Setu
Kliwon 24 April 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Purwaning
dumadi 48 : 8-19
Jabur
23
Markus
6 : 30-34
“Nalika Gusti Yesus ndharat, mirsa wong
kang cacahe akeh banget iku, trenyuh panggalihe marga saka welase, jalaran
padha katon kaya wedhus kang tanpa pangon.” Markus 6:34b
TRENYUH
kuwi kahanane ati,mulane saben titah sing nduweni ati kudune nate ngalami
kahanan iki. TRENYUH kuwi kosokbaline saka tembung Nesu, bedane yen Nesu kuwi
luwih gampang ngungkapake rasane, merga isa ngamuk lan ngrusak samubarang, dene
TRENYUH kuwi luwih angel anggone nepakake rasa karo tumindak. Nalika nyawang
kahanan kang melasi,njur tuwuh rasa mesakake ananging ora tumindak apa-apa,
kuwi durung isa kinaranan TRENYUH, ananging nalika nyawang kahanan kang melasi,
njur tumindak maringi pitulungan marang kang melasake kuwi, kuwi isa kinaranan
TRENYUH kang sejati.
Bab
TRENYUH kuwi nate dialami dening Gusti Yesus, nalika leladi neng ndonya
bebarengan karo para sekabate kang cacahe rolas. Nalika kuwi wis ngrasa kesele
ngeram, mulane ngajak para sekabat “cuti”, minggir neng papan sepi kanggo
ngaso. Lha jebule okeh wong sing pada ngerti tindake Gusti, njur ndisiki mlaku
liwat ndarat (Gusti nitih prahu). Tekan papan kang tinuju, wis wong
sakndayak-abuh sing nunggoni, lan jebule merga papane saka adoh, okeh sing
pinersan dening Gusti kesel lan padha luwi. Mirsa kahanan kang kaya mengkene
iki, Gusti welas lan njur TRENYUH. Amarga TRENYUH iki njur Gusti paring dhawuh
supaya para sekabat menehi wong kang cacahe mangewu luwih kuwi. Liding dongeng,
amarga TRENYUH, wong kang cacahe mangewu luwih kuwi wareg malah kepara turah
panganane, kuwi kabeh kawiwitan amarga rawa TRENYUH.
Ing
jaman saiki jan-jan’ne okeh sing nduweni rasa welas,mesakake nalika nyawang
kahanan kang ora apik. Ananging okeh sing mung mandeg tekan ing mesakake, lan
ora tumandang kepiye bisane sing mesakake kuwi dadi ora mesakake meneh, rasa
TRENYUH oraisa tuwuh ana ing ati. Lho kok isa ora tuwuh apa amarga winihe elek?
Ora, winihe apik, merga kuwi asale saka Gusti, mung wae papane kanggo tuwuh
kuwi wis kebak eri bandotan lan suket sing jenenge srakah, drengki, srei lan
sakpanunggalane. Arane winih TRENYUH ora isa tuwuh kuwi amarga papane tuwuh wis
ora pantes kanggo tuwuh, mulane kudu diresiki ndisik supayane winih TRENYUH
kang asae saka Gusti kuwi isa tuwuh ing tembene.
“Yuh,
mesakne temen kae sing padha kena bencana alam…jian..mesakne banget..” Lik
Ndoleng sajak keranta-ranta nalika maca kanal-berita online bab bencana alam
lan korbane.
“Ya
lumrah Leng, yen atimu keranta-ranta, wong pancen kahanane kaya mengkono..”
Siwo Solebo melu nanggepi ungele rasaning ati Lik Ndoleng.
“Njur
wingi nalika ana pawarta neng Nggreja, arep ana tambahan kantong kanggo
nyengkuyung sedulur-sedulur sing kena bencana ya wis melu umbruk Lik?” Takone
Iin, sinambi nyelehake kopi lan gedang kapok goreng.
“Hmm..anu…wingi
kae aku..hmmm,..anu..ak..” Durung kober menehi wangsulan, wis ketungka Dalijo
nyemes Lik Ndoleng.
“Kokean
anu, kokean alesan sampeyan Lik… kabeh isa yen mung crita mesakake, ananging
yen ora tuwuh rasa TRENYUH, babarblas ora ana gunane..ora ngaruh neng para
sedulur sing kena bencana alam..” Sengol Dalijo olehe muni, amarga cen Lik
Ndoleng arang gelem tandang atur bantuan marang sedulur-sedulur sing kena
bencana, mbokmenawa kaya sing maca tulisan iki, njur mesam-mesem dewe.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar