Rabu, 28 April 2021

KACUWAN

 

Rebo Wage 28 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Mikha 7 : 8-20

Jabur 95

Markus 14 : 26-31

Gusti Yesus nuli ngandika: “Kowe kabeh bakal padha kacuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon, sarta wedhus-wedhuse bakal padha pating slebar. Nanging sawise Aku katangekake, Aku bakal ndhisiki kowe menyang ing tanah Galilea.” Markus 14 : 27-28

 

KACUWAN kuwi tembung linggane Cuwa, kang tegese ora seneng karo kahanan kang dumadi utawa basa padinane kuciwa. Isa dienggo gegambaran mangkene, nalika ngarep-arep  entuk panen limang ton ananging sing ditampa utawa olehe mung rong ton, racake njur tuwuh rasa Cuwa kutawa Kuciwa. Mulane tembung KACUWAN kuwi isa diwenehi teges kahanane ati kang ora mathuk karo sing kelakon, dene sebabe isa KACUWAN kuwi pirang-pirang.

 

Bab KACUWAN kuwi nate dingendikakake dening Gusti Yesus nalika nyedaki wektu tinangkep, dipilara,sengsara lan tumeka ing sedane ana ing Puthuk Golgota. Lha apa sebabe Gusti kok ngendika mengkono? Amarga Gusti Yesus pisa yen pengarep-arepe para sekabate kuwi cengkah karo kersane Panjenengane. Kersane Gusti Yesus kuwi nylametake menungsa saka bebenduning dosa, ndadekake urip kebak ing tentrem rahayu, dene kekarepane para sekabate kudi Gusti Yesus dadi “juru mesih politik” sing kagungan kakuwatan lan kasekten nundhung bangsa Rum kang njajah bangsa ngisrael. Kuwi kang njalari para sekabat bakalan KACUWAN, cengkahe pengarep-arep karo kasunyatan kang klakon.

 

Ing jaman saiki bab KACUWAN kuwi ya okehe ngeram, KACUWAN ing antarane siji lan sijine, KACUWAN marang brayat, sedulur,kahanan lan liya-liyane.Ananging kang kudu dadi pauguran saka crita bab KACUWAN manut kersane Gusti, yakuwi bab kang sejatine kelakon. Para Sekabat kuwi sejatine ora KACUWAN karo Gusti, ananging KACUWAN marang pengarep-arepe bab Gusti Yesus, dadi ing kahanan ini Gusti Yesus babarblas ora luput. Sing luput kuwi pengarep-arepe para sekabat marang Gusti Yesus. Iki kudune isa dadi kaca benggalaning urip kanggo sapa wae, yakuwi supaya ngati-ati bab KACUWAN. Durung mesti sing dadi sumbering cuwa kuwi liyan, ananging malah pengangen-angene dewe, kamangka sing diarep-arep babarblas ora nduweni apa kang dadi pengarep-arep kuwi. Sepisan maneh, aja gampang nyalahake liyan nalika rumangsa cuwa utawa nembe KACUWAN, durung mesti liyan sing luput, isa wae kuwi pengarep-arepe dewe sing luput.

 

“Leng, wingi umbruk pira kowe baba rep nggawe toilet kanggo kegiatan bocah kae?” Takone Siwo Solebo neng Lik Ndoleng.

“Padha karo kancane Bo…” Semaure Lik Ndoleng.

“Kuwi wae ngenteni sing liyane nulis umbruke lho Dhe, Paklik wegah ngisor dewe lan wegah nduwur dewe..” Dalijo melu nenaggepi.

“Kuwi wae takerih-erih kaya nari rabi meneh gek dhe…” Iin melu nyuwara.

“Crigis cah…aku jan-jane KACUWAN, lha mosok sing padha neng kutha  ya mung semono…kudune kan..” Durung nganti rampung anggone Lik Ndoleng muni, wis ketungka tekane pakde Kento lan menehi sesorah.

“Kowe kuwi ora KACUWAN karo parasedulur Leng, ananging KACUWAN karo pengarep-arepmu marang para kadhang. Lha pancen iklas lan kuwate mung semono..kuwi kudu disyukuri..” Ngendikane Pakde Kento.

“Sing penting ana kesadaran, mbokmenawa isa dadi srana berkah. Mengko ya isa dingo masang lampu ndalan Lor Kedung kae, ben ora peteng ndedet…” Siwo Solebo malah nduweni penemu anyar, supaya olehe padha umbruk sansaya okeh lan ora mung cukup dingo nggawe toilet, ananging ya isa dingo masang lampu panel ndalan Lor Kedung.

“Weh, esip kuwi Wo, joss..aku setuju..”Unine Dalijo.

“Paling paklik ora mathuk, merga yen padhang raisa nglirik Yu Wasti” Iin mesti njarak pane Cilik.

“Jindullll..kuwi meneh..” Gregeten Lik Ndoleng munine.

 

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH