Kamis, 22 April 2021

KREATIF

 

Kemis Pon 22 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 30 : 25-43

Jabur 23

Lelakone Para Rasul 3 : 17-26

Lan saben wedhus kang rosa padha arep jejodhoan, Yakub tumuli ndokok pang mau ana ing wadhah pangomben ing ngarepe wedhus mau, supaya padha jejodhoan ana ing ngarepe pang-pang mau. Nanging samangsa kang jejodhoan iku wedhus kang ora rosa, ora didokoki pang, temahan wedhus-wedhus kang ora rosa dadi pandumane Pak Laban lan kang rosa dadi pandumane Yakub. Purwaning Dumadi 30 :41-42

 

Okeh wong pinter utawa cerdas ing babagan pangerten, ananging ora okeh sing uga pinter utawa cerdas ing babagan tumindak. Mulane ya ora usah gumun yen okeh wong pinter nalika neng sekolah, ananging bareng mlebu neng urip sing sakbener dadi  ajur-mumur, amarga ora KREATIF. Tembung KREATIF kuwi dudu asli pribumi jawa, ananging tembung saka manca kang wis krasan ana ing basa padinane wong jawa lan ngindonesa, sing tegese kawasisan kanggo ngawekani kahanan supayane tetep isa urip kanthi sakmestine. Wong KREATIF kuwi durung mesti pinter ana ing babagan akademik, ananging pinter ngadepi kahanan. Oiya, wates ing antarane KREATIF karo Julik kuwi tuipise pol, mula kudu ngati-ati anggone menehi biji.

 

Crita bab kepiye anggone Yakub ngadepi aboting urip nalika neng omahe Laban, mertuane, isa kanggo pangilon bab kepiye tumindak kang “super” KREATIF saka Yakub. Nalika wis nganakake prajanjian karo Paklik lan uga mertuane bab barang darbe kang saka tumangkare wedus, Yakub banjur nglakoni ayahan kang ancase ndadekne apa kang dadi jatahe mlebu ing bageane. Mulane, kanthi rencana sing mateng temenan,  Yakub nindakne apa kang dadi penemune kang jian cemerlang tenan, mula ya kasil apa kang dadi pangimpene lan kuwi kabeh amarga jiwa KREATIF kang pancen wis dumunung ana ing raga lan uripe.

 

Sinau saka Yakub, ing jaman saiki bab masalahing urip ya jian ora ana entek’e lan sansaya abot. Yen ora KREATIF, mung pasif meneng wae adedasar pangerten pasrah sumarah, ya klakon tinerak ing kejeme njaman.Mula saka kuwi,payo padha KREATIF ing sadengah kahanan, sadengan tantangane urip, supaya isa ngadepi urip kebak ing berkah lan kuwi ndadekne ayem lan tentrem. Aja nganti nduweni pangerten, urip kuwi ora usah kokean polah, nrima ing pandum wae, yen dadi berkah ya mesti tekan dewe, kuwi penemu sing jian elek ora mekakat. Payo polah, ngrumat berkahe Gusti Allah,kanthi KREATIF lan yen isa ya Inopatip.

 

“Kuwi apa jenenge Jo? Pora kuwi sing diarani mbiyen pakan Ulo?” Takone Lik Ndoleng.

“Iyo Likm iki arep tak rumati, tak gawe bibit polybag” Dalijo menehi wangsulan.

“Weh, isa ta Jo?” Takone Siwo Solebo.

“Saget Wo, niku malah sae, bibit asli Porang” Semaure Dalijo.

“Jian kowe kuwi KREATIF temenan…kalut aku, eh salut aku Jo..” Jawabane Siwo Solebo.

“Kuwi sing apik Lur, urip kudu KREATIF, ora sok beriman, alesane pasrah-sumarah, kamangka mung wegah polah, nrima ing pandum” Ngendikane Pakde Kento.

“Yen paklik jian KREATIF pol lho, ben isa nyawang Yu Wasti, alesane tuku udud, lha saben tuku mung kaya wong ngantuk –ler-leran- kuwi lak strategi ben isa nyawang Yu wasti..” Iin njedul. nggawa wedang kopi, sinambi melu moyoki Lik Ndoleng.

“Jindulll..kenekkk menehh!!” Unine Lik Ndoleng.

 

mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH