Rabu, 14 April 2021

KESASAR

 

Rebo Kliwon 14 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 26 : 1-15

Jabur 135

Markus 12 : 18-27

Banjur padha diparingi wangsulan: “Kowe iku padha kesasar, iku amarga kowe ora padha ngreti marang Kitab Suci lan marang panguwasane Gusti Allah. Awit manawa wong wis tangi saka ing antarane wong mati, iku ora omah-omah utawa ora diomah-omahake, nanging uripe kaya malaekat ing swarga.” Markus 12 : 24-25

 

Tembung KESASAR kuwi okeh “persamaan katane”, ana sing ngarani Keblasuk, ana sing ngarani Keblinger , ana uga sing ngarani Keblangsak lan sakpanunggalane. Dene tegese KESASAR isa diringkes mengkene, lumaku kang ora ngener marang ancase utawa tujuan kawitan, kudune ngetan malah ngulon, kudune ngguyu malah  nangis lan sakpiturute.

 

Ana piwulang bab KESASAR neng Injil Markus, yakuwi nalika Gusti Yesus nembe wawan-pangandikan karo para wong  Parisi. Ing pirembugan kuwi,wong Parisi ana sing takon bab urip ing jaman klanggengan. Yen nalika neng ndonya wong kuwi nganti luwih seka sepisan, menawa neng Injil Markus ping pitu, mbesuk’e nalika lumebu ing donyaning klanggengan sapa sing nduweni hak ngepek bojo. Mireng pitakonan sing kaya mengkono kuwi, Gusti duka, lan wong Parisi kuwi padha dijublak pangertenm, yen tata-cara urip neng donyaning klanggengan kuwi beda karo carane urip ing ndonya iki. Gusti Yesus duka, lan nganggep pikirane wong-wong Parisi kuwi KESASAR, salah alamat.

 

Bab KESASAR utawa salah alamat kuwi, ora mung ing jamane Gusti Yesus, ing jaman saiki ya nggladeg,okehe ngeram wong-wong sing padha KESASAR kuwi. Metung panguripan ing klanggengan padha karo kahanan utawa “pola urip” ing ndonya iki. Amarga carane mikir KESASAR, mula ya trap-trapane kleru kabeh, dompyo kaya wong ngenam kepang lan ora manut aturan, dadi kepang ananging blas ora nyeni. KESASAR ing penemu bab iman kuwi ya mbebayani, mikire urip langgeng kuwi mbutuhake sangu bandha donya, njur numpuk bandha sakthekruk, nganti wegah andum-inganduman karo liyan,KESASAR piker, merga manut penemune kuwi Gusti Allah kelewat santai, mulane apa-apa dinyang kaya neng pasar kae, mulane yen ngibadhah dinyang, pisungsung dinyang, makarya mirunggan dinyang. Kuwi kabeh isane kelakon amarga KESASAR penemune. Mulane, supaya aja KESASAR piker lan penemu, payo manut lan nderek Gusti, ben tetep mlaku neng mburine Gusti, kuwi mesti ora  bakalan KESASAR.

 

“In,ngandi Paklikmu Ndoleng?” Takone Pakde Kento, nalika sore kuwi neng Cakruk mung ana IIn, sing nembe ngresiki gelas tilak kopi, dene Dalijo nembe mulih seka kebon Porang.

“Mboten ngertos Dhe, turihne ajeng mendhet udud, ananging kawis awan wau kok dereng wangsul..” Semaure Iin.

“Weh, aja-aja njagongi Wasti, merga Markun iki lagi ngancani murid’e pikenik” Ngendikane Pakde Kento.

“Lha, raktenan ta, Ndoleng kuwi sok KESASAR pikirane, merga apa kang dikarepke kudu kelakon, sanadyan nerak pager ayu” Omongane Siwo Solebo, lan nalika muni ngono, Lik Ndoleng klunuh-klunuh teka, lan arep neng Cakruk, ndadak nggeret Dalijo sing nembe milihi Katak Porange.

“Ngapa nggeret Dalijo Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Ben ora makarya wae, takjak nggabung mrene” Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah, kokean alesan. Mau jare isin merga konangan kang Markun, sing rasida pikenik, njur tiwas njagongi Yu Wasti seka awan tekan sore, mikire kang Markun Piknik, jebul kang Markun turu neng kamar..lha kok iki alesane beda Lik?” Unine Dalijo.

“Dus, malah jujur kow kuwi Jo!!” Semprote Lik Ndoleng.

 

Mbahe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH