Rabu, 05 Januari 2022

NYAMBUNG

 

Rebo Legi Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 31 : 7-14

Jabur 72

“Saèstu Panjenenganipun badhé mitulungi tiyang mlarat, ingkang sesambat, mekaten ugi tiyang ingkang kesrakat sarta ingkang kapiran. Panjenenganipun badhé nresnani tiyang sèkèng lan tiyang mlarat, nyawanipun tiyang miskin badhé dipun pitulungi. Sami badhé dipun tebus saking panindhes lan panganiaya, rahipun dipun anggep adi.

Jabur 72 : 12-14

 

Tembung NYAMBUNG kuwi tegese gathuk utawa kraket ing antarane barang utawa kahanan siji karo liyane. Dene cikben isa NYAMBUNG biasane butuh srana. Isa kena di anggo gegambaran bab NYAMBUNG kuwi kaya dene Tipi lan daya listrik. Cikben isa sansaya tambah manfaate, tipi kuwi kudu disambungake daya listrik lan kuwi mbutuhake srana, yakuwi kabel. Yen wis NYAMBUNG mesti ana paedah sing luwih gede lan apik. Ana meneh gegambaran bab NYAMBUNG, yakuwi bab banyu. Banyu saka tuk utawa sumber kae butuh srana cikben tekan kolah nggon kamar mandi, isa nganggo selang utawa pralon lan ora kleru yen srana NYAMBUNG’ake nganggo tenaga menungsa lumantar dipikuli utawa digendong cikben tekan ngomah.

Ana crita kitab suci kang magepokan karo bab NYAMBUNG, ananging  ing kene babagan sesambungan ing antarane menungsa minangka titah karo Gusti Allah minangka kang nitahake. Neng kitab Jabur bab 72, neng kana dicritakne bab pandongane raja Soleman cikben Gusti Allah maringi berkah marang Raja. Soleman nyenyuwun marang Gusti cikben sang Raja tansah NYAMBUNG karo Gusti Allah, awit mung lumantar kahanan NYAMBUNG kuwi sang Raja isa tumindhak memper Gusti Allah. Yen kahanane urip sang Raja ora ana sesambungan babarblas karo Gusti, tangeh lamun uripe memper Gusti. Soleman ndongakne cikben sang Raja isa  nresnani lan mitulungi sing kesrakat lan kabeh sing nampa kahanan rekasa bakalane isa ditulungi sang Raja. Kabeh ayahan raja kuwi mung isane klakon nalika uripe NYAMBUNG marang Gusti, mula kuwi kang dadi isining dongane Soleman.

Kaya kang dilakoni dening Soleman, semono uga ing jaman saiki ya ora sithik sing ndongakne liyan. Ananging kayane isining donga mung nalika nampa lelara lan nalika arep nggayuh samubarang. Ing jaman saiki ayahan ndongakne liyan mung nalika ana “rekuest” utaw penjaluk, kuwi wae ora adhoh saka lelara lan gegayuhan liyane. Yen ndongakne kaya kang dilakoni Soleman, kayane jik arang. Sakliyane kuwi sajake sing njaluk didongakne cikben isa ngayahi kaya kang didongakne Soleman ya meh mokal. Paling sing lumrah lumaku nalika lara njaluk didongakne lan nalika anake arep ujian wae, sakliyane kuwi jik karang-kading.

Lha njur yen arang sing ndedonga kaya Soleman kuwi tegese uripe wong jaman saiki kuwi ora NYAMBUNG marang Gusti Allah? Wah, yen kuwi sumangga para sedulur sing mbiji. lan sing penting mbiji awake dewe ndisik, apa wis bener-bener NYAMBUNG karo Sang Sumbering Katresnan, Sumbering Sih Rahmat, Sumbering Pitulungan?

 

“Wah Leng, aku krasa tenan karo BENINGE EMBUN ESUK dina iki..” Unine Kang Solebo nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Aku yak rasa gek Bo. Saksuwene iki jebul aku durung NYAMBUNG karo Gusti..mung nggugu karepku dewe, sanadyan aktip olehke ngaBEKTI..”Semaure Lik Ndoleng sinambi nglithing udud, jare tahun 2022 arep berhemat.

“Kula nggih ngaten kok dhe…krasa saestu..jebule urip kula dereng saestu NYAMBUNG kalih Gusti” Iin melu urun rembug sinambi nyuguhake kopi lan kacang godog.

“Mbok muni Jo! Ora mung meneng wae…melua urun rembug..” Swarane Lik Ndoleng sajak sora sakwise nyruput kopi.

“Haiyah, sing maca tulisan iki yap elite ngeram urun rembug Lik, mosok aku mung ora melu cluluk bab NYAMBUNG karo Gusti wae wis mbok uneni..” Semaure Dalijo sinambi nyumet Tuton, merga MLD nembe mundak regane.

“Cen iya kok Lur. Awake dewe kuwi mung rumangsa sok NYAMBUNG karo Gusti. Mula ya mung rumangsane yawis tumindak apik, ananging ijik rumangsane.. Nyatane ya sumangga dicek dewe-dewe” Ngendikane Kyai Kento Sing Mbaurekso Mbendho.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH