Kamis, 29 April 2021

NINDHES

 

Kemis Kliwon 29 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Amos 8 : 1-7

Jabur 22 : 25-31

Lelakone Para Rasul 8 : 1b-8

Rungokna iki, he, kowe kang padha nindhes marang wong miskin lan kang ngrusak wong mlarat ing nagara kene,..Sang Yehuwah wus supaos demi kamulyane Yakub: “Satemen-temene Ingsun ora bakal nyupekake ing sateruse marang sakehe panggawene! Amos 8 : 4,7

 

Tembung lan tumindak NINDHES kuwi kereb klakon ana ing sakiwa-tengene urip ing saben jaman, klebu ing jaman saiki. NINDHES kuwi tegese sing sejati numpangi utawa nindhihi momotan, marang liyan. Nalika mapanane momotan marang barang liyane, mbuh sepira abote, kuwi isa kinaranan NINDHES. Biasane tembung NINDHES kuwi nduweni konotasi negatip, merga marakne liyan ngrasakake kahanan kang luwih rekasa. Ing sakbanjure, tembung NINDHES kuwi njur berkembang, ora mung nduweni arti numpangi utawa nindhihi babagan barang, sakabehe kahanan kang marakake liyan ngrasakne kabotan, kuwi isa kinaranan NINDHES.

 

Ana keh piwulange Kitab Suci bab NINDHES, salah sijine neng Kitab Amos. Ing kana Gusti Allah ngelingake marang sapa wae sing tumindak NINDHES marang wong miskin, menawa Panjengane ora bakalan nglalekake apa kang nate tinindakne, yakuwi NINDHES para wong miskin. Nabi Amos minangka  wakile Gusti Allah mirsa kahanan sing jian ora adil babar-blas, para pejabat lan brayate dadi sugih mblegedhu sanadyan ora nyambut gawe rakasa, dene rakyat uripe rekasane ngeram,amarga katindhes dening para pangwasa. Pirsa bab kang kaya mengkono kuwi, Gusti Allag lumantar nabi Amos menehi pangayem-ayem marang bangsa ngisrael supaya tetep tatag,teteg ben Tutug anggone setya tuhu nderek Gusti, amarga Gusti bakalan menehi “bebulih” marang kang NINDHES.

 

Bab NINDHES kuwi ya jik klakon ing jaman saiki, malah “seni “ NINDHES ing jaman saiki okehe ngeram. Isa NINDHES liyan babagan pangerten, liyan dianggep babarblas rangerti apa-apa, kamangka ya ngerti malah kepara luwih paham. NINDHES babagan pangwasa lan pengalaman, iki ya kerep klakon lan nelangsane, sing NINDHES ora rumangsa,amarga atine wis buthek merga regeting jaman. Ana meneh kang NINDHES babagan informasi utawa pawarta, nganggep liyane ora isa nemu informasi mula rumangsa ngerti dewe lan mapanake liyan babarblas ora ngerti apa-apa. Lan sing paling nggegirisi kuwi NINDHES bab karohanen. Iki sing medeni temenan..Rumangsa paling ngerti dewe babagan karohanen, rumangsa paling pengalaman dewe babagan karohanen, rumangsa paling soleh dewe bab olah urip bab karohanen, lan kabeh kuwi marakne liyan kaya ora nduweni apa-apa, jian medeni temenan.  Saka andharan kabeh iki, payo padha urip lung-tinulung,aja rumangsa paling ngerti dewe, paling unggul dewe, paling sibuk dewe, paling soleh dewe, paling pengalaman dewe,payo ngandhap-asorake patraping urip cikben urip bebarengan iki mung kebak tentrem lan rahayu.

 

“Leng, sidane arep masang lampu panel Listrik pira neng ndalan Lor Kedung?” Takone Siwo Solebo.

“Ya sakuwate wae Bo, rasah ngathah-athah…yen kuwat loro…” Semaure Lik Ndoleng sinambi ndudut jisamsune Siwo Solebo.

“Oiya, iki dereng sedaya kula kabari lho nggih, jik enten radi kathah sing dereng..” Dalijo menehi inpormasi, basane campur-aduk kaya gudhangan..

“Jajal dikontak sik Jo, sapa ngerti isa umbruk, iki lakyo kanggo kemajuane desane dewe ta?” Pakde Kento menehi pamrayoga.

“Lha sapa wae Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Ya ana Lik, Sastro Kiyer durung, Genjik Alpares malah aku randuwe kontake, Benguk Sundolo ya durung, Krusuk Sitorus, Siwo Nanu Klempoken ya durung..” Semaure Dalijo.

“Haiyah, patah netes cah-cah kuwi!!” Unine Lik Ndoleng, sajak sinis.

“Aja ngono Leng, kuwi tegese NINDHES marang kahanane liyan, urmatana liyan Leng…nyepelekne kuwi jarene mbah’e klebu NINDHES..” Pakde Kento menehi pangerten.

“Anu kang Markun arep urun sak tiang, kira-kira pangaji siji setengah yuta lho nggih..” IIn melu menehi inpormasi.

“Haiyah, Markun kuwi palinga mung pamer thok!” Grenege Lik Ndoleng.

“Jik rumangsa ya Leng yen Markun NINDHES rasa tresnamu marang Wasti?” Takone Siwo Solebo.

“Dengkulmu mlocot Bo!!! Lik Ndoleng sajak erosi, muni ngono sinambi ngekep ududte, mula njur mrucut, tiba neng njogan.

 

 

Mbah’e

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH