Senen
Wage 3 Januari 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
Ayub
42 : 10-17
Jabur
42
Lukas
8 : 16-21
“Sawisé Ayub ndongakaké para mitrané telu-teluné, Pangéran
banjur mangsulaké Ayub dadi sugih menèh, malah diparingi tikel loroné
kasugihané sing biyèn.” Ayub 42 : 10
Tembung NDONGAKAKE kuwi linggane donga, kang nduweni
teges utawa arti mbangun sesambungan utawa komunikasi ing antarane menungsa
minangka titah karo Gusti Allah minangka kang nitahake. Yen mengkono tembung
NDONGAKAKE kuwi njur nduweni arti utawa menungsa kang mbangun sesambungan
wigati lan mirunggan marang Gusti Allahe ora kanggo butuhe dewe ananging kanggo
butuhe liyan. Ing kene tembung NDONGAKAKE ora mung winates ungeling rembug kang
tinata apik tur ya edi-peni ananging ora mrenthul saka telenging ati kang
wening lan iklas, ananginging NDONGAKAKE liyan kanthi ilasing manah lan
babarblas ora ana kepentingan liya sakliyane nyenyuwun marang Gusti murih liyan
antuk tentrem lan rahayuing urip.
Bab NDONGAKAKE kanggo liyan kuwi apik menawa sinau
saka Ayub, kang kanthi tulus iklas nyenyuwun marang Gusti Allah lumantar donga
kanggo liyan (para kancane). Yen kancane nalika Ayub ngadepi sengsaraning urip
mbelani lan nulungi wis lumrah menawa Ayub NDONGAKAKE karaharjane
kanca-kancane, lha iki nalika Ayub ngrasakne rekasaning urip malah dicucuh yen
kabeh kuwi merga lupu lan dosane Ayub. Sanadyan nalika ngrasakne aboting
kahanan urip kanca-kancane ora mbelani, ora nyengkuyung malah kepara nyalahake,
ananging Ayub tetep NDONGAKAKE kabecikan kanggo para kancanelan kuwi kang dadi
keparenge Gusti Allah.
Ing jaman saiki lan uga sing maca tulisan iki ya ora
sithik sing nate NDONGAKAKE liyan. Ananging kang dadi punjering “refleksi”, apa
yaw is wani nempuh dalaning ercaya Ayub, nwani NDONGAKAKE marang kang natoni,
marang kang nyalahake, marang kang mitenah, marang kang nglarani ati? Yen mung
NDONGAKAKE kanggo liyan sing nulungi,sing menehi, sing apikan, kabeh isa
nglakoni lan mala hora usah sinau abot-abot, ananging nalika isa NDONGAKAKE
liyan sing ora apik marang awake dewe, kuwi sing manut kersane Gusti.
Mula saka kuwi para sedulur, payo nulad-nuladha
lakuning urip percayaning Ayub, kang sanadyan nyangga aboting momotaning urip
tetep setya tuhu ngugemi percayane marang Gusti. Payo nuladha lakuning percaya
Ayub, sanadyan kanca-kancane sing cedak nyalahake , tetep NDONGAKAKE kabecikan.
Sepisan meneh, yen mung NDONGAKAKE liyan sing tumindak apik marang awake dewe,
kuwi mayar lan ora usah ngrekasa-ngrekasa latihan, ananging yen NDONGAKAKE
liyan sing sengit lan nglarani ati kuwi butuh latihan rohani kang ora sedelok.
Wis, ngono wae, arep NYUSUl jagongan neng Lincak Sor Talok.
“Leng, sakumpamane teka titi-mangsane ana acara njur
awakmu kon NDONGAKAKE brayate Markun, kira-kira gelem ra?” Takone Kang Solebo
miwiti jejagongan mbengi kuwi.
“Weh, ya kudu nyawang kahanan ta Bo, bab gelem lan
orane kuwi mayar..” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.
“Yen NDONGAKAKE rekasaning uripe Kang Markun mesti
gelem ya Lik?” Unine Iin nalika nyuguhake kopi lan kacang godog.
“Denggelmu mlengkung kuwi In! Kok ngepal ngono
marang aku ta Nduk…” Semaure Lik Ndoleng.
“Mula ndang diwangsuli Lik, pitakone kang Solebo
kuwi..” Iin mbacutke rembugake.
“Piye apike Jo?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo
sing nembe nyruput kopine.
“Yen aku, sampeyan kudu sinau marang critane Ayub
Lik, kaya sing neng BENINGE EMBUN ESUK kae, wani NDONGAKAKE marang sapa wae,
malah kepara sing natoni ati..sing nyengit lan ngrekasakne urip..” Semaure
Dalijo.
“Lha aku ora lara ati karo Markun..aku mung..”
Durung kober mbacutake omongane, kesaut swarane Iin.
“Haiyah, mbok blaka-suta..blak kotang terus….(mangga
sing maos sing mbacutake)…”Unine Iin lan durung kober rampung, Genten Lik Ndoleng munggel omongane Iin.
“Duss..kenek meneh lurr..Asem..!!” Gresahe Lik
Ndoleng.
@semesta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar