Jemuah
Kliwon 9 April 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Daniel
2 : 1-23
Jabur
133
Para
Rasul 4 : 23-31
“Dene sapunika, dhuh Pangeran, Paduka
mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi
Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka. Mugi
Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa
dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun
Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”Para Rasul 4 : 29-30
PANGAMCAM,
linggane ancam, kang tegese menehi pangerten bab kahanan kang isa mbebayani
tumrap urip. Saka lingga ancam kuwi, isa dadi pirang-pirang tembung, salah
sijine PANGAMCAM, kang tegese samubarang kang dadi ancaman. Dene wujud’e
PANGAMCAM kuwi maneka werna, isa lumantar tetembungan, isa lumantar kakuwatan,
isa lumantar pangwasa. Biasane sapa wae sing nampa PANGAMCAM kuwi ora keenak
uripe,amarga rumangsa lumebu ing kahanan kang kebak bebaya. Saben menungsa
nduweni cara kang ora padha nalika ngadepi PANGANCAM, lan kabeh oleh-oleh wae.
Merga saka kuwi, apik menawa isa sinau siji lan sijine cara ngademi PANGANCAM.
Neng
Para Rasul bab 4 ayat 23-32, neng kana dicritakake kepiye kahanane pasamuan
wiwitan, mirunggan ing bab kuwi kahanane pasamuan nalika pawarta bab Yokanan
lan Petrus nembe wae ditokne saka pakunjaran. Bener, pasamuan padha bungah
nalika entuk kabar bab luware Yokanan lan Petrus, ananging sakwise krungu
critane wong loro kuwi, menawa para penggedene Pedaleman Suci lan para
penggedene pemrintahan Rum, jik arep mbledik sapa wae kang ijik ngeyel crita
bab wungune Gusti Yesus, pasamun ya dadi (rada) gigrik. Ngadepi kahanan kang
kaya mengkono kuwi, pasamuan wiwitan njur dedonga lan nyuwun kekuwatan marang
Gusti supaya isa ngadepi PANGANCAM kang isa wae nekani uripe pasamuan wiwitan
kuwi.
Pasamuan
wiwitan menehi conto marang pasamuan ing sakuruting jaman, klebu ing jaman
saiki, yen ngadepi PANGANCAM kudu wani ndedonga marang Gusti,ora malah lunga
menyang pinggir kali. Donga marang Gusti kuwi resep ampuh ngadepi PANGANCAM
kang tekane ora diundang lan nggawa bala sakokeh-okehe. Aja nggendring sipat
kuping nalika nampa PANGANCAM adepana wae, niru wae carane pasamuan
kawitan,ngadepi PANGANCAM lumantar ndedonga.
“In,
ndang gawekna teh anget nduk, campurana irisan lemon..ranganggo suwe!!”
Pambengok’e Lik Ndoleng, nalika sore kuwi jare radoyan kopi, kamangka wis
dicawisi kopi kaya padatan, bareng karo Dalijo, Siwo Solebo lan Pakde Kento.
“Rasah
bengak-bengok Leng, sing eslow wae..” Omonge Siwo Solebo, sinambi klepas-klepus
karo jisamsune lan dolanan androite.
“Kari
ngakon wae kok meksa ta Lik?” Takone Dalijo.
“Menega
Jo, rasah crigis!!” Sentake Lik Ndoleng.
“Innnn..ndang
cepettt!!” Swarane Lik Ndoleng, dene Iin metu, ananging ora nggawa pesenane Lik
Ndoleng, malah mesam-mesem nyawang adroite.
“Innnn,
ndi pesenanku, Teh lan irisan lemon!!” Unine Lik Ndoleng.
“Mbok
kira aku wedi karo PANGANCEM sampeyan Lik? Hora Lik..wong wis ditareni, jare
kopi rapapa, njur tak gawekne kopi njaluk Teh, aku emoh mbok ngonokne..butuh ya
nggawe dewe, urip bebarengan kuwi kudu saling Lik, klebu saling mengerteni
liyan, ora mung njaluk diladeni lan dingerteni..” Iin kojah jian kaya wong joss
kae..
“Kencokan
apa awakmu In?” Takone Dalijo.
“Sing
bener Iin kuwi Leng, aja dumeh, urip kuwi sing sakmadya wae…aja meksa, njaluk
tulung kan luwih apik, tinimbang bengak-bengok kaya blekok ngendog ngono..”
Ngendikane Pakde Kento.
mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar