Rabu, 12 Januari 2022

MRIPAT

 

Rebo Pon 12 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 27 : 1-11

Jabur 106 : 1-12

Lukas 11 : 33-36

“Mripat kuwi kena diupamakaké diyan ana ing awak. Yèn mripatmu waras, awakmu sakojur padhang njingglang. Nanging yèn mripatmu blawur, awakmu sakojur iya banjur dadi peteng. Mulané padha ngati-atia supaya pepadhang sing ana ing awakmu kuwi aja dadi peteng.

Lukas 12:34-35

 

MRIPAT kuwi salah siji pirantining urip kang diparingake dening  Gusti cikben titahe Gusti jangkeb anggone nglakoni uripe. MRIPAT kuwi basa krama tengahan, dene basa ngokone mata, dene fungsine MRIPAT kuwi kanggo nyawang cikben isa weruh. Sakliyane MRIPAT, menungsa kuwi sinandhangan pirantining urip kang wus jangkeb, uga ana pikiran, saraf,kuping, sikil,tangan lan liya-liyane. Kabeh pirantining awak kanggo urip kuwi siji lan sijine ana sesambungane, mula nalika MRIPAT nyawang kahanan kang isa sinawang njur ngirim apa kang disawang kuwi menyang pikiran. Sakwise “data’ kang tinangkep dening MRIPAT kuwi tumeka ing pikiran, njur “dianalisa” lan disimpen kanggo diolah cikben gathuk karo data-data kang wus mlebu sakdurunge.

 

Neng Injil Lukas Gusti Yesus memulang bab MRIPAT kang kagambarake kaya diyan utawa dimar kang madhangi kahanan. Sakwise isa madhangi kahanan, njur uripe menungsa ya isa dadi pepadhang. Sakliyane kuwi ing kitab suci uga ana piwulang bab  sesambungane menungsa karo Gusti Allah nalika kawiwitan karipta, yakuwi nduwe sesambungan kang mirunggan. Ana uga piwulang luhur kang nggambarake yen ing sakjroning uripe menungsa kuwi ana “percikan cahyaning Gusti” kang manggon ana ing telenging batine. Cahyaning Gusti kuwi kang isa dadi pepadhang, cahyaning Gusti kang manggon ana ing telenging batin kuwi kang bisa nduweni fungsi minangka MRIPAT batin. Amarga nduweni sipat MRIPAT, mula wis sakmestine yen batin kuwi ya isa nyawang sadengah kahanan.

 

Kaya kang wus tinulis ing ndhuwur, batin utawa nurani (basa ngindonesa) kuwi kadya MRIPAT, mula ya kudu isa nyawang. Nyawang endi kang becik lan ora becik lan sakwise kuwi njur isamarakne urip sakwutuhe dadi padhang njingglang. MRIPATing batin kang fungsine ijik apik mesti ndadekne uripe menungsa padhang njingglang. Mulane sing sapa wae uripe rinasa peteng-ndhedet  mesti merga MRIPATing batine ora berfungsi. Nalika uripe peteng ndhedet, kahanane mesti kemrungsung, grusa-grusu, gampang nesu, gampang ngamuk lan uga seneng nyalahake liyan. Kuwi sethitik buktine menawa menungsa kuwi MRIPAT batine ora berfungsi apik, kuwi kang marakne batin kang minangka “percikan cahyaning Gusti” urupe katutu karo nepsu kamanungsane kang buthek lan lekoh.

 

Mula saka kuwi, payo nglatih MRIPAT batin iki kanggo nyawang, payo mungsekake meneh MRIPAT batin iki cikben kaya sakala dititahake dening Gusti. Nalika batin isa nyawang kanthi wening, nyawang wae ora usah mbiji, ing kana menungsa njur isa mangerteni kabeh kersane Gusti. Lan sakwise isa mangerteni kersane Gusti lan dilakoni, uripe menungsa kuwi dadi padhang njingglang. Yen kahanane urip padhang njingglang, mesti sing sapa wae ketemu isa ngrasakake penak lan ayem tentrem.

 

“Nyawang apa kowe kuwi Jo, sajak serius temen?” Takone Kyai Gigut neng Dalijo, nalika sore kuwi kaya padatan, nglumpuk neng Lincak Sor Talok.

“Kuwi lho kang, Kemonggo sing nggawe omah, jebul minangka cara nggolek pangan..”Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Lha apa kurang gawean ta Jo, kaya mengkono mbok gatekne?” Takone Lik Ndoleng.

“Lha iki ya gawean lho Lik, nglatih MRIPAT cikben isa nyawang luwih padhang” Semaure Dalijo.

“Weh, pancen bener awakmu Jo, awake dewe iki arang banget nyawang kahanan kiwa tengen kanthi permana lan wening, urip mung sarwa kesusu… Njajal tak melu nyawang sing wening” Unine Kyai Gigut.

“Mathuk Gut, jale tak meu nyawang, kira-kira weninge batinku mengko nemokake apa..”Kang Solebo melu urun rembug sinambi nyumet jisamsune.

“Ndang nyawanga Leng, MRIPATmu jik apik ra?” Senthot melu rembugan lan kaya padatan njarag Lik Ndoleng.

“Dengkulmu mlocot thot, mbok kowe ya njajal nyawang” Semaure Lik Ndoleng.

“Wah, pancen Dalijo kuwi jos tenan, sakwise aku nyawang nganggo MRIPAT wadag iki, MRIPAT batinku melu ngerti, yen lumantar kemonggo iki, aku isa eling kepiye Gusti anggone ngumat kabeh titah kagunganne” Kyai Kento njur crita kang dirasakne sakwise nyawang Kemonggo kuwi.

“Kuwi Lik, saiki ndang sawangen uripe Yu wasti karo Kang Markun kanthi weninge batin, rasah cemburu, rasah kemrungsung..”Iin ngetokne kopi sinambi njarag Lik Ndoleng.

“Jindulll…ilang konsentrasiku In, gara-gara unimu…Dusss!!” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH