Sabtu, 10 Agustus 2019

NGLUMPUKAKE


Setu Pahing 10 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

NGLUMPUKAKE


Yesaya  1:2-9,21-23
Jabur 50:1-8,22-23
Mateus 6:19-24
“Nanging padha nglumpukna bandha ana ing swarga. Awit ing swarga ora ana rayap lan renget sing bisa ngrusak bandha mau, lan maling iya ora bisa mbabah lan nyolong.” Mateus 6: 210

NGLUMPUKAKE, kuwi linggane Nglumpuk, sing tegese dadi siji. Merga dadi siji, mula sejatine ora mung siji,nanging akeh. Sing akeh dadi siji kuwi diarani Nglumpuk, dene NGLUMPUKAKE kuwi tegese tumindak kanggo ndadekne siji sabarang sing akeh ana ing papan kang winates. Gawean NGLUMPUKAKE kuwi dudu gawean sing mirunggan, merga saben wong isa nglakoni gawean iki. Dene sing diklumpukake kuwi biasane barang sing manut penemune nduweni pengaji, merga yen kuwi ora nduweni pengaji, mokal diklumpukake.

Ing donya iki, sing kerep diklumpukake dening menungsa –merga dianggep nduweni aji- yakuwi banda donya. Dene sakliyane banda donya sing katon, angel sing mirunggan ngupayakne. Magepokan karo bab NGLUPUKAKE kuwi, ana piwulang apik banget saka Gusti Yesus, yakuwi supaya saben wong oramung fokus NGLUMPUKAKE banda sing katon merga kuwi bakalane sirna, ananging dinawuhan NGLUMPUKAKE banda kaswargam sing ora bakal ilang merga dipangan ngenget lan Rayap. Ananging merga nduweni lan NGLUMPUKAKE banda kaswargan kuwi kayane ora nduweni daya linuwih ana ing pamawase menungsa, ya racake pada wegah ngayahi, aluwung NGLUMPUKAKE bandane kadonyan, sing pancen kahanane nyenengake temenan.

Aja Dibuka Ya!!!  IKI GAMBAR PORNO!!

Saiki njajal, ayo ngilo uripe dwe-dewe, akeh endi wektu kanggo manembah karo Gusti yen ditandingake karo wektu ngupayakne banda kadonyan? Pira wektu sing dicawiske kanggo maca kitab suci, ndendonga khusus ndongakne liyan, mangkat kebaktian lan uga nderek leladi?Mesti yen gelem jujur, wektu kanggo nglumpukake banda kadonyan luwih akih. Yen sarujuk menawa kabeh tumindak ritusal agama kuwi srana kanggo NGLUMPUKAKE bandane kaswargan, coba tandingna karo wektu nguyak malah kepara mbledik banda kadonyan?Mulane, sinau seka piwulange Gusti, ayo pada miwitii focusing urip kanggo NGLUMPUKAKE banda kaswargan.

“Lik, sesuk bar neng nggreja arep nengndi?” Takone Nduk I’in marang Lik Ndoleng.
“Hmm..a..anu In, aku ijin ora neng nggreja, aku ana ayahan mirunggan…” Semaure Lik Ndoleng.
“Haiyahhh..acara mirunggan apa, wong mung meh mancing wae kok diarani acara mirunggan” Dalijo melu cawe-cawe.
“Mbok dieling Lik, wektumu mancing karo ngibadah sejam yen dina minggu kuwi akeh endi? Mbok mikir, ngibadah kuwi isa diarani NGLUMPUKAKE bandane kaswargan. Aja sembrana Lik, eling wis tuwa,wis ompong kuwi lho,…”Pangolok’e Dalijo.

BEN SEHAT


“Weladalah, aku pancen ora isa enda karo sliramu Jo, tapi mbok ya aja ngelokake bab umur, pekewuh aku iki” Lik Ndoleng sajak ora jenjem ing ati merga bab umur kuwi mau.
“Sing penting Lik, ayo NGLUMPUKAKE bandane kaswargan wae, denee bandane donya iki cikban dadi wuwuhe berkah saka ayahan peparinge Gusti iki” Dalijo kaya biasane, kojah sakrasane.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH