Selasa
Kliwon 13 Agustus 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
DEREP NGGON IKI WAE |
Yesaya
24:1-13
Jabur
11
Mateus
9:32-38
“Gusti Yésus
banjur ngandika marang para muridé: “Sing kudu dienèni akèh, nanging wong sing
derep mung sethithik Mulané padha nyuwuna marang sing kagungan panèn, supaya kersa
nambahi cacahé wong sing derep.” MAteus 9:38
Mbiyen sing jenenge pegawean DEREP kuwi lumrah ana ing uripe
para sedulur ing karang padesan. DEREP kuwi
nyambut gawe utawa makarya kanggo ngrewangi liyan kanthi bebulih apa
sing dilakoni, dene etungane manut “kesepakatan” sing lumaku utawa manut adat
kebiasaan sing ana ing kono. Tumrab sapa wae sing ora nduweni lemah sing
ditanduri, DEREB kuwi mingaka pengarep-arep
supaya urip ing tembe isa ana jaden, mulane menawa ora ana DEREPAN,
mesti dadi sanggan kanga bot tumrab wong sing ora nduwe tanduran. Merga saka
kahanan sing kaya mengkene iki, mulane sapa wae sing DEREB kuwi mesti nyambut
gawene sregepe ora umum, esuk umun-umun wis mangkat lan sakdurunge sing nduwe
tanduran tekan ing sawah apa tegale, sing DEREB wis oleh ayahan utawa gawean
sing akeh lan malah ana kala mangsane gaweane meh rampung.
Sing ndadekne para “pendereb” kuwi makarya kanthi sregep lan
semangat merga nduweni pengarep-arep, yakuwi entuk “bawon” sakwise nyambut gawe
ing dina kuwi, lan sesuke menawa mangkat DEREB meneh, ya bakalan nampa bebuli
jumbuh karo gawean sing dilakoni. Lumantar Bawon sing ditampa, kuwi isa dinggo
nyukupi kebutuhan pangan uripe lan uga brayate. Mula saka kuwi, ora ana wong
sing DEREB sing mung leda-lede, klolat-klelet
lan molas-malesan, merga yen nglakoni kuwi kabeh, mesti ora bakalan
entuk bawon sing cukup kanggo kebutuhane urip.
Bab DEREP kuwi nate dadi pasemon piwulange Gusti Yesus. Nalika Gusti
mirsani wong akeh sing lara lan rinungket ing dayane iblis, Gusti trenyuh la
nana ing kawicaksanane Gusti, merga ora akeh sing gelem kautus kanggo makarya. Mula
saka kuwi, Gusti sakbanjure ngendika, yen
sing kudu dieneni utawa dipanen akeh ananging sing DEREP mung sithik, mula
dinawuhan nyuwun Sing Kagungan Panenan, nimbali para tukang DEREP meneh.
Apa sing tinulisan kuwi sejatine gegambaran urip iki lan uga
timbalan leladi. Akeh warga pasamuan,ananging pada wegah diajak DEREP ana ing
tegal lan sawahe Gusti. Dene alesane meneka werna, kamangka kanggo sanguning
urip ing klanggengan mung ana siji syarate: BAWON sing saka Gusti! Mula yen
pada wegah DEREP neng sawah-tegale Gusti, ya mokal yen mbesuk’e isa urip karo
Gusti neng klanggengan, iki rega mati!
“Jo, yen taksawang lan takrasakne, kok sliramu kuwi ora tahu
nampik apa wae gawean neng pasamuan? Jan-jane apa sing dadi alesanmu?” Sore
kuwi nalika wedangan neng Lincak ngarepan sisih kulon, Lik Ndoleng nakoni
Dalijo saking gumune marang sregepe Dalijo bab pakaryan greja.
“Kuwi apik Lik, tinimbang kaya sampeyan, kokean alesan..”Nduk I’in
nyoal-nyael kaya padatan.
“Rabutuh rembugmu In, aku nakoni Dalijo!” Semaure Lik Ndoleng
rinasa rada sugal.
“Aku kuwi rumangsa ora nduwe sangu kanggo sowing Gusti ing
mbesuk’e Lik, kamangka sanguine kudu kaya kersane Gusti. Mula sing taklakoni
iki kaya dene DEREPku marang pakaryane Gusti, ben entuk Bawon kanggo sanguku
sowan Gusti” Semaure Dalijo sinambi nyumet djarumsupere..
“O…o..kaya ngono ta alesanmu…”Semaure Lik Ndoleng lirih, sajak
isin..dene Nduk I’in mung mlengeh kaya Jaran kasmaran.
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar