Senin, 05 April 2021

PEPADHANG

 

Senen Legi 5 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 1 : 1-19

Jabur 118 :1-2,14-24

1 Korinta 15 :35-49

Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahake langit lan bumi. Anadene bumi mau campur-bawur lan suwung, segara kesaput ing pepeteng, dene Rohe Gusti Allah nglayang ing sadhuwure banyu.Gusti Allah banjur ngandika: “Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang.

Purwaning Dumadi 1 :1-3

 

PEPADHANG kuwi linggane Padhang, sing tegese kahanan kang kepenak, amarga isa nyawang sabarang kahanan tanpa pepalang. Racak’e menungsa (sing lekune bener) seneng marang kahanan Padhang, mula mbutuhake PEPADHANG, mbuh yen sing seneng mlakune nylampar, mesti senengane kahanan kang peteng. Oiya, tembung PEPADHANG kuwi tegese samubarang kang dadi sumbering padhang. Ing njagad iki okeh barang kang isa dadi sumbering padhang, kayata srengene, mbulan, lampu, senter, senthir lan liya-liyane. Ananging ana sumbering PEPADHANG kang langgeng, yakuwi Gusti Allah.

 

Kitab Purwaning Dumadi crita bab mula-bukane Gusti Allah nitahake PEPADHANG, yakuwi kanggo misahake saka peteng. Yen kahanane mung peteng kabeh,kuwi babarblas ora apik, ora becik. Mulane, supaya dadi apik lan becik, Gusti njur nitahake PEPADHANG minangka sumbering padhang. Lumantar kahanan kang padhang-njingglang, titah (klebu menungsa), isa nyawang kahanan kanthi luwih apik, ancase, sakwise isa nyawang kahanan kanthi luwih apik kuwi, njur isa milah dalah milih samubarang kang apik lan becik.

 

Bab padhang-peteng lan ga PEPADHANG lan uga pepeteng kuwi teakn saiki ya ijik klakon tekan saiki. Malah saking pintere menungsa, isa nggawe piranti minangka sumbering padhang. Kuwi kabeh mbuktekake menawa menungsa kuwi ginaris luwih seneng marang kahanan padhang tinimbang peteng, lan kahanan padhang kuwi mbutuhake PEPADHANG. Bab PEPADHANG kuwi isa nduweni rong arti, PEPADHANG kang asli lan uga minangka pasemon. Nalika padhang menungsa isa milah lan milih bab kang apik, mulane tumindak kang apik lan becik kuwi ya klebu PEPADHANG. Mulane, kudu dieling, Gusti Allah wae nitahake PEPADHANG cikben titah isa milah lan milih, kuwi jan-jane gegambaran, supayane menungsa ora mung seneng karo kahanan padhang kang mbutuhake PEPADHANG, ananging kudu isa dadi PEPADHANG marang kahanane njagad.

 

Patrap uri kang sumeh, loma, welas-asih, enthengan lan grapyak semanak kuwi isa kinaranan gegambarning urip minangka PEPDHANG. Lha lire kepiye? Nalika urip kebak sumeh, ora nesunan lan ngamukan kuwi dadi ayeming liyan, beda karo nalika nesunan, kabeh wedi lan wegah srawung. Nalika loma ya isa dadi kahanan kang  madhangi liyan, nalika welas-asih semono uga, kabeh tumindak apik kuwi sejatine minangka tandha yen uripe dadi PEPADHANG kanggone liyan.

 

“Jo, pakmu cilik Ndoleng rongndina iki kok pasuryane kaya mendung wulan desember, ana apa?” Takone Siwo solebo.

“Ambuh Wo, cen angel ditebak paklik kuwi. Sakarepe dewe. Ujug-ujug apike ngeram, njur nesu..kabeh dinengke..” Wagsulane Dalijo.

“Nembe PMS yak’e Wo..” Iin ngetokne kopi, njur melu nanggepi, ngepasi kuwi Lik Ndoleng Njedul,lan pasuryane jian njenggureng kaya barongan lor ndesa.

“Seka ngendi Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Seko mburi, arep mengarep..”Sugal semaure Lik Ndoleng.

“Patrapmu kuwi metengi kahanan Leng, swasane sing jan-jane apik, dadi ora kepenak…aja mbok bacutake lakumu…” Unine Pakde Kento.

“Ben, uri-uripku dewe ngapa do crigis..” Semaure Lik Ndoleng.Ngepasi kuwi, Iin nyegat dayoh, jebule Yu Wasti, ngerti sing teka Yu Wasti, njur pasuryane Lik Ndoleng malih sumringah..

“Weh, ngapa cah kae mrene ya?” Unine Lik Ndoleng.

“Takoni dewe, aja mbok batin,,stress kowe ngko Leng..” Omongane Wo Solebo.

“Jian, Wasti..sliramu jik dadi sumbering PEPADHANG kanggo aku..” Lirih Lik Ndoleng anggone nywara, lan jebul neng kono wis lungguh Kang Markun, njur muni..

“Weh, jik tresna karo bojoku ta Leng?” Unine Kang Markun, lan LikNdoleng njinggirat nalika noleh jebul wis ana Kang Markun.

 

 

mbah’e..

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH