Jemuah
Wage 23 April 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Purwaning
Dumadi 46 : 28-36
Jabur
23
Lelakone
Para Rasul 4 : 1-4
“Malah sanadyan lumaku ana ing jurang
palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang nganthi
kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.” Jabur 23
:4
WINULANG
kuwi linggane Wulang, kang tegese meh padha karo sinau utawa makarya kanggo
nyerep lan antuk pangerten kang anyar. Saka tembung Wulang mau njur isa dadi
pirang-pirang tembung, salah sijine WINULANG, kang tegese “rumangsa nampa
wulangan…” Dene saka ngendi antuke wulangan mau, ya gumantung karo sing
rumangsa. Ana sing rumangsa WINULANG babagan sabar, nalika pas lungan lan
kesusu kok ya ndelalah pas neng “lampu bangningjo” wernane lampu murup abang
wae. Ana sing rumangsa WINULANG bab tumindak kang ora pener, nalika ngrungokake
kotbah, ana sing rumangsa WINULANG saka guyupe Bebek nalika nggolek panganan
neng sawah, lan sakpanunggalane.
Bab
rumangsa WINULANG kuwi nate dadi paseksine Juru Jabur, pernahe neng Jabur 23.
Ing kana dicritakake bab kepriye anggone Juru Jabur ngrasakake kabeh kang
klakon kuwi minangka sranane Gusti Allah menehi piwulang marang Kagungane.
Amarga rumangsa entuk piwulang, mula juru Jabur isa kinaranan WINULANG, dene
sranane ngrasakne WINULANG dening Gusti kuwi werna-werna, ora mung nalika
ngrasakake kahanan kang kepenak, malah sing rinasa rekasa lan sengsara kuwi
dirasakne Juru Jabur minangka ukuran gede-cilike katresnane Gusti. Sansaya
ngrekasa pengalaman uripe, sansaya gede tresnane Gusti. Ukara “..sanadyan
lumaku ana ing jurang palimenganing pati…” Kuwi nandakne yen kahanane ngrekasa
temenan, lan kahanan kang kaya mengkono kuwi, Juru Jabur rinasa WINULANG dening
Gusti.
Ing
jaman saiki ora sithik kang senengane mung bab sing enak lan kepenak, mula
nalika dijak rekasa sithik wae nampik, utawa umpama’a gelem ya sambate
ngaru-ara. Sinau saka Juru Jabur, menawa kabeh kang klakon neng njagad iki
sejatine srana saka Gusti kango memulang marang menungsa lan titah liyane. Ing
kene, bab kuwi dadi srana piwulang utawa dudu gumantung marang sing nampa,
menungsane. Yen gelem sinau, sejatine kabeh kang kelakon ing jagad iki pirantine
Gusti kanggo memulang. Ing baba pa wae, papanke wae supaya isa WINULANG dening
Gusti lumantar kahanan kang dumadi.
“Leng,
kok wis pirang-pirang ndina iki Jago sing dirumati Dalijo ora kluruk?” Takone
Siwo Solebo, nalika rumangsa ana sing aneh, ora keprungu swara kluruk saka
jagone Dalijo.
“Ambuh
Bo, aku ya bingung. Wis meh nemndina iki rangetok..ranek swara kluruke..edrek
nggolek babon mbokmenawa..” Lik Ndoleng menehi wangsulan.
“Ora
ilang Lik, mung digunakne wong…ananging ranembung…” Dalijo nembe njedul lan
langsung menehi wangsulan.
“Weh,
lha nengndi Jo?” Sajak gugup Lik Ndoleng olehe pengen weruh.
“Ngene
Lik, aku kan seka warunge Yu Wasti, lha kepethuk cah cilik, nangis njaluk iwak
pithik. Lha nangise karo muni, pokoke njaluk iwak pitik sing kaya dek dina
minggu kae, enak lan gedi, pitik jago sing cenggere abang, “Iin menehi
katrangan.
“Trus
tak neng-nengke bocahe, taktukokne permen, lan taktakoni..jare dek minggu
dibelehke pitik, ananging dudu pitike dewe…” IIn mbacutake critane.
“Oalah,
jebule dikalapake nguwong ta Jo, Jagomu…jiannn..kok ya tega…” Grenengane Lik
Ndoleng.
“Kahanan
kang klakon bab ilange pitik jagone Dalijo, sanadyan ora konangan njur
pungkasane konangan, iki nandakne yen Gusti Allah memulang. Ora ana bab
siji-sijia wae kang isa ditutupi. Jagad iki nduwe hukume dewe kanggo nata
kahanane. Mula ayo sinau, ben isa ngrasakne WINULANG dening Gusti, lumantar
kahanan apa wae” Ngendikane Pakde Kento.
“rungokne
kuwi Leng, aja sidak-singkara karo Trinil, mung nginceng Wasti wae…” Siwo
Solebo komentar.
“Denggelmu
gowang kuwi Booo…” Batine Lik Ndoleng.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar