Jumat, 02 April 2021

MANGGUL

 

Jemuah Pon 2 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK

Bukit Golgota


Yesaya 52 :13-53:12

Jabur 22

Ibrani 10 :16-25

Yokanan 18:1-19:42

Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota.” Yokanan 19:18

 

MANGGUL kuwi pakaryan, yakuwi pakaryan kang ujude mapanake momotan ana ing pudak.Anane kok nganti dipanggul kuwi amarga abot, mokal yen gawan enteng njur dipanggul. Mulane, sing diarani MANGGUL kuwi mesti abot lan uga rekasa. Amarga abot lan rekasa, mula ora sithik menungsa (klebu sing maca tulisan iki) sing wegah ngayahi gawean kang kinaranan MANGGUL. Bab MANGGUL kuwi dadi pokok piwulang lan patuladan saka Gusti Yesus, mirunggan ing dina Jemuah Adi, dina iki. Amarga ing dina Jemuah Adi, Gusti Yesus kudu MANGGUNG Salib kang abote ngeram munggah menyang gunung Golgota.

 

MANGGUL Salib kuwi abot, apa meneh sing kudu ditindakne dening Gusti Yesus. Wis bar dipala entek-entekan, digajuli, diidoni,disaduk lan liya-liyane, kudu MANGGUL Salib mlaku munggah lan ing wanci awan kang srengenge panase ngeram. Mbayangake wae ora tekan ati iki,ananging kuwi kang kudu ditindakne dening Gusti Yesus, kanggo nglabuhi tresnane marang kabeh wong, ya klebu sing penthalitan lan sing clelekan ora karuwan iki. Sanadyan abot lan rekasa, Gusti ora nampik “Ayahan Katresnan” kuwi, merga tresna kuwi pancen kudu mawa bebana, kudu wani rekasa. Tresna tanpa bebana, tanpa rekasa kuwi mung kothong, suwung ora ana artine.

 

Gusti Yesus wis nuladhani bab kaya ngapa kudu MANGGUL Salib. Ora kena diwakilake, ora kena mbayari liyan (dupeh sugih) njur nggenteni dikon MANGGUL’ake salib’e. Kuwi ora isa, saben wong kudu MANGGUL Salibe dewe-dewe. Lho, isa nampik ayahan MANGGUL Salib ora? Kuwi hak, terserah, arep ditampa lan dilakoni apa arep ditinggal lan ora dilakoni, sing cetha, Kamulyaning Swarga kuwi mung isa klakon nalika gelem MANGGUL Salibing urip, ora ana liya. Lha yen mbayari liyan dikon MANGGUL Salibing uripe,isa ra? Blas ora, amarga menungsa kuwi nduweni ayahane dewe-dewe. Sugiha kaya ngapa, arepa duwite ora ana serine, ananging raisa ngakon liyan MANGGUL’ak salibe.

 

“Biyuhh, jian saiki nggreja kuwi kokean ibadah yo Bo? Kemis Putih, Jemuah Adi, Setu Sepi lan Minggu Paskah. Aku kuwatir pasamuan njur bosen..” Lik Ndoleng miwiti rembugan nalika nembe ngrumpi neng Cakruk Sor Talok.

“Lha pancen kudu ngono kok Leng..” Cekak olehe Siwo Solebo mangsuli, kuwi amarga sinambi nyumet jiamsune.

“Aku kuwi mung nggagas pasamuan Bo, mesakne, lha seminggu ngabekti ping lima..” Lik Ndoleng sajak nggatekne banget marang (mbokmenawa) kabutuhane pasamuan.

“Haiyahh, kuwi lak mung alesane sampeyan wae Lik, males MANGGUL salib, males ngibadah,njur nggawa-nggawa pasamuan..” Dalijo melu semaur.

“Iyo kang, wong wingi esuk wis nitip aku ngijolke duwit, jare arep dingo pisunsung..kuwi karo sambat, jare greja saiki kokean ibadah, lha kok saiki ngomong mesakne pasamuan..” Iin gah kalah, melu nyemesi pakne Cilik sing baguse ngromyong kuwi.

“Yen rumangsa abot, ngomong wae Leng. Kuwi malah salibmu, kudu wani MANGGUL. Aja nyilih pasamuan kanggo alesan kabotanmu..” Ngendikane Pakde Kento.

“Sakploke Yu Wasti neng greja sing nembe diwasa iki, awakmu males ngabekti Lik, eh ngibadah ta Lik?” Takone Dalijo.

“Dusss..aja seru-seru..isin karo Markun, kae lho melu maca tulisane mbahe..” Ngomonge Lik Ndoleng.

 

 

NB: Brayat BENINGE EMBUN ESUK, Lik Ndoleng cs, ngaturaken Wilujeng Jumat Adi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH