Jumat, 28 Januari 2022

NGUNGSI (2)

 

Jemuah Wage 28 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 35 : 20-27

Jabur 71: 1-6

Para Rasul 19 : 1-10

“Dhuh Allah, kawula ngungsi dhateng Paduka, mugi sampun ngantos kawula kwirangan. Paduka mugi kersa nguwalaken kawula lan ngluwari kawula krana saking kaleresan Paduka. Paduka mugi nilingaken pesambat kawula, sarta ngluwari kawula.

Jabur 71:1-2

 

NGUNGSI (judul iki nate dienggo dek tanggal 29 Maret 2019, mula digawe seri..) kuwi ayahan utawa tumindak kang dilakoni dening titah kanthi sadar. Dene racake kang dadi pancatan sadar kuwi kahanan kang ora kepenak utawa ora gathuk karo kahanan kang dadi kepenake titah kuwi. NGUNGSI kuwi racake pindah enggon, saka papan kang rinasa ora kepenak menyang papan kang diyakini (luwih) kepenak. Papan kanggo NGUNGSI kuwi isa kinaranan pangungsen, lan kang kinaranan pangungsen kuwi isa wujud papan, kahanan lan uga pawongan utawa pribadi. Yen ana bencana alam, kayata banjir, gunung njeblug, gempa bumi utawa lindu, titah mesti nggolek papan pangungsen kanggo NGUNGSI, dene menawa nduweni masalah kang rinasa abot, sanadyan ing kawicaksanane Gusti kuwi jik kuwat, menungsa (eh, titah ding..hehe) racake NGUNSI marang sing Gusti Allah.

 

Crita bab NGUNGSI kuwi nate dadi pengalamane juru jabur,nalika nembe ngalami kahanan kang cengkah karo kekarepane. Saka rumangsane prabu Dawud (kang nganggit jabur 71) apa kang dialami abote ngeram, kayane ora kwagang ngadepi. Saking abote sanggan kang kudu disangga dening prabu Dawud, mulane panjengane kudu NGUNGSI, njaluk pangayoman lan kuwi mung ana ing Gusti Allah. Nalika kuwi prabu Dawud mentas “kejegur “ ing juranging urip kang jero banget, merga ngrampas bojone senopati Uria lan dielikake dening nabi Nathan. Mula isa dibayangake sepira abote sanggane prabu Dawud. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi, mung siji papan pangungsen kanggo NGUNGSI, yakuwi Gusti Allah. Lha njur apa kabeh isining praja ngisrael mathuk karo lelakone sang prabu Dawud? Mesti ora, merga wong akeh mesti akeh pikiran, lan sing cetha kaya jaman saiki, mesti ana oposisi. hehe.

 

Kang isa dadi piwulang kanggo pasinaone urip ing saben jaman (klebu saman saiki), ngadepi sanggan apa wae, titah kuwi kudu NGUNGSI mung marang Gusti. Sakwise NGUNGSI marang Gusti, cikben Gusti kang makarya, ora usah ngegege mangsa, ora usah ngatur Gusti, amarga wektune Gusti kuwi mesti sing paling apik. Sing kudu didadekne cekelaning urip, manut tuladhane raja Dawud, kabeh menungsa kuwi mesti nduweni sanggan, lan aja NGUNGSI marang papan liya sakliyane Gusti Allah. Apa wae kang kudu dialami, ya tampa wae kanthi pamaturnuwun amarga wis diparingi kalodangan dening Gusti ngrasakne pengalamaning urip.

Mula saka kuwi para sedulur (wealah, ngaku-aku sedulur, yonek gelem diarani sedulur..hehe), payo sinau karo pengalamane raja Dawud. Urip iki tansah ngadepi maneka werna kahanan, apik lan ora kuwi mung gumantung carane nyawang lan ngrasakne. Lan meneh, ora ana siji-sijia kahanan kang ora kapirsan dening Gusti, kabeh diprsane dening Gusti lan uga diidini (diijinkan). Mula payo nyawang lan ngrasakne kabeh lelakone urip iki minangka carane Gusti nresnani, urip ing ndonya iki tansah mobah-mosik, ora mung meneng wae. Yen ana padang ya ana peteng,yen ana okeh ya ana sithik, ya ana rekasa ya ana kepenak, mulane payo mapanake kabeh ana ing pangreh lan pangreksane Gusti. Payo NGUNGSI marang Gusti.

 

“Sesuk sambatan Leng, usung jagung tegale Wothok” Unine Kang Solebo nalika jagongan neng Lincak Cakruk Sor Talok.

“Weh, aku isin Bo, bauku ora isa ngimbangi liyan, kamangka mengko jatahe mangan padha lho..” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Tumben eling, sadar-diri Leng, biasane kokean rembug awakmu uwi” Celathune Senthot sinambi nggayemi turahan telo bakar ndek sore.

“Dengkulmu mlocot kuwi Thot, rumangsaku kok kanggomu aku iki ora tahu bener..” Sambate Lik Ndoleng.

“Haiyah, ngono wae nesu Kang, kaya ra apal karo Senthot wae..” Unine Kyai Gigut, sinambi ngombe banyu putihan.

“Ora usah baper Leng, yen disambati ya mangkat lan nggawa sakuwate. Sing nyambat mesti ya apal karo sliramu…” Omonge Kang Solebo meneh, sajak wicaksana.

“Ssstt…bener pakde Lebo, ayo mikul sakuwate, aja kenthengen lan aja kabotan. Gust iwis maringi nalar kanggo ngetung sepira kekuwatane dewe, lan meneh, yen rumangsa isin lan kabotan, NGUNGSI wae marang “Sing Nyambat “, mesti aman” Ngendikane Kyai Kento, kabeh meneng sinambi manthuk-manthuk, kaya sing maca tulisan iki, merga krasa ora patio nyambung.Hehe..

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH