Sabtu, 03 April 2021

KELINGAN

 

Setu Wage 3 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK


KELINGAN EMBUN


Ayub 14 :1-14

Jabur 31 :1-2,16-17

1 Petrus 4 : 1-8

Mateus 27 : 57-66

Esuke, yaiku sawise dina pacawisan, para pangareping imam lan para Farisi padha bebarengan sowan menyang ing ngarsane Sang Pilatus lan padha matur: “Tuwan, kula sami kengetan, bilih juru panasaran punika nalika taksih gesang, cariyos makaten: Sawise telung dina Aku bakal tangi.Awit saking punika, karsaa ndhawuhaken, supados kuburipun kajagi ngantos dumugi tigang dintenipun; manawi boten, saged ugi para sakabatipun lajeng dhateng nyolong Piyambakipun, nunten cariyos dhateng tiyang kathah: Piyambakipun sampun tangi saking antawisipun tiyang pejah, satemah panasaran ingkang kantun badhe langkung awon langkung awon tinimbang ingkang rumiyin.” Mateus 27 : 62-64

 

KELINGAN kuwi tembung linggane Eling, sing tegese tansah ngerti kahanan kang wus kelakon ing mangsa kang wus tininggalake. Saka tembung Eling kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine ya KELINGAN, kang tegese tansah ngerti sabarang kang wis klakon ing mangsa kang wus kepungkur. KELINGAN kuwi kosokbaline Lali, ora eling babarblas. Kaya tembung-tembung ing tata basa, menawa ora ana tembung kang nduweni arti tunggal, artine tembung kuwi gumantung karo ukara lan uga karo sing menehi arti. Semono uga KELINGAN, kuwi isa nduweni arti apik lan uga ora apik.

 

Crita bab wong-wong sing KELINGAN marang ngendikane Gusti Yesus nalika sugenge bab Piyambak’e bakalan seda lan wungu ing dina kaping telu, ditulis neng Injil Mateus. Sing nggumunake, sing KELINGAN malah wong-wong sing memungsuhi marang Gusti, utawa sing gethinge ngeram marang Gusti, dene para sekabate sing tresnane ngeram malah lali, ora ana sing KELINGAN yen Gusti nate ngendika bakalan seda lan wungu ing dina kaping telune. Amarga KELINGAN yen Gusti Yesus wungu ing dina kapingtelune, mula para wong kang sengit utawa gething marang Panjenengane nduweni sedya njaga kuburane Gusti Yesus. Tujuane njaga ora amarga percaya bakalane wungu, ananging wedi yen para sekabate njupuk layone Gusti.

 

Wong –wong sing KELINGAN marang pangandikane Gusti, durung mesti nduweni sikep percaya, dene kosokbaline sing percaya mala hora padha KELINGAN marang  pangandikane Gusti. Ora mung bab bakalane wungu ing dina kaping telune, uga ing bab-bab liyane. Sanadyan wis bola-bali diparingi piwulang bab sih rahmate Gusti kang bakalane nganti, samangsa nderek leladi ing pakaryane, ora sithik sing ora percaya (mbokmenawa sing maca tulisan iki ya ana..hehe)., malah oeh sing nampik kanthi alesan sing sok ndakig-ndakig, rumansane isa ngapusi menungsa, kamangka sejatine sing diapusi Gusti piyambak.

Ing setu sepi iki, kalodangan kanggo sapa wae sing kober maca tulian iki, supaya mbudidaya supaya tansah KELINGAN karo apa wae pangandikane Gusti. Aja mung KELINGAN nalika butuh lan njur sowan, kuwi wae tanpa bosa-basi njur njaluk lan njaluk. Yen para wong sing sengit marang Gusti wae KELINGAN marang pangsandikane, mosok sing jarene penderek’e malah lali kabeh, lha sejatine lali apa nglali ta? Mangga diwangsuli dewe-dewe.

 

“Ndek wingi ngandi Leng, kok aku raruh awakmu nderek Jumat Adi?” Takone Siwo Solebo, nalika sore kuwi kaya padatan, jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Blas aku ra KELINGAN Bo, jian..sansaya tuwek..gampang lali..”Semaure Lik Ndoleng.

“Weh, lha kan wengine kae, pas jagongan kaya biasane wis dielikne Kang Kento, mosok lali meneh?” Sajak ora percaya Siwo Solebo marang alesane Lik Ndoleng.

“Haiyahhh..mung alesan thok…wong wis takelikne, takjak mangkat…malah ibut nggoleki Walesan, jare wis janjian karo Senthot, arep mincing..ndadak ngomong ora KELINGAN..”Dalijo mbukak wadine pakne cilik.

“Bener kang, akuya wis ngelingake, ananging ngerti yen mengkone Yu Wasti arep mangkat lan jejer karo Kang Markun, paklik rakuwat..keranta-ranta jare..” Iin, njedul,nggawa kopi lan gemblong, melu rembugan.

“Trondoloooo..konangan meneh..jian..Aku jane ya KELINGAN lur, mung nglali…” Grenenge Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH