Jumat
Legi 9 Agustus 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
IKI DALANE PASA |
Yesaya
9:18-10:4
Jabur
50:1-8,22-23
Mateus
9:14-17
Pangandikané
Gusti Yésus: “Kepriyé penemumu? Endi ana tamu ing pésta pengantèn kokprihatin,
yèn pengantèné lanang isih ana ing kono? Mesthi ora! Nanging bakal ana mangsané
pengantèn lanang lunga saka ing kono. Ing wektu iku para tamu mau bakal padha
pasa.”Mateus 9:15
PASA kuwi dudu bab sing asing ana ing tata
panguripaning menungsa, seka ing jaman kuna tumeka ing jaman saiki. Saben “peradaban”
kayane ngerti lan malah kepara nglakoni apa sing diarani PASA,mbuh apa tujuan
lan kepiye carane. Ing jaman saiki bab PASA ya isih dadi “perdebatan” sanadyan
ora gandhang keprungu, merga mung ana ing sawetara wong, mirunggan seka
kelompok “minoritas”. Sing dadi bahan pitakonan ya tetep wae bab wektu lan tata
carane. Mirunggan tumrap warga greja, bab PASA kuwi jik wedi-wedi wani, lan
kabeh ya nduweni argumentasi sing (sajak’e) kuwat. Merga kabeh kepingin
mangerteni bab PASA sing pas, mula ya ayo bali marang sumbering piwulang,
yakuwi Kitab Suci, merga saka ing kana isa dipethik pasinaon apik kanggo
pancataning urip.
RAHASIA HIDUP SEJAHTERA |
Saka piwulange Gusti Yesus neng Injil Mateus 9,
mirunggan ayat 15, neng kana diwulangake kepiye PASA kang pas. PASA kang pas
kuwi sejatine ora babagan cara, ananging babagan rasa, yakuwi rasa Prihatin. Keprihatinan
ing kene tegese nalika kahanan nembe ora jumbuh karo kekarepan, dene ora jumbuh
karo kekarepan kuwi merga Gusti ora diajak cawe-cawe utawa nglirwakne
Gusti. Mula saka kuwi, pangandikae Gusti
Cetha banget, yen nembe sesarengan karo Gusti, ngapa ndadak PASA utawa
prihatin? Ananging nalika nemahi kahanan sing nrenyuhake (merga ora Gusti), ya
wektu kuwi sing pas kanggo PASA. Dene kahanan sing isa diarani ora an Gusti ing
kono, kayata: pasulayan, lelara sing ora mari-mari,tukar-padu,korupsi,tuminda
nyleweng lan sakpanunggalane. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi sejatine bab
PASA dibutuhake. Dadi, PASA kuwi sejatine ora babagan wajib lan gumantung
wektu, ananging kabutuhan lan gumantung kahanan dalah krenteging ati.
Yen ngepasi nemahi kahanan sing mrihatinake
njur meneng wae, ora nduweni krenteg prihatin lan sakbanjure nindakne PASA, isa
diarani yen wong kuwi wis kelangan rasa prihatin lan “empatine” marang kahanan
sakiwatengen lan babar blas ora ngupayakne sabarang sing ora apik dadi apik
meneh. Mula saka kuwi, lumantar BENINGE EMBUNESUK ing Jemuah Legi 9 Agustus
2019 iki, ayo pasa ngasah rasa prihatin tumrap sabarang ing sakiwa tengene
dewe. Aja mung prihatin mung nalika kabutuhane dewe rumangsa ora dituruti,lan
protese marang media sosial,PASA kuwi protes marang kahanan sing rinasa ora
adil tumrap liyan.
“Saiki paklik kok asyik dolanan HP ta In?”
Dalijo sore kuwi ngrasani pakne Cilik Ndoleng karo dulure wedok, Nduk I’in.
“Iyo kok kang, lan saiki sakbare takwuruki nggawe
setatus, apa-apa digawe setatus” Semaure nduk I’in.
AJA PASA |
“Ora apa-apa, nggere statuse sing mbangun
marang apik’e urip bebarengan,ora mung nesa-nesu protes nalika rumangsa
dijolimi” Dalijo mangsuli semaure I’in, lan ketungka njedule Lik
Ndoleng,sinambi takon.
“Jo..In, carane mbusak setatur Wea ki piye?”
“Yungalah, lha kok meh dibusak ana apa Lik?”Dalijo
takon.
“Diprotes wong akeh Jooo” Semaure Lik Ndoleng
sajak keweden.
“Mulane kuwi, yen nyetatus mbok sing mbangun
bab kasaenan urip bebarengan, ora nggere ana masalah njur protese karo WA,
protes kuwi kaya PASA lik, ya marang Gusti. Yen protes marang media sosial, apa
kuwi pas?” Takone Dalijo, dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya manuk
tengkek kelangan precil.
Mbahe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar