Minggu, 11 Agustus 2019

NGENTENI


Minggu Pon 11 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI CEMILAN NGGO NGENTENI


Purwaning Dumadi 15:1-6
Jabur 33:12-22
Ibrani 11:1-3,8-16
Lukas 12:32-40
““Kowé kudu tansah siyaga ngadhepi samubarang prekara. Klambimu cancutna lan diyanmu panjeren. Ora béda kaya abdi sing ngentèni konduré bendarané saka péstané wong mantu. Yèn bendarané rawuh lan thothok-thothok lawang, abdi mau énggal-énggal mbukakaké.” Lukas 12:35-36

NGENTENI kuwi pada karo nunggu, yakuwi tumindak utawa pagawean jinaga marang apa sing wis jinajekake. Jenenge wae pagawean, ya mestine wae mbutuhake ubarampe. Dene pagawean NGENTENI kuwi ubarampene ya akeh, kudu nduweni sabar, nduweni rasa telaten, kudu nduweni energi utawa tenaga sing linuwih merga kudu tansah siap nganti tumekaning sing dienteni, kudu nduweni kreatifitas utawa kaprigelan kanggo ngisi wektu ing sakjroning nunggu utawa NGENTENI kuwi maul an sing baku kudu yakin yen sing dienteni kuwi bakal teka lan ora goroh.

Piwulange Kitab Suci ing dina iki, minggupon sewelas agustus rongewu songolas, ngajak sapa wae kanggo sadhar yen urip iki sejatine mung wektu kanggo NGENTENI. Lho lha NGENTENI apa lan sapa?Ya NGENTENI rawuhe Gusti sing akalan nimbali sakabehing wong minangka titah kanggo “mulih” marang omahe sing langgeng. Bab urip kuwi NGENTENI ora isa diselaki,ananging sing kudu dirasa lan dipikirake, njur ing sakroning wektu NGENTENI kuwi kudu ngapa. Rama Abraham, ing sakjroning wektu NGENTENI marang janjine Gusti ya tetep sengkut makarya kaya apa sing dadi tugas tetimbalane. Dene ancas utawa tujuan ngapa kok ndadak makarya, merga Rama Abraham percaya, yen ing sakjroning makarya kuwi sejatine kahanan sing ndadekake dewek’e tansah waspada lane ling. Iki sing penting, ing sakjroning NGENTENI aja pada nganggur lan mung leda-lede,ananging pada makarya’a jumbuh karo tetimbalanne Gusti. Lha apa sing dadi tetimbalane Gusti marang uripe dewe? Kuwi gampang, sawangen apa sing kurang ing sakiwa tengenmu! Kuwi wae, lan nalika ana sing kurang, ya ndang jangkepana.


OBAT LARA UNTU


“Lik, aku arep mangkat gasik,mruput.”Pamite Dalijo marang Lik Ndoleng ing dina minggu esuk,naika jamsetengah enem wis klimis meh mangkat neng nggreja.
“Badalaaa…iki jam pira Jo, jik esuk,lagi jam papat kok wis mangkat,po arep ngepel greja?” Kaget Lik Ndoleng njur semanta.
“Jam duwekmu wektu ngendi Lik, apa wektu planet merkurius?Lha genah iki wis jam enem kok jare jam papat,apa malah mripate sing slewah Lik?” Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael.
“Iki jik jam setengah enem Lik, aku mung pengen melu cecawis neng papan pangibadah, supaya mengko nalika kebaktian, kabeh lancar lan dadi karahayon tumrap kabeh sing sing rawuh. Iki caraku ngajeni wektu peparinge Gusti Lik, In..iki caraku NGENTENI rawuhe Gusti,merga aku babar blas ora ngerti kapan rawuhe. Mula aku kudu cecawis kanthi pakaryan sing becik” Wangsulane Dalijo sinambi mangkat, merga wektu sansaya awan…

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH