Selasa, 06 April 2021

PRAYOGA

 

Selasa Pahing 6 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK

Kebun Porang


Purwaning Dumadi 1 :20-2:4a

Jabur 118 :1-2,14-24

1 Korinta 15 :50-58

Gusti Allah tumuli mirsani samubarang yeyasane, lan kabeh wus prayoga linuwih. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping nem.” Purwaning Dumadi 1:31

 

Tembung PRAYOGA kuwi tegese apik utawa becik, pas, memper, wangun, jumbuh lan enak dirasa lan disawang. Mula ya orasah kaget yen ana tembung diprayogakne, pamrayoga (yen basa karma pamrayogi), kabeh kuwi nggambarake kahanan utawa kondisi kang apik, paling ora ngener utawa ngarah marang kahanan kang apik. Neng Kitab Suci, okeh tebung PRAYOGA, saka kitab Purwaning Dumadi tekan Wahyu, kaya kang dadi ayat nats ing dina iki lan uga ana neng Jabur 133, ing kana tembung PRAYOGA njedul.

 

Nalika Gusti Allah nitahake jagad, kabeh dipirsani lan jebule kabeh pinirsan apik utawa PRAYOGA. Apik utawa PRAYOGA kuwi isa uga amarga seimbang, pas, jangkeb lan sakpiturute. Jagad iki katitahake jangkeb, ana awan lan wenfi, ana padhang lan peteng, ana larang ana murah, ana dawa ana cendak lan sakpiturute. Lha njur kok ing jaman saiki ana kahanan kang ora PRAYOGA, kuwi apa sebabe? Kuwi amarga polahing menungsa, amarga titah liyane nglakoni urip kuwi mung saderma nuruti naluri. Kayata, Singa kuwi sak ganas-ganase, mangan ya mung sakwaregan, beda karo menungsa, mangan nganti kewaregan lan malah numpuk bahan panganan nganti sakhilolah lan isa malah dadi lan bosok’e. Bab papan panggonan, sakpinter-pintere manuk Branjangan nggawe susuh, mung nggawe lan nduwe siji, beda karo menungsa, wis nduwe omah jik numpuk omah njur dikontrak-kontrakne, kamangka liyan lan sedulure babarblas randuwe omah. Rusaking njagad iki merga menungsa sing srakah, menungsa sing ora isa nduweni laki PRAYOGA.

 

Jagad iki wiwit mula tinitahake PRAYOGA, lan menawa saiki ora PRAYOGA, kuwi mung merga polah-tingkahe titah kang kinaranan menungsa, klebu sing maca tulisan iki. Ananging, sanadyan sing ndadekne jagad ora PRAYOGA kuwi menungsa, sing nduweni “otoritas” mbalekake supayane dadi PRAYOGA meneh ya menungsa. Lha njur piye carane? Nglakoni urip sing manut kersane Gusti. Carane piye? Lakonana urip sakderma wae, sakcukupe lan aja lali andum-ingaduman karo liyan. Liyan kuwi oramung menungsa lan sedulure thok,ananging liyan kuwi ya kabeh isining njagad iki, merga kebeh kuwi titahe Gusti Allah. Nggunakake samubarang saperlune wae, aja thakah-thakah, aja aluamah, elinga liyan, kuwi tumindak kang PRAYOGA murih jagad isa pulih kaya wiwit mula tinitahake dening Gusti Allah.

 

“Leng, ngandi Dalijo, kok rung njedul?” Takone Siwo Solebo.

“Mbuh, anggere terang, ora udan ngene iki neng kebone Porang nganti mbengi..” Semuare Lik Ndoleng.

“Weh, cen sregep tenan cah kae..” Tanggepane Wo Solebo.

“Sregep karo srakah kuwi bedane tipis lho Bo..” Unine Lik Ndoleng, lan rung kober Wo Solebo mangsuli, ketungka Dalijo njedul lan menehi wangsulan.

“Males lan nrima ing pandum kuwi ya tipis bedane lho Lik..”

“Bener awakmu Jo, bener penemumu..” Omonge Siwo Solebo.

“Aku kuwi makarya mung saderma kok Wo, nganti wengi neng Kebon Porang kuwi merga ngrumati, ben luwih apik. Aku ora srakah lho..wong sing butuh bibit ya takwenehi, sanadyan mung sakdrema, lha wong okeh sing sugih duwit, ananging pelit. Gah cucul duwit ananging butuh bibit..ngko njaluk, nandur, ananging ora dirumat..tumindake blas ora PRAYOGA tenan..” Dalijo njlentrehake uneg-uneg’e.

“Bener kandamu Jo, makarya’a nalika isih bisa, ben jagad iki dadi PRAYOGA meneh…” Ngendikane Pakde Kento.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH