Rebo
Pahing 21 April 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Wulang
Bebasan 9:1-6
Jabur
150
Markus
16 :9-18
Banjur ngandika marang para sakabat
mau: “Padha njlajahana jagad iki kabeh, Injil wartakna marang sakabehing
tumitah.” Markus 16 :15
Tembung
NJLAJAHI kuwi linggane Jlajah, kang tegese tumindak kanggo marani papan liya,
dene papan kuwi isa cedak lan isa uga adoh. Saka tembung Jlajah kuwi isa dadi
pirang-pirang tembung, salah sijine NJLAJAHI, kang tegese tumindak ninggalke
papan siji tumuju marang papan-papan liyane kanthi eling lan nduweni ancas
utawa tujuan kang gumathok. Kosokbaline NJLAJAHI kuwi meneng wae utawa
babarblas ora gelem tumindak lan isa uga wong sing ragelem Jlajah kuwi
kinaranan males utawa kesed.
Ana
piweling kang isa dadi piwulang saka Gusti Yesus sakdurunge “mudik” menyang Swarga
marang para sekabate, yakuwi supaya para sekabat ora meneng wae,ora jedog mung
turu wae, yakuwi supaya NJLAJAHI sakindenging
jagad. Dene tujuane NJLAJAHI kuwi supaya martakake Injil utawa kabar apik
marang sakabehing tumitah. Kudu dieling lho ya, dhawuhe Gusti Yesus, piwelinge
sakdurunge mudik, Injil kudu diwartakna marang sakabehing tumitah, ora mung
marang menungsa, apa meneh mung marang sing disenengi. Sakliyane nduweni arti
tumindak menyang papan liya, tembung NJLAJAHI isa uga diwenehi arti lunga
menyang sawernaning kahanan. Mulane tembung NJLAJAHI kuwi ora mung bab tekan
poncoting jagad, uga kudu disadari tekan ing poncoting kauripan. Intine Injil
utawa kabar kabungahan kuwi kudu nyrambahi kabeh isining jagad, ya tetuwuhan,
ya kewan lan kabeh kang ginelar neng njagad iki.
Dhawuhe
Gusti cetha, “Njlajahana jagad iki kabeh..” Mulane, payo pada NJLAJAHI kabeh
kahanane jagad iki lan payo diwenehi kabar apik. Aja gampang ngrusak kahananing
alam iki, ayo njaga bumi minangka omah bebarengan sakabehing tumitah. Yen sing
maca tulisan iki ijik nduweni penemu yen Injil kuwi mung kanggo menungsa, ndang
mertobata, yen jik nduweni penemu yen Injil iki mung kanggo sakuprit wong sing
dikenal lan disenengi, ndang mertobata,sakdurnge kasep. Sepisan maneh, paya
bareng-bareng NJLAJAHI sakindenging kauripan iki lan kabeh diawartani bab
Injiling Gusti Allah, ben jagad iki kisenan Tentrem rahayu saklawase.
“Jo,
kuwi arep nggawe apa meneh, kok manut penemuku, sliramu kuwi blas ora gelem
leren?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika ngerti sore kuwi Dalijo
nglumpukake brambut lan sepet klapa kang bubar dionceki.
“Iki
lho Lik, cecawis kanggo media tanam Polybag. Ngrumati winih Porang sing
cilik-cilik, mbesuk lakya okeh wong sing butuh bibit ngene iki..”Semaure
Dalijo.
“Apa
jik kurang tanduranmu kuwi, kok rumangsaku jian ora leren blas..mung
nandhur,nandhur lan nandhur kowe kuwi Jo..” Grenengane Lik Ndoleng.
“Aku
iki mung netepi kersane Gusti Lik, ngrumati apa wae, amarga kabeh kuwi
takyakini minangka berkah. Jarene mbah’e, nenadhur kuwi ya srana nggelarake
Injiling Gusti, amarga ngrumati tandhuran lan njaga lestarining alam iki. Aku
kudu wani NJLAJAHI kabeh kahanan Lik..” Dalijo menehi wangsulan sajak kaya
winasis kae.
“Emange
kowe Lik, sing mbok Jlajahi bab katresnan mung Yu Wasti wae..” IIn njedul seka
pojok omah, mulih seka tuku sayur neng pertelon dalan pojok ndesa.
“Duss,
njedul cah kuwi, mesti ngrasani Wasti..maarakne rinduku mumbul In..” Semaure
Lik Ndoleng.
“Bener
Iin Lik, aja mung nyebar winihing katresnan neng papan kang winates, kudu wani
NJLAJAHI kabeh papan lan panggonan..” Dalijo melu njarak pakne cilik.
“Trondolo..kowe
melu-melu adimu wedok Jo?!!” Lik Ndoleng semaur kanthi getem-getem, kaya sing
maca tulisan iki,merga rumangsa durung wani NJLAJAHI kabeh kahanan kanggo
ngabarake Injiling Gusti, kuwi uga merga rawani nenandur ben alame dadi luwih
asri.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar