Selasa, 04 Januari 2022

OMAH

 

Selasa Kliwon 4 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 6 : 1-5

Jabur 72

Para Rasul 7 : 44-53

Langit kuwi dhampar-Ku, lan bumi iki ancik-anciking pada-Ku. Omah kaya apa sing arep kokgawé kanggo Aku? Ana ing ngendi panggonan-Ku ngaso?

Para Rasul 7 : 49

 

OMAH, mbokmenawa kabeh wis padha pana utawa dong bab wujude,fungsine,modele lan kabeh ubarampene. Meh kabeh sing maca tulisan iki paham lan butuh karo apa kang kinaranan OMAH lan kabeh mesti  kepengin nduweni. Okeh lan kepara meh kabeh sing maca tulisan iki nduwe OMAH lan kepara ora mung siji, isa nduweni okeh OMAH sanadyan butuhe ya kanggo ngeyup lan ngaso sawetara, merga jejege menungsa kuwi butuh lunga, ora mung neng njero OMAH wae. OMAH kuwi isa dadi wujuding berkah, ananging uga isa dadi srana congkrah lan bubrah, gumantung karo sing menehi arti marang kahanane.

 

Crita bab OMAH ya okeh pating sliwer neng kitab suci, salah sijine neng wacan kitab suci dina iki, neng Para Rasul bab 7. Neng kana Sang Roh Suci memulang wong okeh lumantar Stefanus bab Pedaleman Suci. Nalika bangsa ngisrael mengerti bab sejarahe Pedaleman Suci, saka mung awujud kemah sederhana tumeka binangun apike ngeram.Ananging sarehne sakwise binangun apik njur wong ngisrael lali, yen kuwi mung pralambang. Merga mung pralambang, mula ya kudu mangerti papan sejatine, yakuwi “OMAH’e Gusti”, yakuwi makuwon neng telenging batine menungsa. Gusti Allah lumantar Stefanus ngelingkae bahayane “kleru penemu” bab OMAH kanggo Gusti. Mulane nalika ngelikake laku luput para penggedene agama Yahudi, Stefanus njur disengit lan dipateni. Ora mbiyen-ora saiki, lumaku ing bebener dalah elik-elik  ben tetep lumaku ing dalaning bebener kuwi entuke paukuman.

 

Penemu kaya para penggedhe agama Yahudi ing jamane Stefanus kuwi jebul tekan saiki ora sirna  lha malah ngembaka. Ora sithik greja sing mung mikir OMAH kang ketok blegere utawa OMAH fisik dene OMAH sing sejati, yakuwi telenging ati blas ora dimangerteni. Ing jaman saiki ora sithik sing mung mikir piye nggawe “dalem pamujan” kang megah (sstt..anggere ora megahi lho ya..), ananging OMAH sejatine Gusti, Sang Roh Suci, malah ora binangun. OMAH kang sejati kuwi malah ijik keak rereget kang arupa rasa sengit, rumangsa bener dewe, madeg ngluwihi Gusti Allah,srei lan drengki. Kabeh reregeting OMAH sejatine Gusti kuwi coba ditutup lumantar mbangun gedung-gedung gede lan mewah. Lho apa salah? Ora, ananging sing kudu dimangerteni, Gusti Allah pancen butuh OMAH, yakuwi atine menungsa kang pasrah lan sumarah.

 

Kaya paseksine Stefanus, Gusti Allah isa ndadekake kabeh minangka OMAH, minangka dhampar lan acncik-ancike. Jagad iki kabeh isa dadi OMAH kanggo Gusti lan sejatine Gusti ngersakne “ngaso” lan dedhampar ana neng sakjroning atine para wong kang pasrah dalah sumarah, ora sing kokean polah ora nggenah malah sok rumangsa ngluwihi Gusti Allah.

 

“Jo, yen jare kitab suci Gusti Allah kuwi kersa atine menungsa dadi OMAH, kuwi cak-cak’ane piye ya?” Takone Lik Ndoleng sajak sengrius nalika jagongan neng Lincak Sor Talok, ndelalah sore kuwi kedayohan Kyai Kento sing kawentar piwulange.

“Ya aja mung mikir mbangun OMAH kang waujud pisik wae ta Leng, kuwi penemuku” Unine Kang Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Aku ya mathuk karo penemu kuwi Lik..” Unine Dalijo.

“Ajeg kowe kuwi Jo,mung ngopi-paste penemune liyan..” Lik Ndoleng sajak ora marem karo penemune Kang Solebo lan Dalijo.

“Lha njajal sliramu To, wis patang windu ora ngetok mung semedi, kene wenehana piwulangmu.” Lik Ndoleng sajak selak kepengin mangerteni.

“Sabar Leng, sareh…sakdurunge tak wenehi wangsulan, tak takon ndisik. Kanggomu, sing kinaranan “wong dosa” lan diarani sampah masyarakat kaya lesbi, gay, psk lan wong sing luput kuwi kira-kira entuk pangapura saka Gusti pora?” Takone Kyai Kento.

“Yen manut aku, ya abot To. Lha wis ngerti kuwi luput kok dilakoni. Contone, blaka wae, PSK.Lha ngerti kuwi luput kok jik dilakoni?” Lik Ndoleng semangat menehi wangsulan.

“Lha yen gawean kuwi merga kepepet kanggo ngrumat anak lan kanggo nyambung urip?” Takone Dalijo.

“Tetep ora mungkin Gusti ngapura..” Lik Ndoleng ngeyel.

“Ngene Lur..sing dadi wigatine BENINGE EMBUN ESUK saka mbah’e bab OMAH kanggo Gusti utawa Sang Roh Suci kuwi nalika uripe migunani tumrap Liyan. Gusti ngapura kabeh salah lan dosa, sing angel lan wegah ngapura kuwi lak greja lan menungsa” Ngendikane Kyai Kento. Kabeh njur mlenggong sajak ora trima, kaya sing maca tulisan iki.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH