Kamis, 08 April 2021

RUKUN

 

Kemis 8 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 1 : 1-21

Jabur 133

Para Rasul 2 :42-47

Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Saiba prayoga lan endahe, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun. Iku kaya lenga jebad adi ana ing sirah kang ndlewer marang jenggot, kang ndlewer marang jenggote Imam Harun lan marang guloning jubahe. Kayadene ebune gunung Hermon kang mudhun ing gunung-gununge Sion. Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase. Jabur 133 :1-3

 

RUKUN kuwi tembung kang nduweni kosokbalen, yakuwi crah utawa tukar-padudon. RUKUN kuwi kahanan kang apik, kang nyenengake, amarga menawa kahanane RUKUN, ateges ora ana sesrimpetaning sesambungan, mesti kabeh rinasa enak lan kepenak. Lumrahe menungsa, mesti seneng karo kahanan RUKUN, mbuh yen menungsa kuwi wis hora lumrah, mesti ora seneng marang kahanan kang sinebut RUKUN.

 

Neng Kitab Jabur, bab RUKUN kuwi nate dadi paseksine Paja Dawud, kepiye ngrasakne pengalaman urip kang nyenengake nalika wong sakomah kuwi RUKUN. Anane ngrasakne RUKUN kuwi kahanan kang kepenak, amarga pancen kereb banget nemahi kahanan kang ora RUKUN. Jamanne raja Dawud, perang kuwi gawean kang lumrah, istilahe wong saiki ngono kaya sega-jangan, saben ndina klakon. Amarga kereb ngadepi kahanan perang, kang uga nggambarake kahanan kang ora RUKUN, mula raja Dawud njupuk kesim[pulan yen RUKUN kuwi kahanan kang luwih apik.

 

Ing jaman saiki, ora sithik sing nemahi kahanan kang ora RUKUN, isa ora RUKUN karo liyan, ora RUKUN karo kahanan, ora RUKUN karo awake dewe lan sakpanunggalane. Yen nemahi kahanan  kang ora RUKUN, mesti ora kepenak, kabeh rinasa luput utawa salah. Beda karo kahanan kang RUKUN, mbuh kuwi karo liyan apa karo awak’e dewe, mesti ngrasakne  samubarang kanthi enak lan kepenak. Mula saka kuwi, manut paseksine raja Dawus, payo tansah mbudidaya urip kang RUKUN, ya karo liyan, karo kahanan lan uga karo awake dewe.

 

“Jo, tanduran Porangmu sing dul kalen kae kok kayane ora kaya liyane?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Cen ora kabeh apik kok Lik, kae mbiyen kurang apik lahane, kesusu nanduri. Sukete rung bosok, amoniak’e jik okeh lan kuwi sing marakne Porangku mati..” Semaure Dalijo.

“Lha pora rugi yen kaya mengkana kae, kan ombone ngeram..” Omongane Lik Ndoleng meneh.

“Ora apa-apa Lik, jenenge wong usaha kuwi ya kudu siap rugi lan bathi, sukses lan gagal..isane nampa kuwi nalika isa RUKUN Karo awake dewe lan uga RUKUN karo kahanan Lik..” Unine Dalijo, jian memper Begawan kae, Lik Ndoleng mung meneng wae, sore kuwi sepi amarga Siwo Solebo lan Pakde Kento nembe keboyokan, wis sepuh jika sok ngajak “pikenik” bojone.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH