Senin, 12 Agustus 2019

NGREMEHAKE


Senen Wage 12 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI AJA DIREMEHNE!!


Yesaya 2:1-4
Jabur 11
Mateus 9:18-26
Gusti Yésus banjur ngandika: “Padha metua; bocah kuwi ora mati, mung lagi turu.” Wong-wong mau padha nggeguyu Panjenengané. Bareng wong akèh mau wis padha metu, Gusti Yésus nuli mlebu ing kamaré bocah wadon mau, sarta ngasta tangané. Bocahé banjur gumrégah ngadeg. Kabar bab lelakon kuwi banjur sumebar ing setanah kono kabèh. Mateus 9:24-26

NGREMEHAKE kuwi asalae seka tembung Remeh, sing tegese kurang ana ajine utawa malah babarblas ora ana ajine. Dene sing kurang aji utawa malah babarblas ora ana ajine kuwi isa barang,isa kahanan lan uga isa kahanan. Mula saka kuwi tembung NGREMEHAKE ngemu teges sikap ngasorake utawa mapanake samubarang tanpa aji babar las utawa ajine mung sithik, lan merga saka kuwi njur ora dianggep penting. Biasane sikpe NGREMEHAKE kuwi isa dititeni lumantar pirang-pirang cara utawa tanda, kayata: Wegah nyawang, ngguyu sinambi mlengos, wegah ngrungokake lan ora gelem nggawa, ora gelem nyekel utawa nyenggol lan akeh cara kanggo nelakake yen pawongan kuwi NGREMEHAKE kahanan.

Ana crita neng Kitab Suci sing isa dadi kaca benggala sing apik kanggo ngerti luwih pas bab NGREMEHAKE. Crita kuwi bab pakaryane Gusti Yesus sing nguripake bocah sing sejatine wis mati. Nalika disambati bapakne bocah sing wis mati mau, Gusti njur paring dhawuh supaya sing manggon neng kamar (nunggoni jisime bocah sing amti) pada metu, lan ngendika yen bocah kuwi ora mati, ananging mung turu. Kahanan iki sing ndadekne wong akeh nggeguyu, sing mratandakne yen wong-wong kuwi NGREMEHAKE Gusti Yesus. Bareng wis pada metu lan Gusti mirsa kahanane bocah, njur ngasta tangane jisime bcah kuwi, banjur si bocah gumbregah ngadeg.  Kahanan kuwi sing ndadekne wong akeh sing maune nggeguyu sing tegese NGREMEHAKE dadi ngowoh gumun merga lelakon sing mentas ana. Elok’e, sakwise lelakon kuwi, Gusti Yesus ora mirang0mirangke sing maune NGREMEHAKE Panjengane, iki sing uga pantes dituladani dening sing sapa wae maca tulisan iki. Menawa nate diremehke lan banjur isa ngliwati bab sing diremehake mau, aja njur kumlungkung utawa gumunggung,ananging  tetep kudu andhap asor lan lembah manah.

KOLESTEROL AJA DIREMEHKE!


Bab NGREMEHAKE lan uga DIREMEHKE kuwi perkara lumrah ana ing njagad iki. Sing pada maca tulisan iki ya nate ngalami lelorone, DIREMEHAKE lan uga (malah luwih kerep kayane..hehe) NGREMEHAKE. Mula saka kuwi, sinau seka pakaryane Gusti Yesus lan uga andharan cekak ing BENINGE EMBU ESUK iki, ayo pada nglakoni apa wae lumantar percaya. Merga yakin utawa percaya kan manteb kuwi sing ndadekne Gusti Yesus tetep bakoh nindakne apa sing kudu ditindakne, ora merduli sanadyan digeguyu utawa diremehake dening liyan.

“Jo, apa usahamu kuwi isa lumaku lan lancar? Ya bener saiki jaman dijital, ananging apa ya mungkin idemu kuwi isa klakon. Aja ngayawara Jo…”Sore kuwi Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab apa sing ditelateni minangka garane urip.
“Iyo lho kang, okeh sing cluluk, mosok jaman saiki mung arep urip dadi wong tani, kuwi wae ora digelar neng pasar, malah mung liwat hape” Nduk I’in ndilalah sarujuk karo Lik Ndoleng, merga nate krungu sing pada NGREMEHAKE Dalijo.
“Ben wae, aku malah seneng yen DIREMEHAKE, merga kuwi pitamine usahaku Lik..In, nanging aku tetep yakin, yen iki dalaning urip sing diparingake Gusti kanggo aku” Semaure Dalijo manteb..
“Ya muga-muga sing pada NGREMEHAKE pada ngowoh ing mengkone..” Lik Ndoleng mangsuli kanthi esem.

Mbahe..

2 komentar:

  1. Ngremehake kala mangsane lunyu dilakoni.....
    Ning yen diremehke nylekit tumeka telenging ati.....

    BalasHapus
    Balasan
    1. lan sing kerep, menungsa kuwi ngremehake liyan..ananging yen diremehake..muring2..hehe

      Hapus

FIKSI Di Malam PASKAH