijo.

“Ya pancen durung klakon Lik, jenenge wae panyawanging batin. Ananging aku kuwi ora sembarangan, aku tansah gladen lan ora leren anggonku sinau..Ben isa kaya Gusti Yesus kae lho Lik, isa pirsa kang durung klakon..” Semaure Dalijo.

“Weh, aja madakne lakuning urip karo Gusti Jo, beda lha. Awake dewe iki mung titah..” Omonge Lik Ndoleng.

“Iya, pancen mung titah, ananging ya dikersakne nglakoni kaya kang ditindakake dening Gusti. Wis sepuh lho Lik, ngko getun, njur MUWUN, utawa nangis amarga ora isa kaya Gusti..” Semaure Dalijo, dene Lik Ndoleng mung manthug-manthug, sajak sadar yen babagan nggunakne mripating batin kuwi pancen durung dilakoni,merga manut penemune ora ana doctrine kang memulang, persis kaya sing maca tulisan iki. Hehe..

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH