Minggu
Kliwon 18 Agustus 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia
23:23-29
Jabur 82
Ibrani
11:29-12:2
Lukas 12:49-56
“Apa pangiramu, tekaKu ing bumi iki nggawa karukunan? Ora, Aku
pitutur marang kowe: Aku ora nggawa katentreman, nanging nuwuhake crah..”
Lukas 12:51
Ana
unen-unen minangka piwulang luhur saka para leluhur, dene unine unen-unen kuwi
mengkene, “CRAH agawe bubrah, Rukun Agawe Santosa”. Dene tegese unen-unen kuwi
mengkene, sapa lan apa wae sing CRAH utawa retak?benthet, mesti bakalane rusak
lan ora isa kanggo nggawe. Mulane yen kahanane CRAH, mesti ora apik kanggo
mbangun lan mangun urip bebarengan, sebab piwulang iki katujokake marang
kahanane wong urip bebarengan. CRAH uwi mungsuhe Rukun, mulane yen CRAH agawe
bubrah, rukun agawe santosa utawa apik ing samubarange.
Ana piwulang
Kitab Suci, yen dirasak-rasakake isa ndadekne bingung. Piwulang kuwi tinulis ana
ing Injil Lukas bab 12, ayat 51. Ing kana disebut yen rawuhe Gusti kuwi ora
nekakne Karukunan, ananging malah nekakne CRAH. Lho, kokisa kaya mengkene kuwi
piye larah-larahe? Tembung Kerukunan ana ing ayat 51 kuwi asline basa Yunani Eirene,
sing tegese ora mung (Bahasa Indonesia) Perdamaian utawa Damai, ananging isa
uga nduweni tegese rukun utawa kahanan sing selaras utawa harmonis. Dene sing
dikersakne Gusti ana ing Lukas 12 ayat 51, kuwi sejatine yen Gusti rawuh kuwi
isa ndadekne persepsi utawa “cara pandang” sing beda. Lan bab beda kuwi mesti
ing antarane apik lan ora apik, ing antarane padang lan peteng lan uga ing
antarane akeh lan sithik.
Mula saka
kuwi, tumrap sapa wae sing nampa kabar bab sing apik saka Gusti, durung mesti siji swara, sanadyan kuwi sakbrayat,
kuwi sing dikersakne Gusti Yesus lumantar pangandikane ing Lukas 12 ayat 51
iki. Lan sapa wae sing isa ngrasakne, mesti nate ngalami sing kaya mengkono
kuwi. Kayata, diajak mangkat ngibadah neng nggreja, durung mesti sakbrayat
sarujuk, mesti ana wae alesan kanggo ora sarujuk. Kuwi lumrah, lan kuwi sing
diarani “CRAH” manut Injil Lukas. Dene bab sing bener lan pener sing nedi, kuwi
mung kari “who” sing diwetokake saka pilihan-pilihan nanggepi timbalane Gusti,
isa wae ing sakjroning kahanan CRAH kuwi, kabeh metokake who sing apik.
“Cah…janjane
bab pisungsung prosepuluhan kuwi pada setuju apa ora ta?” Sore kuwi, nalika
bubar ngetokne kopi, Nduk I’in mbukani jejagongan neng Lincak sor Talok.
“Yen
manut kau ya ora In, pisungsung kok di peksa, pisungsung kuwi iklasing manah”,
Lik Ndoleng semaur.
“Iyo,
kuwi lak merga saka pelitmu ta Lik…mula ya ramathuk yen bab prosepuluhan
ditrapne neng greja” Nduk I’in sajak sewot.
“Lho,
lhaiya ta, jare piwulange Gusti kan kudu sing iklas” Lik Ndoleng gah kalah,
ngetokne otot-otot nggon gulune..
“Iklas
tapi yen ora murwat, piye jal?” Nduk I’in jik ngeyel, wegah kalah.
“Haha..apik
diskusine iki, lan iki nembe ngetrapne pangandikane Gusti, kaya sing tinulis
neng Lukas 12 ayat 51, yen rawuhe Gusti utawa piwulange Gusti kuwi ndadekne
CRAH. Lha iki bab pisungsung prosepuluhan, sakomah wae beda penemu. Yen aku ya
kudu, wong kuwi tinulis neng Kitab Suci, ning ya kudu iklas,aja kepeksa”.
Dalijo melu semaur, sakbare nyawang androite.
“Wah,
aku tetep ora mathuk cah..wong pisungsung kok dipathok..”Lik Ndoleng sajak
erosi, eh emosi..
“Kuwi
merga plitmu lik..”Nduk I’in ya jik ngeyel, lan kabeh nggambarke bab nampanei
pangandikane Gusti kuwi ndadekake CRAH.
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar