Senin, 12 April 2021

BAKUH

 

Senen Pon 12 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 3 : 1-30

Jabur 135

1 Yokanan 2 :3-11

Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu; nanging saupami boten, gusti kawula mugi karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah dhateng reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika.” Daniel 3 : 17-18

 

BAKUH kuwi tegese kahanan kang ora gampang goyah utawa miyar-miyur, sanadyan akeh kahanan kang isa wae marakne nggoling mengiwa utawa  menengen. BAKUH kuwi isa uga kinaranan kuwat, lan apa wae isa kinaranan kuwat utawa BAKUH nalika isa ngadepi sabarang “tantangan” sing nekani utawa nempuh ing kahanane.  Alat ukur kanggo kahanan isa kinaranan BAKUH   utawa ora kuwi ya mung tantangan, samubarang ora sah kinaranan BAKUH nalika ora nate nampa utawa nemoni tantangane urip.

 

Ana crita neng Kitab Daniel, bab kaya ngapa kahanan utawa pawongan isa kinaranan BAKUH. Neng crita kuwi ana pawongan telu, jenenge Sadrakh, Mesakh lan Abednego, pawongan telu kuwi nembe ngadepi masalah gede. Dene masalahe yakuwi kudu nyembah marang ratuning Babel, dudu nyembah marang Sang Yehuwah. Amarga prentah kuwi ora gathuk karo kapercayane, mulane pawongan telu kuwi wegah nyembah marang  raja Nebukadnezar. Ngerti ana wong sing mbalela, ratu Babel kuwi nesu, ngamuk yayah sinipi. Malah nganti nalika diancem arep entuk ukuman sing nggegirisi, pawongan tel kuwi tetep moh nyembah sakliyane marang Sang Yehuwah, tetep BAKUH nggondeli kapercayane marang Gusti Kang Akarya jagad.

 

Bener wae, saking nesune, ratuning Babel kuwi njur paring dhawuh supaya pawongan telu kuwi diukum, dene ukumane jian medeni temenan, yakuwi diuncalne neng pawon kang gede lan genine mulad-mulad. Sakdurunge diukum, nalika jik rembugan karo ratune Babel, pawongan telu kuwinate menewi wangsulan kang nelakake sepira gedene kapercayane marang Sang Yehuwah. Wujuding kapercayan kang gede kuwi mengkene, tetep wegah nyembah Nebukadnezar, lan nalika mengko ngepasi diukum lan ora ditulung dening Sang Yehuwah, tetep bakalan nyembahe mung marang Sang Yehuwah. Pancen BAKUH temenan kapercayane pawongan telu kuwi, Sadrakh, Mesakh lan Abednego kuwi lan patut dingo patuladan. Yen ing jaman saiki, mbokmenawa jik gampang  ngangsu banyu ngganggo tomblok tinimbang nggoleki kapercayan sing BAKUH pol kaya pawongan telu ing kitab Daniel kuwi.

 

Kaya dene ing jamane Sadrakh, Mesakh lan Abednego, ing jaman saiki tantangan marang kapercayan kuwi ya okeh lan uga gede. Anane tantangane gaurip kuwi sejatine malah minangka “alat uji” kanggo ngukur sepira BAKUH lan orane kapercayane marang Gusti Allah. Mung manut pangrasaku, angel temenan ing jaman saiki nemoni pawongan kang nduweni kapercayan BAKUH kaya critane pawongan telu kuwi, lha saiki jomeneh diancem arep diukum, lhawong ngantuk wae marakne padha lali manembah marang Gusti. Mulane, payo padha nuladha pawongan telu kang dicritakne neng Kitab Daniel kuwi, BAKUH ngadepi apa wae tantanganing urip.

 

“Jo, jarene tanduranmu Porang sing cedak wangan kae ana sing kena penyakit ya,?” Takone Siwo Solebo, neng Dalijo.

“Iya dhe, kuwi lahan anyar lan merga kurang sip nggone ngolah, mula jik okeh sukete. Thukulan suket alang-alang kuwi sing nyublesi Porang, njur tatu lan nekane jamur..” Wangsulane Dalijo.

“Lha ngerti jebule Porang kuwi ya ana amane, suk ya jik meh nandhur meneh Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Malah arep nambah lahan Lik, jenenge usaha kuwi mesti ana tantangane Lik..yen nampa tantangan sederhana wae njur mundur,kuwi ora BAKUH..aku tete[ maju pantang mundurr..” Semaure Dalijo.

“Lha emange sampeyan Lik, lagi nandur rong kedok wae, njur ana sing lanas patang iji wae sambatmu ngaru-ara lan kipa-kipa ra meh nandhur meneh..” Unine IIn.

“Menenga In..rasah nyoal-nyael awakmu kuwi…panting kopineee..” Semaure Lik Ndoleng.

“Iyoo, tak meneng, ben kaya Yu Wasti sing menengan..” Semaure Iin.

“Dusss, tekan jeneng kuwi meneh malahan!!!!” Sentake Lik Ndoleng, sinambi njupuk jisamsune Siwo Solebo lan njur disumet kanthi kepah-kepoh kae, lha wong untune Paklik Ndoleng kuwi mung kari telung las..

 

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH