Rabu, 26 Januari 2022

MBALENI

 

Rebo Pahing 26 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 36 : 27-32

Jabur 119 : 89-96

Lukas 4 : 38-44

“Sawisé Raja Yoyakim ngobong kitab gulungan sing didhiktèkaké marang Barukh, Pangéran ngandika marang aku, supaya njupuk kertas gulungan lan nulis menèh sakèhé pangandika sing wis katulis ana ing kitab gulungan sing kapisan.

Yeremia 36 : 27-28

 

MBALENI kuwi tembung linggane bali, kang tegese mulih utawa mbalik saka sawijining papan marang papan kang dadi mula-bukane. Sakwise dadi tembung MBALENI saka lingga bali, njur nduweni teges tumindak kanthi sadar kang makarya kang wis nate dilakoni. Dene wujude pakaryan kuwi isa lelaku, kayata nalika mlaku saka sawijining papan tumuju papan seje, lha bareng tekan saktengahe ndalan njur eling ana sing ketriwal ing papan sakdurunge, mula njur kudu MBALENI. Sakliyane kuwi bab MBALENI uga isa klakon nalika gawean kang wus dilakoni ilang utawa kabusak.

 

Ing kitab Yeremia ana crita babagan ayahan mbaleni. Nalika kuwi nabi Yeremia antuk ayahan nggoleki gulungan kitab toret, njur dikon nulis meneh. Ananging sakwise rampung anggone nulis meneh apa kang dadi isining toret kang isine raumum okehe kuwi, njur diobong dening raja Yoyakim. Bener yen kang antuk ayahan nulis utawa nyalin kitab kuwi wiwitane Barukh, lan nabi Yeremia mung nekseni, ananging sakwise diobong dening raja Yoyakim, sing kudu MBALENI nulis meneh nabi Yeremia. Isa dibayangake kepiye rekasane MBALENI nulis tulisan kang ora sithik. Lha njur apa sebabe raja Yoyakhim ngobong gulungan kitab kang wis katulis kuwi? Weh, ya embuh, kuwi kitab suci ora menehi katrangan, isa wae merga ora kepranan karo tulisane, isa wae merga ora seneng karo Barukh lan uga nabi Yeremia. Sing cetha anane gulungan kitab kuwi diobong amarga ana rasa sengit kang umub ing uripe raja Yoyakim.  Dupeh nduweni pangwasa ing praja njur daksiya marang liyan kang wis makarya pol-polan.

 

Ing jaman saiki apa kang dilakoni dening raja Yoyakim kuwi ya jik lumaku, sanadyan kanthi model bedha. Jik seneng menungsa kang rumangsa nduweni pangwasa lan sakbanjure tumindak daksiya marang liyan, jik okeh menungsa sing seneng “Mbusak” gawean lan sejarahe liyan amarga rasa sengit, rasa gething lan rumangsa apik dewe. Yen pancen kaya ngono kang klakon, njur kepiye kang kudu dilakoni marang kang gaweane dibusak? Mayar wae, payo padha MBALENI, yen dibusak meneh, ayo MBALENI meneh. Intine, aja mandeg tumindak kang didhawuhake saka Gusti, sanadyan ora kinajenan, sanajan ora dianggep dening menungsa. Amarga ing njagad padhang iki, ora sithik menungsa sing rumangsa ngluwihi pangwasane Gusti Allah, ya kaya raja Yoyakim ing critane kitab suci. Yen ayahanmu ora dianggep utawa diobong, ya payo MBALENI ayahan kuwi meneh, ngono wae malah kepenak, dene kapan rampunge, kuwi pasrahke marang Kang Kwasa Ngecet Lombok.

 

“Jo, wingi ngandi ora ngetok? Goleki sedulur Waleri kae lho?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.

“Aku nyulami tandhuranku Lik, sing diorak-arik mbuh apa utawa sapa..”Semaure Dalijo sinambi nyumet Tutone.

“Lha wis ping pira olehmu nyulami Jo?” Takone Kang Solebo, kaya padatan, sinambi ngetokne jisamsune.

“Walah, wis ora kepetung kang, ping okih olehku MBALENI nandhur lan ngrumat..” Semaure Dalijo.

“Cen awakmu kurang gawean kok Jo, kaya ngono kok mbok “bolan-baleni” wae..Pora kesel anggonmu MBALENI kuwi?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Kowe pora ya pengen MBALENI tresnamu karo Wasti Leng, pora kelingan njaman mbiyen indak-indak terut cedak kandang?” Takone Senthot sinambi ngemut premen merga ora udud lan arep nginang isin.

“Denggelmu mlocot kuwi Thot, iki bab liya kok ya tekan kuwi meneh..!” Unine Lik Ndoleng.

“Gatekne cah kuwi piwulange mbahe, kudu wani MBALENI ayahan apik kang kebusak utawa ilang” Kyai Gigut melu urun rembug.

“Yen aku ya mathuk karo piwulange mbahe kuwi lur, sumadya MBALENI apa wae ayahan kang binusak. Aja kesel makarya apik, lan payo dieling, aja nduweni watag sengit kaya raja Yoyakhim, amarga lumantar sengit, liyan isa sengsara” Ngendikane Kyai Kento

“Lik, entuk weling saka Yu Wasti, jak MBALENI masa lalu..”Unine Iin nalika nyuguhake kopi lan kacang godog.

“Crigis In..!” Pamisuhe Lik Ndoleng.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH