Rabu, 07 April 2021

MARTAKAKE

 

Rebo Pon 7 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Mustakaning Kidung 3 :1-11

Jabur 118 :1-2,14-24

Markus 16 : 1-8

“Wong-wong wadon mau banjur metu padha mlayu saka ing pasarean, amarga padha kataman giris lan gumeter, dadi ora tutur apa-apa marang sapa-sapa, marga saka wedine. Kanthi ringkes kabeh piwelinge malaekat mau wis ditekakake marang Petrus lan kanca-kancane. Sawise iku Gusti Yesus piyambak lumantar para sakabate martakake kabar kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakake, yaiku bab karahayon kang langgeng iku wiwit saka ing wetan nganti tekan ing kulon.” Markus 16 :8

 

Tembung MARTAKAKE kuwi linggane Warta, sing tegese kabar. Saka tembung Warta kuwi isa dadi pirang-pirang tembung,salah sijine ya MARTAKAKE kuwi, kang nduweni arti utawa teges nggawa kabar, nyalurake kabar utawa pawarta. Dene carane MARTAKAKE kuwi isa lumantar lisan utawa tetembungan isa uga lumantar tumindak lan pratandha. Sapa wae lan apa wae kang isa nggawa warta utawa pawarta kinaranan juru-warta. Sepisan meneh, juru-warta kang nembe MARTAKAKE kabar, ora mung lumantar tetembungan, isa uga lumantar tanda utawa basa isyarat, sing cetha mbuh kepiye carane pawarta isa tumeka liyan.

 

Ana crita bab MARTAKAKE kuwi neng Kitab Suci, yakuwi minagka dhawuh saka Gusti. Bubar Gusti sinalib, njur seda lan kakubur nang kuburane Yusuf Arimatea, ing dina patelune Panjengane wungu, lan kang sepisanan dadi seksi bab wungune Gusti kuwi para penderek’e kang wadon. Bubar nekseni bab wungune Gusti, para wong wadon kuwi dinawuhan MARTAKAKE bab wungune Gusti marang para sekabat liyane. Sanadyan jik kaget lan mbokmenawa ya kesele ngeram, amarga papan pasareane Gusti adoh saka papane padha nginep, ananging nekseni kabar kang mbungahake kuwi, para wong wadon kang dinawuhan MARTAKAKE bab wungune Gusti ora suwala. Para wong wadon kuwi njur mlayu, mbedhal, ngggendring sipat kuping arep cepet-cepet ketemu karo sekabate Gusti, arep MARTAKAKE bab wungune Gusti.

 

Saking senenge, amarga Gusti Yesus cetha wela-wela wis wungu, mula para wong wadon kuwi ora merduli bab kesel, ora ngrewes bab papan kang adoh, ora nggagas bab wayah, kabeh diterak, kabeh ditabrak,kabeh dilewari. Kuwi kabeh nggambarake marang sapa wae, menawa sejatine sing paling kuwat dadi semangat nglakoni apa wae kuwi mung siji, SENENG! Apa wae yen seneng, ora metung bab kesel lan ragad, apa wae yen seneng ora maeka bab adoh lan cedak, mula yen mung kon MARTAKAKE bab pengalaman apik wae, tumrape para wong wadon kang nekseni wungune Gusti Yesus, ya mayar wae. Lha saiki pitakonane, yen wegah dijak makarya neng pakaryane Gusti, wegah cucul kanggo pakaryane Gusti, wegah utawa males sowan Gusti, wegah ngabekti..eh, ngibadah ding, kuwi pora dadi tanda yen sejatine ora nate nemokake bab kang mbungahake utawa nyenengake ana ing uripe?

 

“Aku kuwi nggumun Bo, Dalijo kuwi pora nduwe kesel ya? Sedina neng kebon Porange, njur mbengi iki rapat,mbuh rapat apa, ngko ana dayoh, njur  ana kalamangsane dikon nengndi ngono..jiann..” Lik Ndoleng nakoni Siwo Solebo bab Dalijo.

“Kuwi isa dadi conto Leng, apa kang dilakoni Dalijo kuwi MARTAKAKE  yen dewekne seneng, dewekne bungah” Semaure Siwo Solebo.

“Bungah-bungaha kae, lha kayane jian ora tau leren gek..” Lik Ndoleng sajak jik nggumune ngeram.

“Haiyah, kaya ora nate ngalami Lik. Anggere rada suwe ranyawang Yu Wasti, mbok mbako jik okeh wae, sanadyan wengi lan udan, sampeyan ya ngetiging nggolek mbako. Kamangka kuwi mung srana, ben isa nyawang Yu Wasti. Kuwi ya MARTAKAKE yen sampeyan bungah nalika isa nyawang Yu Wasti Lik..” Iin nggawa wedang jahe, sinambi nanggepi Lik Ndoleng.

“Jrett, kok ya bab kuwi sing mbok nggo conto Innnnn!!!?” Unine Lik Ndoleng,sajak isin karo Siwo Solebo.

“Nah, wangsulanmu kuwi ya MARTAKAKE yen sliramu jik nduweni rasa tresna mbek Wasti Leng..” Siwo Solebo nambahi nyemes Lik Ndoleng, lan Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya manuk Mprit Granthil arep ngendog,ananging raisa nggawe susuh.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH