Minggu, 11 April 2021

GUYUB

 

Minggu Pahing 11 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Para Rasul 4 :32-35

Jabur 133

1 Yokanan 1 : 1-2:2

Yokanan 20 :19-31

Anadene sagolonganing wong kang wis pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang rumangsa, yen barang kang kadarbe iku duweke dhewe, nanging samubarang kabeh padha dianggep dadi duweking ngakeh.” Para Rasul 4:32

 

GUYUB kuwi tembung kang kereb diomongake ana ing rembugan padinan, ketoke mayar, amarga mung limang hurup utawa abjad, ananging angel nglakonine. GUYUB kuwi ora mung keton grudak-grudug ngalor-ngidul, ngetan ngulon lan munggah medun, ananging GUYUB  kuwi sawijiningn kahanan kang kabeh “anggotane” isa nyawiji dadi  siji ing rasa lan sedya. Yen mung ngatonake grudag-grudug wae, mayare ngeam, janjeni wae bantuan apa mangan gratis, mesti sing nglumpuk sakndayak bengkah. Ananging GUYUB kang sejati kuwi, kahanan urip kang ing antarane siji lan sijine isa padha-padha ngertine, ora mung njaluk dimangerteni ananging moh ngerteni liyan.

 

Carane urip GUYUB kang ideal kuwi ana ing Para Rasul bab 4, mirunggan ayat 32-35. Ing kana dicritakake kepriye patrape urip bebarengan kang sejati,kang siji lan sijine ngerti, ora mung njaluk dimangerteni. Rasa kang manunggil kuwi dasare GUYUB, lan nalika kahanan wis GUYUB, anane mung tentrem lan rahayu, ora ana sing nduweni sujana siji lan sijine. Amarga GUYUB, mulane kabeh isa nglakoni urip kanthi kebak ing rasa aman lan uga ayem, makarya kanthi tulus iklas, andum inganduman ben cukup butuhe beraenga kanthi bungah. Kuwi kabeh isane klakon mung nalika kabeh warganing “komunitas” nduweni rasa GUYUB, yen hora, ya tangeh lamun. Yen ora nduweni rasa GUYUB, lambok bendina runtang-runtung, ora bakalan ana katentreman, amarga ing antarane siji lan sijine ora padha percaya. crita neng Para Rasul 4 ayat 32-35 kui cetha wela-wela-nyulek mata, kepriye gambaran GUYUB kuwi. Ngedol barang darbeke kanggo butuhe bebarengan kuwi biasa, ora kabotan, melu ngrahapi panganan nalika jian ngepasi ora nduwe babarblas ya kepenak wae, merga ora ana pasujanan babarblas.

 

Ing jaman saiki,mbok’a kuwi jenenge “Pasamuan Greja Kristen….”, uga lambok ben minggu ngumpul, durung temtu ana rasa GUYUB ing kono, merga jik okeh sing padha ngrumati “pirus curiga”, mulane ora isa percaya marang siji lan sijine. Jik okeh sing nandhur winih “klesak-klesik”,ora gelem tinarbuka, mulane njur ana gep utawa kelompok-kelompok tertentu, sing ekslusip lan sakpiturute. Bener, ing jaman saiki kereb padha ngumpul, ananging durung temtu ana rasa GUYUB. Yen kahanane GUYUB kuwi ora ana pasambat, ora ana omongan kwatir apa keweden, sanadyan ya kahanane nggegirisi, sing ana mung bungah lan bungah amarga percaya marang Gusti lumantar sedulur kang urip bebarengan. Yen GUYUB kuwi siji lan sijine “nyangga” uripe liyan, ben dadi sansaya kuwat, ora malah sing kuwat nglumpuk karo sing kuwat, njur nyuraki sing keser-keser merga ora kuwat mikul aboting masalah. Wis ah, semene ndisik, arep NYUSU..L, neng Cakruk.

 

“Wingi ranjedul ngandi Jo?” Takone Siwo Solebo.

“Kekeselen Wo, manen Porang?” Semaure Dalijo.

“Weh, jos kuwi, okeh pora?” Takone Siwo Solebo meneh.

“Lumayan Wo, metu nem ton kae, dulkali, cedak kluwih..”Wangsulane Dalijo.

“Wuihh,esipp..mbok dol kabeh Jo,?” Takone Lik Ndoleng.

“Iyo Lik, sing isa mlebu pabrik, liyane tak simpen nggo winih, karo nyawisi dulur-dulur ngko sing butuh nandhur..” Omonge Dalijo.

“Lha sing padha maido lan moyoki kowe, ana sing meh nandhur lho Jo, meh mbok wenehi?”Takone Lik Ndoleng meneh.

“Lha iya ta, yen aku menehi sing apik karo aku thok, kuwi ra ana gunane Lik, yen aku apik karo sing ngelem lan ndukung aku, kuwi kabeh wong isa Lik..iki arep takwenehi sing butuh” Dalijo menehi sauran.

“Kuwi kang kinaranan GUYUB, mikirke apike liyan, sanadyan liyan ora pernah babarblas mikirke, malah nyujanani wae..apik kuwi Jo, TERUSKAN!” Ngendikane Pakde Kento, sajak semangate ngeram, padune meh njaluk begean winih Porang.

“Yu Wasti aja mbok GUYUB’I lho Lik, wis kadung diGUYUBi kang Markun..” Iin njedul, nggawa wedang anget, sinambi njarag pakne cilik Ndoleng.

“Trondolooooo bungkerr…..mesti saben awakmu teka, marakne atiku deg-deg sir Innnn..Dusss!!” Omonge Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH