Senin, 19 Agustus 2019

DISENGITI


Senen Legi 19 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

AJA DISENGIT


Yesaya 5:8-23
Jabur 74
Mateus 10:16-23
Lan kowe bakal disengiti ing wong kabeh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet…” Mateus 10:22

Racak’e ora ana sing seneng DISENGITI, merga sing disenengi kuwi ditresnani utawa digemateni. Lha ngapa ta kok pada ora seneng yen nduweni kahanan urip DISENGITI? Merga kahanan DISENGITI kuwi jian rekasa banget, apa meneh yen kahanan kuwi merga nglakoni tumindak sing luput utawa ora bener lan pener. Ananging sakumpamane wis tumindak apik, lan tetep DISENGITI, njur kudu piye sikep sing pas, sing jumbuh karo kersane Gusti? Kanggo mangerteni patraping urip sing pas utawa trep karo kersane Gusti, nalika nemahi kahanan DISENGITI dening liyan, sanadyan wis nglakoni bab sing apik, ya kudu sinau  saka Kitab Suci, minangka kaca benggalaning urip tumrape wong percaya.

Bab DISENGITI liyan merga nglakoni kersane Gusti kuwi wis winangsitake dening Gusti ana ing Kitab Suci, pernahe neng Injil Mateus, ing kana pangandika kang mangkene, “Lan kowe bakal disengiti ing wong kabeh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet.Saka tulisan kuwi cetha yen sing sapa nindakne pangandikane Gusti utawa nindakne kersane Gusti, isa DISENGITI liyan. Ananging sanadyan kaya mengkono, ora usah jirih lan wedi, merga yen nemahi bab sing kaya mengkono kuwi malah dadi tanda yen nembe nindakne bab sing apik. Malah pambereg’e seka Gusti, supaya tetep manteb tumeka ing wekasan, supaya slamet. Intine, aja ngendani kahanan urip kang kudu ditampa nalika nindakne kersane Gusti, ananging malah bungaha nalika wis tumindak apik, ananging jik tetep DISENGITI liyan. Pancen abot urip disengiti liyan, ananging sauger kuwi tumindak apik, aja mundur lan aja goyah, merga kuwi lagi netepi bab apik sing jumbuh karo kersane Gusti.

Ing sakurute jaman, tumindak apik durung mesti entuk ganjaran apik, malah ana kalamangsane kaya sing dipangandikakne Gusti ing Mates 10 ayat 22 kuwi, malah DISENGITI. Umpama ngadepi kahanan kaya mengkene, aja mundur lan nglokro, tetep setya tumeka ing wekasan, merga kuwi sejatine sing dadi kersane Gusti. Disenengi liyan kuwi mayar, turuti wae apa sing dadi kekarepane, ananging karepe menungsa kuwi kereb cengkah karo kersane Gusti. Mulane, yen pada ngalami urip DISENGITI liyan merga nindakne dhawuhe Gusti, bungahe lan mesema,aja gigrig lan mundur.

“Lik, kok wingi pas kerjabakti, kang ora gelem mikul barengan Kang Markun?” Dalijo sore kuwi nakoni Lik Ndoleng.
“Anu Jo..hmm..anu..” Lik Ndoleng glagepan ditakoni bab kuwi, lan sakdurunge isa lancer wangsulan , I’in kaya biasane, nyoal-nyael.
“Kalah saingan bab Yu Wasti, mula ora isa gathuk karo kang Markun ya Lik?”
“Lambemu In, mesti uruane kok bab kuwi..” Semaure Lik Ndoleng.
“Lha njur baba pa Lik, kok sengit banget karo kang MArkun?” Nduk I’in jik ndedes pakne cilik.
“Lik, aja nggething liyan merga iri lan drengki, kuwi ora pas. Sanadyan ana sing natoni ati, manut rumangsane awake dewe, aja ngimbu dendam, diapura wae. Lan uga, aja sengit marang liyan,ananging yen DISENGITI liyan merga tumindak apik, bungaha, merga kuwi nembe ngayahi kersane Gusti” Dalijo, kaya biasane, kojah sakrasane.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH